Laku lelorone aja dipertentangake.
Ing bebrayan ana wae wong-wong sing duwe penganggep yen laku nyepi iku “gawe-gawe” (mengada-ada) lan “ngluwihi wates”. Miturut wong-wong mau, luwih becik nindakake laku srawung wae, supaya bisa asung bekti kang sanyata marang sesame. Supaya bisa nindakake laku-laku kang sifate jamaah.
Penganggep mengkene iki, kena diarani “mempertentangkan” antarane laku srawung karo laku nyepi.
Mangka sejatine, laku srawung lan laku nyepi mau duwe fungsi dhewe-dhewe. Fungsine nyepi kanggo golek sangu; Dene fungsine srawung minangka cara kanggo nanjakake sangu iku.
Wong sing saben dina kejibah srawung terus-terusan, apa maneh yen srawung sing terus-terusan mau duwe sifat menehi pimpinan, suwe-suwe mesthi kentekan sangu kang wujud ilmu lan hikmah. Suwe-suwe bakal kentekan prabawa kang sifate ghaib. Suwe-suwe omongane bakal kurang mutune lan entheng bobote.
Mula kanggone wong-wong sing kejibah saben dinane menehi pimpinan marang wong akeh lan marang bebrayan, perlu nyedhiakake wektu kang khusus kanggo nindakake laku ndhewe.
Persoalan rutin sing rumusan pemecahane dianggep wis bener, amarga gelem nyepi, gelem maca buku-buku, lan amarga gelem nindakake pamikir kanthi jembar lan jero, ana kalane katon cetha klirune. Ing conto iki, nyepi kanthi acara maca buku-buku sarta mikir persoalan-persoalan kanthi jembar lan jero, fungsine dadi “rethinking” utawa re-evaluasi.
Awak kesel amarga kakehan tamu, pikiran jibeg amarga kakehan persoalan, lan ati kang kudu muntab wae amarga rumangsa kuwalahen, perlu diasokake. Ngaso awake, ngaso pikirane, lan ngaso atine. Cara kang becik kanggo nguculi bebandane pikiran, hawa nafsu lan setan, yaiku sarana nyepi, semedi. Pikiran lan akal digawe semeleh. Angen-angen lan engetan digawe semeleh. Panca driya lan hawa nafsu digawe semeleh. Bisane mengkene mesthi wae sarana latihan, saka sethithik, kanthi ajeg, lan kanthi sadhar. Ya ing kaanan kang sarwa semeleh mengkene iki, ati banjur kaadhepake (kaarahake) marang ngarsaNe Gusti Allah mligi. Insya Allah, yen ikhlas tenan, bakal kaparingan APA WAE, saka welas asihe Panjenenganne marang titahe. Minimal kaparingan ati kang tenang lan pikiran kang tumata.
Tumrap wong Islam, ana cara sederhana loro kang ora angel lakon-lakonane, sauger tumemen usahane:
1. Yen ngadhepi persoalan kang abot, utawa persoalan entheng kang terus-terusan, becike diunggahake ing ngarsane Gusti Allah; dikembalikan ke hariban Allah swt; kanthi nyuwun pituduh lan pimpinan saka Panjenengane.
2. Merlokake shalat 2 rakaat, banjur munajat, nyuwun pituduh lan pimpinan, pitulungan lan pangayoman saka ngarsane.
Bebayane laku srawung
Laku srawung kanggone wong kang nindakake agama, ngandhut niyat karana Allah swt, mawa cara-cara miturut pituduhe ajaran taqwa lan sinartan nahan hawa nafsu, supaya ora katut ing panggodhane setan. Amarga olehe srawung mau katindakake kanthi sadhar (bewust), mula ala becik, bener luput, tansah dikontrol dening pamikir kang landhep lan ati kang lantip.
Beda karo srawung kang “angger srawung” ngono wae. Kena diibaratake kaya dene wong kang mangan lan ngombe kang sarwa dhokoh; ngombe saka temune; mangan saka pethuke. Resik kotor, halal-haram, ora dipaelu; pokoke kalegan ing ati, katekan sing dikarepake!
Ya amarga srawunge sinartan pemikir lan pangrasa mau, mula banjur bisa weruh bebaya-bebayane laku srawung. Bebayane laku srawung bisa uga dirasakake wohe ing donya kene; nanging bisa uga ana sing akibate diundhuh uga ing alam akhirat.
Ing antarane maneka warna bebaya mau, sing perlu dadi kawigaten kita, antara liya mengkene:
1. Ngrasani liyan
Ngrasani iku “lezaat”. Ngrasani iku “nikmat”. Krasa abot yen arep nguwisi. Krasa alot yen arep medhot. Dosane ngrasani rinasa kadidene segara madu. Amarga diombyongi setan, sing satengu dadi sagajah, sing wantah malih dadi fitnah.
2. Pamer lan umuk
Yen ngrasani liyan iku sing katon “alane kana”, dene pamer lan umuk iku sing katon “apike kene”. Supaya tetandhingane katon luwih hebat, alane kana digedhekake, apike kene uga digedhekake. Dhalange si iblis.
3. Ketularan lan nularake pakulinan ala
Pakulinan ala luwih gampang nulare tinimbang pakulinan becik. Tular tinularan pakulinan ala tanpa rinasa weruh-weruh wis dadi kabudayan. Mula banjur dianggep lumrah.
Daftar bebayane srawung isih bisa ditambah akeh maneh. Nanging kanggo keperluwane tulisan iki minangka conto, apa kang katur ing dhuwur mau tak kira wis cukup. Sing dadi pokok persoalan, ngadhepi pasrawungan kang kaya mengkono gedhene bebayane, kita kudu kepriye? Wangsulane: kita wajib nibakake pamilih, apa srawung, apa ndhewe? Apa srawung, apa nyepi?
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar