Kamis, 04 Desember 2014

Unggah-ungguh

 Nampa Tamu
Suryane jagad saka wetan wus nyoroti jendela kamare Naiya, banjur nyeret mripate sing isih rapet. Swara aneh sing wis ora asing uga ganggu marang tanege kupinge, ora liya ya bakul donat. Sing biyasa mider ning ngarep kose. Naiya enggal mentas saka ngimpine. Sanalika pikirane disamber marang tumpukane tugas-tugas kuliyah, sing okehe meh segunung. Naiya yaiku salah sawijine mahasiswa Unnes, jurusan bahasa Jawa Semester 2.
Dheweke banjur nyegerna raine karo agunge banyu. Pandhelengane banjur mbukak byak. Disawang, kamare kebak marang wernane barang, sing pating dleser mrana-mrene. Kelingan marang polahe kala wengi.
Sapu lan sulak banjur dicandhak, kamare diresiki. Pancen dina kuwi wis didhawuhi marang bu dhe ne, yen arep dolan. Ora suwe nalika ngresiki kamar, telepon muni, yen bu dhe ne meh wae tekan. Dheweke bingung, gaweyan ya durung rampung.
Ing batine nggremeng “Ya, kepiye mengku yen bu dhe meruhi, marang kahan sing kaya ngene? Banjur apa sing tak suguhke? mesthine badanipun sayah maring perjalanan. Duhh, piye ta? Bisa-bisane aku karipan. Mesthine bakal diseneni mengko”. Karo mikir sing ora-ora, teka njaba ana swara wong nuthuk gerbang banjur uluk salam bola-bali.
    “Assalamu’alaikum....”
Naiya enggal mlaku pecit saka kamar tumuju gerbang.
    “Wa’alaikumsalam....” gerbang banjur dibukak. Kaget, jebul bu dhe ne wis ning ngarepe.
   “Suwe temen ta, nduk. Ngapa wae ngono lho?” pitakone gemes karo ponakane.
   “Nyuwun pangapunten bu dhe, kala wau kula saweg resik-resik kamar.” Semaure Naiya kanthi nyucup tangan tengen bu dhe ne.
     “Mangga pinarak, bu dhe.”
Naiya banjur ngiring bu dhe ne tumuju kamar. Kanthi ati lap-lapan marang kahanan kamare.
   “Yahmene kok lagi resik-resik kuwi, lha mau ngapa wae? Aja ngomong yen lagi tangi?”
      “Hehe.” Dheweke mung bisa semaur kanthi mringis.
   “Hlo, prawan yahmene kok lagi tangi kuwi. Mau bengi karipan apa?!”
       “Hmm, menika nglembur tugas, bu dhe.” Semaure kanthi lirih.
Naiya banjur bukak lawang kamare, jebul wis katon resik tur rapi.
        “Mangga pinarak, bu dhe.” Minarakna maneh bu dhe ne ana ing kamar, (“Untung gaweyanku wis rampung.” hihihi”) ucape ana ati karo mringis.
      “Lha mbok kaya ngene, cah wadon kuwi kamare ya kudu rapi.” Ature marang ponakan wadone, banjur nyawang,
     “ya ngapa kuwe kok mringis, nduk? Kesambet apa?” pitakone karo bingung.
     “Mboten, bu dhe. Remen kemawon bu dhe tilik ngriki, amargi sampun lami anggenipun kula kepanggih bu dhe. Dados kula kangen, uga maring ibu-bapak ingkang tebih.” Cekete olehe mikir, anggone wangsulan marang pitakone bu dhe ne.
      “Owala, ngono ta? Ya sepurane wae bu dhe jarang-jarang dolan mrene. Amarga ya wis ngerti kesibukane bu dhe saiki kaya ngapa. Tur maneh, pesenan jaitan saiki san saya rame. Bu dhe mono ya kangen pengen ngerti kahananmu kepiye, mulane bu dhe tilik mrene. Nanging bisane paling sewulan pindo yen rak ping papat, nduk.”
      “Inggih bu dhe, mboten menapa-menapa kok. Padhamelanipun bu dhe menika ingkang utama. Kula uga dereng saged dolan wonten dalemipun bu dhe.” banjur nyuguhi unjukan marang bu dhe ne. “Nanging, samenika kangenipun nggih sampun ditambani, ta? Hehe.”
         “Iya, nduk. Banjur piye kuliyahmu?”
     “Alhamdulilah.. lancar bu dhe. Nanging menika taksih kathah sanget tugasipun.”
     “O.. yawis enggal dirampungna. Kuliyah sing tenanan ya nduk, supaya mbesuk dadi wong sukses. Lan bisa nanting wong tuwa uga adhi-adhimu.”
       “Inggih, amiin. Nyuwun dongane kemawon, bu dhe.”
       “Iya mesthi, nduk.” Kanthi nyemangati ponakane.
Saka tase bu dhe ne, nyeru swarane telepon. Enggal di tampa dening bu dhe ne. Jebul kuwi saka wong ngomah.
      “Nduk, bu dhe pamit sik, ya. Iki ana kabar yen wis dienteni tamu, je.” Ature sak wise nampa telepon.
     “O.. inggih, bu dhe. Nanging, sajakipun kula tasih pangen cariyosan kaliyan bu dhe.” Sumaure Naiya kanthi rasa kuciwa.
     “Wuala, ya kapan-kapan wae yen bu dhe mrene maneh. Apa ya awakmu sing dolan ning daleme bu dhe.”
        “Inggih, bu dhe. Yen sempet kula bakal dolan ngrika.”
      “Yawis, bu dhe pamit sik, ya?” mlaku metu karo diiringi ponakane.
     “Inggih, bu dhe. Sepuntene kula mboten saged maringi suguhan menapa-menapa, namung unjukan kemawon. Amargi kala wau sampun kepepet kok, bu dhe. Hehe.”
   “Iya, halah.. ora papa, nduk. Bu dhe ya ora ngarepna apa-apa. Wis ngerti kahananmu kaya ngene wae wis seneng.”
     “Hmhmm, matur suwun bu dhe.” Banjur nyucup tangan tengen bu dhe ne kaya nalika ketemu mau.
     “Iya, Jaga awakmu, aja telat maeme, kuliyah sing tenanan. Wis ya, bu dhe balik disik.”
     “Assalamu’alaikum....” banjur nyetater motore.
  “Inggih, bu dhe. Wa’alaikumsalam.. titip salam kagem pak dhe kaliyan adik nggih, bu dhe. Atos-atos kemawon.”
    “Iya, nduk.” Karo nglakokna motore.
Naiya banjur dada (ngawe-awe) marang bu dhe ne, karo nyawang playone motor nganthi ora katon saka pandelengane.


_(N.H)



Saking cerkak menika, saged dipun kawruhi tata cara unggah-ungguh mertamu menika :

  • Ampun ngantos dangu anggenipun mbikak lawang, utawi tamunipun enggal dipun lebetaken sahingga piyambakipun mboten kedangu anggenipun nenggo.
  • Menawi dipun salami inggih dipun wangsuli salam.
  • Lajeng enggal dipun pinarakaken.
  • Yen gadahi sugatan nggih dipun sugati (jajan, unjukan, lsp)
  • Nalika wicantenan kedahipun ngagem unggah-ungguhipun basa ingkang sae uga trep (basa krama)
  • Yen tiyang sepah menika nalika wicantenan kaliyan tiyang ingkang luwih muda basanipun inggih menika ngagem basa ngoko.
  • Semanten ugi yen tiyang muda menika nalika wicantenan kaliyan tiyang sepah becikipun  ngagem basa krama.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar