Rabu, 03 Desember 2014

Waskitha Karana Taqwa | Purwaka


Kanthi asmane Gusti Allah Kang Maha Murah lan Maha Welas Asih.

Sedaya puji kagungane Gusti Allah, Rajaning alam sawegung.

Para maos ingkang minulya,

Sadurunge angaturake apa sing dadi wose buku iki, luwih dhisik penulis nyuwun pangaksama, dene kaduk wani nggunak­ake basa Jawa ngoko. Tumrap para maos sing nate ngalami jaman penjajahan, mes­thine kraos rada kaku, dene pasugatan sing ngrembug bab sing kegolong kawruh ka­sepuhan, kok ora migunakake basa krama. Wondene sebabe, generasi sawise jaman penjajahan akeh-akehe wis ora pati paham yen maos basa Jawa alus. Mangka ora se­thithik sing uga mbutuhake pangerten ba­bagan mau. Dadi amrih luwih jembar man­faate, penulis milih nggunakake basa Jawa ngoko. Mugi mboten kirang ing pamengku.

Para maos ingkang minulya,

Ing kalangane bebrayan Jawa, ora mung kaum tani dalah kaum dagang wae, nanging uga para pejabat, para karyawan, warga ABRI, malah iya kaum politik barang, akeh sing padha merlokake golek sesu­luh marang para sepuh sing dianggep uta­wa dipracaya ing KAWASKITHANE.

Apa sing dadi tujuwane?

Ana sing butuh bantuwan kanggo ngu­dhari reruwete, ana sing butuh pratikel kanggo nyegah tekane sambekala, ana sing butuh pituduh supaya lakune ora sa­sar, lan ana sing butuh tetimbangan supaya maksude sing dituju bisa digayuh kanthi slamet tanpa alangan sawiji apa.

Tumindak mengkono mau upama dilarang ya ora bisa, jalaran wis dadi sipat dhasare manungsa, kabeh-kabeh kepengin slamet, kepenak lan aja nganti ngalami re­kasa lan sengsara.

Para maos ingkang minulya,

Emane dene ana bab-bab sing umume padha dilirwakake, saora-orane bab-bab mau ora nganti dipikirake kanthi jembar, sing akibate bisa gawe karugen, bisa gawe karusakan, utawa kadosan. Bab apa wae? Yaiku: Sumber asale kawas­kithan mau saka endi, saka sapa lan tinampane wisik mawa proses sing kepriye?

Kejaba iku, para sedulur sing golek se­suluh saka kawaskithan mau, olehe mbu­ru keslametan, ora mesthi kanthi mlaku ing dalan kang slamet, yaiku: da­lan ketaqwaan.

Banjur kepriye?

Olehe golek sesuluh kena diibaratake kayadene wong sing tuku batterij (sen­tolop), sing ing kalangane para pengusaha lan dinas-dinas, ibarate kaya tuku jasa konsultasi. Sing dhuwite cukup, nganggep SESULUH KAWASKITHAN iku jasa kon­sultasi ghaib sing pantese ya kudu diregani miturut bobot jasane!

Para maos kang minulya,

Sikep mengkene iki kliru banget. Wong sing tumindake mengkene iki umume amar­ga saka budine sing banget mate­rialistise. Atine peteng, ora oleh NUR saka ngarsane Gusti Allah, jalaran ditutupi de­ning kawigatene marang kadonyan.

Para maos kang minulya,

Beda maneh karo wong sing duwe dhasar budi utama, apa maneh sing kulina nindakake ketaqwaan ing ngarsane Gusti Allah.

Ing atine senajan sethithik, ana krenteg kepengin kaya paraga sepuh sing disuwuni sesuluh. Kepengin niru lakune. Kepengin bisa dadi pangayomane kulawarga dalah bebrayan. Yaiku dadi pangayoman sing bisa gawe tentreme wong sing lagi goreh utawa bingung, bisa gawe padhange atine wong sing lagi kepetengan, bisa tetulung marang pepadha, samurwat karo apa sing ka­pa­ringake dening Gusti Allah.

Apa bisa?

Para maos kang minulya,

Kawaskithan iku DUDU asile pa­ngudi, nanging peparing sing tekane mawa sebab-sebab. Salah sijine se­bab yaiku LAKU TAQWA.

Dadi menawa ing antara kita ana sing kagungan krenteg kepengin oleh nugraha iku, dalane sing bener ya mung laku taqwa kaya sing wis dituladhani dening para andika Nabi lan Rasul Allah.

Para maos kang minulya,

Laku taqwa tumrap para sing angudi sucining dhiri lair lan batin, pokoke perlu proses:

LAKU WIWITAN : yaiku reresik dhiri.

LAKU BACUTE : yaiku mangun ke­taqwaan.

Mula buku sing ana asta panjenengan iki, sawise Purwaka lan andharan bab : 1. Apa sebabe kok ana wong sing weruh sadurunge kedadian? lan 2. Apa kuncine nyinau kebatinan Islam, para maos bakal lumebu ing persoalan:

1. Watak-watak lan laku-laku ne­gatif apa wae sing perlu kita resikake saka dhiri kita?

2. Laku apa wae sing perlu kita tindakake kanggo mangun ketaq­waan ing pribadi kita?

Ngelingi jinisi (type) kalangane para maos, penulis sengaja ngaturi pasugatan kang mardi marang subure jiwa agama (taqwa) lan jiwa sosial tumuju marang maujude kapribaden kang prawira lan kasucekake. Insya Allah yen apa kang kaaturake padha kersa ngagem, kita bakal padha klebu ing golongane titah kang beg­ja lan rahayu, ing donya lan akhirat.

Ing wasana bilih para maos mrangguli bab-bab kang kurang bener, tak suwun kersaa mbenerake. Yen ana keladuke atur, nyuwun pangapura lan matur nuwun dene panjenengan sami kersa paring kawigaten marang pasugatan iki.



Nuwun.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar