Raden Kumbakarna
Sawijine patih kang diduweni dening Prabu Harjuna Sasrabahu. Patih kang bisa dadi tuladha tumrap para prajurit. Tuladha kanggo njaga tata tentreme negara lan bangsa. Kang kabeh iku ora darbe karep liya saliyane kanggo njaga katentremane bangsa lan negara ing Maespati. Kaprawirane patih Suwanda iki kawentar banget. Awit dheweke minangka patih nduweni kaluwihan dhewe tinimbang liyane. Kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladya, duk ing ngunicaritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.”
Ing serat Tripama iku diandharane yen ta patih kang aran Suwanda iki nduweni sipat gelem nglabuhi bangsa lan negarane kanthi telung prekara, yaiku guna utawa luwih trepe nduweni kapinteran kang bisa digunakake kanggo nata negara Maespati supaya dadi negara kang luhur lan uripe rakyate ayem tentrem. Kapindho yaiku sugih bab akal lan pikiran. Karepe, patih Suwanda bisa ngeluwari sakabehing reribete kerajaan Maespati nalikane ana prekara kang tumungkul sajrone negara kanthi cara kang becik. Banjur kang pungkasan yaiku gelem utawa purun nglakoni apa wae prentahe rajane kanggo kamulyane bangsa lan negarane saka reribet negara manca. Uga malah dheweke bela negarane tumekane pati. Kabeh iku ginambar kaya ing cuplikan ing ngisor iki:
“Lire lalabuhan triprakawis, guna bisa sanes kareng karya, binudi dadya unggule, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.”
Paraga Kumbakarna
Sumantri
Paraga kaloro yaiku jenenge Kumbakarna. Paraga raksesa saka negara Alengka kang misuwur minangka negara kang sugih lan ora kekurangan apa-apa. Emane, raja kang kuwasa neng Alengka yaiku prabu Dasamuka utawa Rahwana raja kang kondhang wengis marang rakayate. Tumindak sapenak udele dhewe. Nduweni adhi cacahe 3 yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kang kabeh saka patang sedulur iki awujud buta. Nanging siji kang sipate terkadhang kaya manungsa lumrah yaiku Gunawan Wibisana.
Ing ngisor iki bakal diandharake kepriye sifat nasionalismene Kumbakarana saka trah raseksa kaya kang kacuplik ing serat Tripama iki:
“Wonten malih tuladan prayogi, satriya guna nagri ing Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk wiwit prang Ngalengka, dennya darbe atur, Mring raka amrih raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.”
Paraga Kumbakarna ing kene minangka paraga kang dadi punjere analisis. Jalaran dheweke nduweni sifat nasionalisme. Sifat mikul dhuwur mendhem njero marang negarane. Nalikane Prabu Rama nyerang negara Alengka jalaran garwane kang asmane Dewi Sinta diculik dening kakange ora liya Prabu Dasamuka. Kumbakarana kang nalikane iku lagi turu kapati kepeksa ginugah dening sadhengah prajurit supaya mbiyantu anane reruwete negara ing Alengka supaya mendhung kang nggembuleng ing Alengka enggal-enggal kawiyak. Nalikane ngerteni udrege prekara saka pokal gawene kang mase kang nggawa mlayu kanthi peksan garwane prabu Rama yaiku Dewi Sinta, Kumbakarna sajake gela. Jalaran mung gara-gara wanita saiki Alengka ora bisa ngrasakake ayem tentrem kaya sadurunge. Senajan ta sejatine uga ora tentrem merga polahe para panggedhene sing sawiyah-wiyah marang rakyate mau.
Nanging, sawise ditlesih maneh lan dipikir kanthi premati uga Rahwana ora kena dielingake maneh supaya ora nerusake perang. Jalaran perang iku akeh sisi negatife tinimbang positife. Nanging Rahwana isih kukuh marang karepe yaiku kepengin ngobrak-abrik pasukan wanara kang dipimpin dening Anoman. Wekasane Kumbakarna minangka satriya utama kang luwih nengenake mbela negarane saka amukane wanara ya ora dadak ngenteni prentahe Rahwana kaping pindho, banjur langsung tumuju ing palagan paperangan. Niyat kang digawa dudu mbelani kesalahane Rahwana, nanging kanggo njaga keamanane wewengkon Alengka saka gangguan njaba yaiku serangane pasukan wanara utawa kethek.
Kaya dene cuplikan ing ngisor iki:
“Kumbakarna kinon mansah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datana sujud, amung cipta labuh nagari, lan noleh yayah rena nyang leluhuripun, wus mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana.”
Adipati Karna
Adipati Karna satriya ing Awangga kang tunggal ibu (Kunthi) seje bapa yaiku dewa Surya karo Pandhawa. Adipati Karna luwih milih mbela Prabu Duryudana saka Kurawa nalikane perang barayudha mengkone tinimbang dadi siji kelawan para adhine yaiku Pandhawa.
“Wonten malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina kinarya gul agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.”
Sajrone prang Baratayudha mengko Adipati Karna kadhapuk minangka senopatine perang ing palagan paperangan. Kang tegese adipati Karna kudu memusuhan karo para adhine yaiku Pandhawa. Jalaran dheweke ngrasa Prabu Duryana iku nduweni jasa tumrap uripe. Kang wis menehi pangkat, drajad, aweh bandha donya lan gelem nampa dheweke apa anane. Saka alesan kang kaya mangkono iku mau adipati Karna bakal aweh piwales yaiku bakal mbiyantu marang Hastina nalikane prang Baratayudha pacah.
Saliyane iku Karna luwih milih Hastina tinimbang Amarta jalaran awit cilik tumekane wis dadi Adipati ya urip ing negara Hastinapura dudu Amarta. Kanthi lelandhesan kang kaya mangkono mau banjur Karna bakal mati-matian kanggo njaga katentremane Hastinapura saka reridhun kang ana. Karna minangka satriya utama ora gampang nglalekake jasane wong kang wis mbiyantu ing uripe. Saliyane iku Karna uga minangka warga saka Hastina dadi uga gelem mbiyantu yen ana reribet kaya mangkono. Kang wekasane uga Karna tiwas ing palagan kanthi terhormat. Tiwas mbela negarane lan dadi satriya utama.
“Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikantuk, marga denya arsa males sih-ira Sang Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.”
Saka katelu conto paraga wayang kasebut yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna iki minangka potret kanggone para manungsa kang isih urip ing alam donya lan manggon sacara resmi kudune nduweni pikiran kang kaya mangkono iku. jalaran sakabehing tumindak iku kudu nduweni niyat kang becik. yaiku kanggo njaga tata tentreme negarane saka sakabehing reridhu. Ora mikirake keperluane pribadhi wae. Minangka warga kang becik kudune bisa njaga bebarengan keamanane bangsa lan negarane.
Nasionalisme Sajroning Serat Tripama
Sawise maca lan ngerteni apa kang kinandhut sajroning serat Tripama, panulis ngerteni jebul kang dikarepake ing serat Tripama iki mbabar ngenani jiwa nasionalisme saka tokoh-tokoh pewayangan kaya dene paraga Suwanda, Kumbakarana lan Adipati Karna.
Nasionalisme ing Jaman saiki
Potret nasionalisme ing jaman saiki wujude beda kelawan crita wayang kaya wis kang diandharake ing sajrone serat Tripama ing ndhuwur. Nanging mbok kaya mangkonoa bab wujude nasionalisme kang beda isih tetep bisa diwiyak ing satengahe bebrayan ing Indonesia.jalaran wijud saka nasionalisme dhewe iku ora mung kanggo pertahanan bangsa lan negara wae. Isih akeh liyane kaya dene “cinta produk dalam negeri”. Kanthi cara kang kaya mangekene iki sejatine uga wis mertandhakake yen ta sejatine pawongan iki isih nduweni rasa nasionalisme. Jalaran dheweke isih dhemen marang asil-asil prodhuksi negarane dhewe, dudu ngagung-ngagungake prodhuke negara manca. Kang terkadhang luwih parah maneh yaiku luwih mbela negara manca tinimbang negarane dhewe kang sasuwene iki wis aweh papan, rejeki lsp.
Kaya katelu tuladha ing ndhuwur, sejatine saiki uga isih ana. Kaya dene pasukan tentara kang njaga ing tapel wates kang kadhang kala isih ana udreg wae kara negara manca. Dene sifat-sifat nasionalisme iku mau wis ora ana ing pribadhi saka tentara-tentara iku wis ora mungkin maneh bakal gelem njaga tapel wates. Awit iku pancen tugase minangka tentara lan uga tugase minangka warga negara kang kudu njaga katentremane bangsa lan negara saka gangguan negara manca.
Emane, sifat-sifat kang kaya mangkono iku sajake saperangan saka masyarakat Indonesia sifat nasionalismene wis surut. Jalaran anane jaman globalisasi kang kanthi kepenak negara manca bisa mlebu metu wewengkon utawa negara Indonesia aweh iming-iming arupa barang kang luwih apik lan dhuwit. Saengga ora mokal yen ta saperangan warga Indonesia uga katut karo iline banyu globalisasi. Tuladhane wae ing bab politik lan para panggedhe kang manggon ing gedhung kang magrong-magrong ing pusate pamarentahan.
Saiki kayae sifat nasionalisme iku dudu kanggo bangsa lan negarane. Nanging uga wis ana kapreluwan liya yaiku kanggo mulyakake awake dhewe.
kaya dene kasus-kasuse Gayus sing ora enggal-enggal rampung lan malah mbrebes mili teka ngendi-endi. Sajake para pangedhe -panggedhe luwih milih ndebatake tinimbang ngrampungake prekara -prekarane gayus. Mung mandheg ing obrolan-obrolan wae. Nanging kasunyatan kang ana sasuwene iki mung udreg wae tanpa kajelasan kang mirunggan. Iki minangka bukti ye ta sejatine ngono sifat nasionalisme saka saperangan warga Indonesia wis saya surut awit pengin nylametake pribadhi dudu kanggo ayem tentreme bangsa lan negara. Coba yen ta mikire kanggo ayen bangsa lan negara, kasus kaya Gayus iku ora bakal kedawa-dawa kaya mnagkene. Malahan saiki durung ana kejelasan ketuntasane malah kaya-kaya kasuse gayus iku ngabar ngono wae.
Saliyane iku surute sifat nasionalisme saka warga jalaran kurang makmure panguripane. Coba wae dititi priksa kaya anane kasus nyolong wesi sepur. Kang bisa nyebabake sepur nggoling lan ndadekake kurban kang cacahe uga ora sethithik. Tumindak kaya mengkene iku ora nuduhake sifat nasionalisme jalaran dheweke “ngamanake” samubarang dudu kanggo bangsa lan negara nanging kanggo dhiri pribadhi kang wekasane malah nuwuhake bencana kang gedhe rak kojur ngene iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar