Dewi Kunthi san
karanta-ranta mikirke anak-anake. Sakwise Kresna mati, dheweke keweden
mbayangke peperangan sing bakal kedadeyan.
“Kepriye aku bisa ngomong rasaning atiku marang peputraku? 'pikulana prahina!' becik kene ora usah njaluk bagiyane kerajaan lan adohi
peperangan. Apa ya peputraku gelem narima pikiranku sing nentang marang tradisi
ksatriya? Nanging kwalikane, apa sing diasilake teka pepatenan peperangan iku?
lan kebungahan sing kaya piye, sing dikarepna sakwise bangsa iki rusak? Kepriye
carane aku kudu ngadhepi kahanan iki?” bingunge olehe mikir dewi Kunthi.
Kabeh pitakonan njedhul lan raged manusat ing njroning
atine Dewi Kunthi,
“Kepriye anak-anakku bisa ngalahake kanthi cara
nggapukake saking jawata telung kekuwatane Bisma, Drona lan Karna?
Senapati-senapati perang sing durung nganti bisa dikalahna”.
“Saka ksatriya telu iku, menawa mahaguru Drona ora bakal
mateni anak-anakku, merga biyen muri-muride sing ditresnani. Yayi Bisma mesthi
ora ngarah tega mateni Pandawa. Nanging, Karna yaiku musuh bebuyutane Pandawa.
Dheweke kepengin banget nyenengake atine Duryodana, kanthi mateni peputraku
(Pandawa)”.
“Karna pinter banget anggone ngolah senjata perange. Ing
awang-awangku Karna perang nglawan peputraku,
karanta-ranta rasaning atiku. Yen kaya mengkono, wis wayahe aku nemuni Karna
lan ngandhani sapa dheweke sejatine. Kekarepanku sakwise ngerti, dheweke gelem
ninggalake Duryodana”.
Mangka Dewi
Kunthi banjur lunga methuki Karna. Tumuju ing pinggir kali Gangga, anggonane
Karna semedi ing saben dinane. Njanur gunung pancen, Karna katon lagi semedi,
ngadhep wetan, tangan lorone sendakep nyembah marang Sang Hyang Widdhi. Kanti
sabar Dewi Kunthi ngenteni Karna rampung anggone semedi. Pancen khusyuk banget olehe semedi, nganti ora ngrasa
yen clorote srengenge wis munggah tekan nduwur gegere.
Sakwise rampung anggone semedi, Karna ngadeg jegreg.
Banjur weruh, jebul Dewi Kunthi wis ngenteni ana mburine, pas ana sak ngisore sorote
surya. Dheweke enggal nyopot klambine
kanggo nutupi sirahe Dewi Kunthi marang panase surya. Karna ngira kanjeng ratu
Pandu iku wis suwe ngenteni. Dheweke rada bingung, apa tujuane marang tekane
ibu Pandawa kuwi?
Banjur dheweke takon, “Putra Adirata, sais kereta,
sembah padhuka, duh Ratu Kunthi. Menapa ingkang pikanthuk abdi kula maring
panjenengan?
“Ngertenana, Karna. Sabenere Adirata kuwi dudu
bapamu”, tuture Dewi Kunthi. Eluh san saya mrebes mili saka socane dewi Kunthi,
ngempet rasa sedih marang pangucape. Dewi Kunthi banjur nerusake, “Aja nganti
duweni pikiran yen awakmu keturunane sais kreta. Pancen, sliramu iku putra Bathara Surya, Dewa Srengenge.
Awakmu lair teka kandungan Pritha, putri bangsawan sing dikepang asma Kunthi.
Mugia awakmu pikantuk berkah keslametan lan kesejahteraan”.
Saking kagete keprungu omongane Dewi Kunthi, Karna banjur
mendel, ora saguh ngomong apa-apa.
Dewi Kunthi banjur nutukna omongane, “Sliramu
dilairake jangkep karo senjata suci lan anting-anting emas. Amarga sliramu ora
ngerti yen Pandawa iku sadulur sabiyungmu, sliramu dadi tangan tengene
Duryodana lan nisthani Pandawa. Urip nggantungna awak marang welas asihe peputra
Drastarasta iku ora patut kanggo awakmu.
Becik meluwa ana sajroning barisane Arjuna, ora liya
ya sadulurmu dhewe. Mangka awakmu bakal bisa mrentah kerajaan ing jagad iki. Restune
biyung kanggo awakmu lan Arjuna, mugiya bisa mbrantas kadurjanan, kaluputan lan
tumindhake Drastarasta sing ora adil. Sajroning donya iki mesthi bakal ngormati
awakmu lan Arjuna. Awakmu bakal disegani wong akeh, kayata Kresna lan Balarama”.
