Acara Bende Becak Ing Desa Bonang
Bende becak menika kalebu salah satunggalipun acara taunan ing desa
Bonang, kecamatan Lasem, kabupaten Rembang. Ingkang dipun ngengeti saben
tanggal 10 Dzulhijjah utawi Besar. Bende becak menika uga kalebu tradisi taunan
kagem nglestantukaken budaya jawa ing Indonesia.
Tradisi menika ndandosaken pangengetan marang lamapahipun Sunan
Bonang ing dalem wahanipun nyebar agama Islam ing tanah jawa menika. Nalika
lelabuhan wonten ing desa Kemuning utawi desa Bonang. Rikala menika, nalika
penjenenganipun saweg ngasta marang murid-muridipun, wonten tiyang ingkang
reng-rengan becak utawi gendingan ririh ing sakngandapipun podok menika. Rumaos
kekanggu, Sunan Bonang sanalika uga banjur nyabda becak menika dados “Bende”
(gong, ingkang ukuranipun luwih alit). Lajeng para warga sami mersani, banjur
Sunan Bonang dawuh marang warga yen kedah nyucekaken utawi nyiram bende menika
saben taun, uga tansah dipun jaga lan rawat bende menika. Ngantos sakmenika
taksih dipun leksanakaken dening para warga khususipun desa Bonang.
Ing dalem ngleksanakaken tradisi menika kedah kanthi reruntutan
acara, inggih menika :
- Kawiwitan kanthi pengajian. Para warga uga tiyang ingkang sami rawuh menika sesarengan ngaji utawi haul wonten ing papan panggenanipun bende menika. Ing inggilipun saking Pasujudanipun Sunan Bonang, tepatipun wonten ing pendopo Sunan Bonang.
- Dipun lajengaken kanthi acara siraman. Bende menika dipun siram supados resik banjur dipun buntel kaliyan mori, ingkang jumlahipun pitung lembar. “Bende menika uga ndadosaken tetenger. Nalika ing desa Bonang badhe wonten musibah, Bende menika bakal muni (nyuwara) piyamabak tanpa wonten tiyang ingkang nabuh. Menika pancen tebih saking nalar, nanging menika kasunyatan. Maringi pratanda dumatengpara warga, supados siyap-siyaga marang kahananipun”. Menika tuturipun saking Mas’udah, salah satunggalipun warga desa Bonang. Rt.03, Rw.02.
- Lajeng acara dipun pungkasi, kaliyan bancakan utawa andum-rerebutan.
Para warga ingkang sampun rawuh, sedaya sami
rerebutan. Toya ingkang dipun ginakaken nyiram Bende menika banjur dipun
tadhongi, amarga piyambakipun mercados yen toya menika saged dipun ginakaken
tombo, uga morinipun. Lajeng rerebutan ajang (wadah kagem dhahar), sundhuk sate,
uga ketan kuning. Saderekipun percados yen sedaya menika bakal pikanthuk berkah.
Nanging satemipun sedaya menika namung ndadosaken wasilah (perantara) kemawon.
Lajeng panyuwunipun mboten kaliyan liyan, namung marang Guti Kang Welas Asih inggih menika
Allah SWT.
https://cbfmrembang.wordpress.com/2011/11/08/penjamasan-bende-becak-ritual-kebudayaan-masyarakat-bonang/
https://cbfmrembang.wordpress.com/2011/11/08/penjamasan-bende-becak-ritual-kebudayaan-masyarakat-bonang/
Tidak ada komentar:
Komentar baru tidak diizinkan.