JENENGE sabenere yaiku Candhi Tara. Merga candhi iku dibangun kanggo ngurmati Dewi Tara. Nanging masyarakat luwih kenal kanthi sebutan Candhi Kalasan. Ya, merga candhi kang mapan ing Dusun Kalibening, Desa Tirtomartani. Iku mlebu kukuban Kecamatan Kalasan, Kabupaten Sleman. Ingga akeh kang nyebut candhi iku kanthi sebutan Candhi Kalasan. Candhi kang mapan ing kukuban Kalasan.
Candhi Kalasan iku minangka candhi Buddha paling tuwa ing kukuban Daerah Istimewa Yogyakarta lan Jawa Tengah. Wewangunan pangibadahan iki madeg taun 777 Saka utawa 778 Masehi. Luwih ndhisik menawa dibandhingake karo Candhi Borobudur kang kondhang iku. Candhi Borobudur taun 824 Masehi. Dadi Candhi Kalasan iku dibangun sak abad luwih ndhisik menawa dibandhingake karo Candhi Borobudur.
“Gampang nemokake Candhi Kalasan, sebab mapan ing pinggir dalan gedhe kang ngubungake Yogya-Solo,” critane Herlina, wisatawan saka Purwokerto marang PS durung suwe iki. Herlina, mahasiswa sawijining perguruan tinggi ing Purwokerto ngaku pancen seneng jelajah candhi kang pancen akeh ditemoake ing kukuban Kalasan lan Prambanan, ing Yogyakarta iki.
Candhi Kalasan iku mung udakara rong kilometer saka Candhi Prambanan. Ora adoh saka Candhi Kalasan uga ana candhi-candhi liya kaya ta Candhi Sari kang ora adoh saka Candhi Kalasan. Lan pada-pada minangka Candhi Buddha. Ora adoh saka papan iku ana Candhi Sambisari, kang minangka Candhi Hindhu. Ana Candhi Keraton Boko, Candhi Banyuniba lan sapanunggalane.
“Iki durung candhi-candhi kang mapan ing kukuban Prambanan Klaten, kang uga ana maneka candhi kang pantes ditiliki kaya ta Candhi Plaosan, Candhi Sewu, Candhi Merak, Candhi Karangnongko lan sapanunggalane?” panambahe Herlina mangenani akehe candhi ana ing kukuban Kalasan, Prambanan kang ana ing dhaerah perbatasan antarane Kabupaten Sleman lan Kabupaten Klaten.
Adedasar prasasti Kalasan kanthi angka taun 778 Masehi disebutake menawa Candhi Kalasan minangka wewangunan suci kanggo ngurmati Dewi Tara utawa Tarabhawana. Tara iku minangka figure suci wanita Buddha. Tara utawa Dewi Tara iku minangka pralambang kebebasan utawa kamardikan . Lambang wong kang kinasih.
Saliyane madeg kanggo ngurmati Dewi Tara. Candhi Kalasan uga dibangun kanggo menehi pakurmatan marang para pandhita Buddha. Dinuga candhi iku mbiyen minangka asrama kanggo para bhiksu utawa pendeta Buddha. Adhedhasar prasasti Kalasan iku dinuga wewangunan candhi dibangun dening Maharaja Tejapurnapana Panangkaran utawa Rakai Panangkaran saka Dinasti Syailendra.
Ana ing prasasti kanthi huruf Pre Nagari uga disebutake para guru sang raja iku kang njaluk marang sang maharaja supaya gelem gawe wewangunan suci kanggo Dewi Tara lengkap karo biarane minangka hadiah. Arkeolog Walanda Prof Johannes Gijsbertus (Hans) de Casparis nduweni tafsiran menawa wewangunan candhi iku dibangun bebarengan antarane umat Buddha lan Hindhu.
Sejarawan Walanda Van Rumond nduweni panemu menawa ing kukuban Candhi Kalasan sadurunge ana papan pangibadahan suci kang luwih tuwa dibandhingake karo Candhi Kalasan. Saka asil panaliten taun 1928 oleh dudutan menawa wewangunan suci iku nduweni ukuran 45 X 45 meter. Wewangunan candhi iku mbiyene tau ngalami renovasi kaping telu.
Candhi Unik

Candhi Kalasan kang endah
Candhi Kalasan iku candhi kang unik. Ing antarane, candhi iku nduweni maneka rerengan kang endah. Maneka ornament lan relief iku dilapisi sajinis semen kuno kang disebut Vajralepa. Semen kuno iku manfaate kanggo nglindhungi candhi saka lumut lan jamur, kang pancen bisa ngrusak watu.
Vajralepa uga kanggo ngalusake pahatan relief lan menehi efek werna keemasan ana ing candhi iku. Teknologi Vajralepa pranyata durung digunakake ana ing candhi kang dibangun sadurunge Candhi Kalasan. Ing Candhi Prambanan conthone, teknologi Vajralepa durung digunakake. Lagi digunakake nalika mbangun Candhi Kalasan lan Candhi Sari kang ora doh saka papan iku. Ana panemu menawa Candhi Kalasan lan Candhi Sari mbiyen-mbiyene sak kompleks utawa dadi siji.
Candhi Kalasan digunaake kanggo papan pangibadahan. Menawa Candhi Sari digunakake kanggo asrama para bhiksu utawa para pendeta Buddha. Saka wewangunan candhi Buddha kanthi cakrik Hindhu uga bisa oleh dudutan menawa jaman mbiyen sabenere kerukunan beragama wis ana ing bumi nuswantara. Merga Rakai Panangkaran kang mbangun candhi iku ngrasuk agama Hindhu.
Sang raja mbangun candhi kanthi corak Buddha merga kepengin menehi pisungsun kanggo garwa padmi kang asma Pramudya Wardani. Saliyane iku ing jaman wangsa Syailendra, akeh parampara keraton kang ngrasuk agama Buddha. Lan para kawula kang kang beda agama iku tansah urip rukun kanthi njunjung Bhinekka Tunggal Ika. Mangkono. (Hamid Nuri)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar