( oleh : N.H )
Miline banyu ana ati
Kabendung ana mripat
Murupe srengenge iki
Agawe ati njenggirat
Ora ngira ora nyana
Apa sliramu pancen wis cidra
Manise pangucapmu
Kanyata kuwi amung lamis
Ngelinana sira
Nalika jaman semana
Tresna lan kasih
Tansah nguri-uri
Terange rasa san saya ndadi
Apa merga raga ingkang sami
Apa ya kuwi kang njalari
Rasa tresnamu marang yayi
Yen ta mangkana
Becik wurungana kasih ira
Rasa tanora pantes tinutukna
Lelara bakal tinemu ing tresna
Aku lila, kang mas
Yen ta sliramu lunga
Tutukana tresnamu mring slirane
Pepujane atimu tan suwe
Tresna suci iki tan bakal rusuh
Yen ira bisa ngrumangsani
Jroning manah iki ya amung sliramu
priya sing paling tak puji
Apa sliramu tan ngrasa
Jembaring atiku hanyenyawang awakmu
Kang masku sing wis ora duweni pangrasa
Ilang tanpa aran playumu
Duh Gusti, paringana kekwatan
Ingsun boten saguh ngendem rasa
Pasrah kula mring kersanipun
Sedaya katitahanipun jembar ing tangan kula
Datan karo slirane
Legawaning ati bakal narima
Sedaya kabecikan Panjenengan
Dewa Asmaraning jagad
Tidak ada komentar:
Posting Komentar