“Ing kahanan sing semrawut kaya saiki, wong kudu manut
marang nasihate wong tuwa kang nrisnani. Amarga kuwi kewajiban utamane anak”. Dewi
Kunthi negesna.
Nalika biyunge ngendika babagan kelairane, anehe
pangrasa tukul ing njroning atine Karna. Dheweke ngrasa Bathara Surya mbenerake
ucapane Dewi Kuthi. Nanging dheweke ngempet awak lan nganggep warta kuwi minangka
pacobane Bathara Surya marang kesetiyaan lan keteguhan atine. Tekade ora ngetokna
kelemahane, iku kanthi nguwatake atine sing atos, kanyata Karna bisa ngentas kekarepane
yaiku ngutamakna kepetingane dhewe marang Pandawa. Kanggo males tresnane marang
biyunge, dheweke banjur ngraketna Pandawa.
Mangka kanthi karantane ati kelawan kateguhane,
dheweke banjur matur,
“Biyung, biyung sampun mendhet sedaya hak kelairan
kula dados ksatriya kanthi mbuwang kula, bayi ingkang taksih suci lan mboten nggadahi
daya menapa-menapa wonten lepen. Kados pundhi tegelepun biyung? Lajeng menapa
sakmenika panjenengan ngendika babagan tugas kula dados ksatriya? Minangka panjenengan
piyambak mboten ngantos tresna kanthi tresnaning biyung marang kula, ngendhikanipun
menika hakipun saben puta kang lair ing donya. Tiyang sepah kewan mawon mangertosi
anggenipun mbucal anake, menapa panjenengan sampun nilar kula?”
“Menapa amargi panjenengan nguwatiraken sanget marang
nasib putra-putranipun ingkang sanes, lajeng panjengan nyariyosaken sedayanipun
dhumateng kula. Menapa sakmenika kula kedah nebihi marang kewajiban kula?
artosipun kula badhe nglarani badan kula, langkung sara saking menapa ingkang
dipuntindhakaken marang badan kula. Umpami sakmenika kula nggabung kalian
Pandawa, menapa gesangipun kula ing donya mboten pikantuk ukuman minangka
pengecut?”
“Laminipun kula dipun rawat dening putra-putranipun Drastarastra.
Kula dipun percadosi minangka dados sekutu ingkang setya. Kula utang budhi
marang tiyang sedaya, bondo lan
kehormatan ingkang kula gadahi menika kula angsal saking tiyang sedaya, nalika
perang arep pecah, kula mbela Kurawa. Lajeng kekarepan panjenengan inggih
menika supados kula ngelungke marang Kurawa, banjur nyebrang ing pihak pandawa.
Biyung, menapa panjenengan nyuwun kula supados ngulungake uyah saking weteng
kula?
“Putra-putranipun Drastrarastra nyawangake kula dados
jaminan kemenangan ing ndalem peperangan ngenjang. Ginema, biyung. Menapa
wonten ingkang langkung ina tiyang ingkang sampun nulung kita? Sumangga ngendhika,
menapa wonten ingkang langkung ina tiyang ingkang mboten ngertos mbales budhi?
Biyung ingkang kula tresnani, kula kedah mbayar utang kula, nadyan kalih nyawa
kula. Yen ta mboten, kula menika umpaminipun namung garong ingkang gesang
saking asil rampasan, ingkang laminipun ngantos kinten-kinten taun. Pancen kula
badhe migunaaken sedaya kekuwatan kula kangem mbalelani putra-putranipun
panjenengan ing ndalem perang sakmangke. Kula mboten badhe ngulungake
panjenengan lan kula piyambak. Pangapunten kula, biyung”, kandhane Karna kanthi
alus ananging tegas.
“Kados menika, kula mboten nate anyia-nyiaaken
panyuwunan biyung. Amarga, antawis kula lan Arjuna. Piyambakipun utawi kula kedah
pejah ing ndalem peperangan sakmangke. Biyung, kula janji mboten badhe mejahi
putra-putranipun ingkang sanes, mboten amarga tumindhakipun marang awak kula. Duh
biyungipun para ksatriya, putra panjenengan mboten bakal kalong, menika tetep jangkep
gangsal. Salah satunggalipun saking kita, kula lan Arjuna, bakal tetep gesang
ngantos rampungipun peperangan”.
Keprungu omongane Karna sing kaya mangkono neges
atine Dewi Kunthi san saya nelangsa, atine lan pikirane polah ora bisa dilereni.
Dheweke ora kwasa ngomong. Karna dirangkul dening biyunge kanthi tresna toja.
Atine lelara mbayangake anak kekarone bakal tanding, paten-patenan. Atine karanta-ranta
ndeleng keteguhane Karna ing ndalem nglakoni takdir uripe. Akhire dheweke lunga
ninggalna anake Bathara Surya kuwi tanpa guneman maneh.
*****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar