Selasa, 09 Desember 2014

Generasi sing Nglirwakake Sholat lan padha nuruti Hawa Nepsu

Ing kalangane para ulama akeh sing padha suka syukur lan optimis dene generasi mudha jaman saiki padha kanthi ati suka lan rila nindakake rukun Islam, antara liya shalat, luwih-luwih shalat jum’at, kena diarani 60-80% isine mesjid nalika shalat Jum’at mau dumadi saka generasi mudha! Suka syukur lan opti­misme mau BENER, nanging penulis isih merlokake asung PEMUT : dipadha waspada marang godhane setan lan hawa nafsu, jalaran setan kepengin banget nyasarake kaum mudha mau, supaya ca­cahe wong sasar saya tambah!

Generasi mudha perlu mangerteni bab bebayane nglirwakake shalat, lan nuruti hawa nafsu. Sabda dhawuhe Gusti Allah marang Nabi Muhammad saw mengkene: “Ananging sapungkure dheweke (para nabi), (generasi mudha) panggantine padha anglirwakake shalat (menyia-yiakan shalat), lan nuruti hawa nafsu (pe­penginan ala), mula bakal padha nemahi sasar. Kejaba wong-wong sing padha tobat, pracaya lan tumindak utama. Dhe­weke bakal padha mlebu ing swarga lan ora bakal dianiaya sathithik-thika!” (Surat Maryam 19:59-60).

Sasar ! Sawijine tembung kang ARANG BANGET dienggo ing pasrawu­ngan; senajan semono akehe wong kang sasar ; semono akehe pemudha pemudhi kang sasar; senajan semono akehe papan maksiat sing nyasarake; senajan semono akehe wacan, tontonan, rembungan, tu­ladha, lan tumindak kang sasar!

Ing negara kita kang adhedhasar PANCASILA, apik ala, bener luput, wis genah kejaba diukur nganggo nalar, uga diukur nganggo ati; kejaba diukur ngang­go norma hukum positif, uga diukur nganggo norma agama. Pemerintah tiru-tiru carane bangsa-bangsa maju ing jagad, kanthi masang TANDHA-TANDHA LARANGAN LAN TANDHA-TANDHA PA­KON (suruhan) ing dalan-dalan. Maksude kanggo njaga keslametane bebrayan. Nanging emane dene dhasar pangeman lan tresna marang bangsa mau kok mung kandheg tekan semono! Saupama pe­merintah pusat, dhaerah utawa desa gelem gawe inisiatif masang plank tan­dha bebaya ing saubenge papan-papan maksiat, saiba becike. Upamane wae mengkene:

Sing saiki wis masang plank larangan, lagi ABRI. Apa conto lan tuladha sing dipraktekake ABRI iki ora luwih becik yen ditiru Pamong Praja lan Pamong Desa? Ditiru dening Jawatan Penerangan Aga­ma? Diconto dening Jawatan Penera­ngan? Diconto dening Jawatan Sosial? Diconto dening jawatan2 lan dinas2, kanthi sponsor saka perusahaan2?

Gusti Allah paring dhawuh kurang luwih wose supaya kita padha gelem elik-elik, ngelingake, (memberi peringatan). Pemut mau tumrape wong kang duwe iman, luwih-luwih kanggone wong kang taqwa, bakal nyegah dheweke saka sasar, lan nggugah atine supaya: bali mlaku ing dalan kang bener. Pemut mau uga ana maksude tumrap wong sing padha ora duwe iman. Maksude: yen ing pengadilan donya lan ing pengadilan akhirat dheweke ditakoni, apa ora dielikake, dheweke ora bisa selak; wangsulane: “kula sampun dipun emutaken. Kula sumerep pan­cen wonten plank ingkang isi pe­mut. “Lha kok ora mundur? “Kula nu­ruti bisikanipun setan lan nuruti pi­kajengipun hawa nafsu!” Wong-wong kang sasar mau ora bisa gawe-gawe, upa­mane matur: “Kula mboten ma­nger­tos yen punika lepat!”

Yen para panggedhene praja Rep. Indonesia, ya sing ing pusat, ya sing ing daerah, padha kagungan KEMAUAN (karep) kanggo MUJUDAKE PANCASILA sing tenanan, mesthine “TIDAK ADA KOMPROMI DENGAN IBLIS DAN SETAN!” Sebab iblis lan setan padha tansah NIN­DAKAKE SUBVERSI marang pelaksanaane Pancasila mau. Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine pembangkit keka­cauan ing babagan SARA (Suku, Agama, Ras, Antar Golongan). Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine liberalisme, kapitalisme, imperialisme, komunisme, anar­kisme, vandalisme lan sapiturute. Mu­la sakehe LAWANGE SETAN lan sakehe PAPAN KASUKAN SING DIRUBUNG IBLIS, luwih becik ditutup, supaya ora ndadek­ake POLUSI tumrap swasana pembangu­nan ruhani lan jasmani ing bebrayan PANCASILA mau.

Apa sebabe ?

Polusi ora mung nyilakakake wong-wong sing dudu Pancasilais, sing ora duwe iman, sing ora taqwa thok! Polusi mau uga nyilakani tumrap para generasi mudha sing saiki padha sregep shalat. Polusi mau ngracuni generasi mudha!

Mula kita yen meruhi taqwane gene­rasi mudha, ora cukup mung suka syukur lan optimis, nanging perlu waspada ma­rang sakehe bebaya, lan aja wigah-wigih ASUNG PEMUT ! Insya Allah kaparingan slamet! 



***



Tidak ada komentar:

Posting Komentar