Pangkur dipun wujudaken kagem
lelabuhanipun marang tiyang gesang. Tumindhak ala lan becik menika prayoganipun
kedah dipun mangertosi saking kebiyasaan. Lan saking kebiyasaan menika kita
saged ningali watekipun, kamangka tata krama dipun estokaken saben siyang dumugi
wengi kagem njaga marang kebiyasaan ingkang mboten sae.
Wonten sekawan perkawis ingkang saged
dipun dadosaken waton, inggih menika :
- Deduga, tegesipun saderengipun tumindhak menika kedah dipun etang. Dados, sakderengipun tumindhak menika kita kedah dipun etang kanthi mateng-mateng rumiyin, supados mboten getun ing wingkingipun.
- Prayoga, tegesipun becik-alanipun kedah dipun etang. Dados, sakderengipun tumindhak menika kita uga kedah dipun etang rumiyin marang becik lan alanipun, supados mboten wonten ingkang dipun rugekaken.
- Watara, tegesipun pikiranipun kedah dipun mantepaken. Dados, sakderengipun tumindhak utawi maringi keputusan menika kedah dipun etang kanthi mateng-mateng rumiyin, sahingga mboten klentu anggenipun maringi keputusan.
- Reringan, tegesipun ampun maringi keputusan, yen dereng wonten kemantepan marang keputusanipun. Dados, nalika mutusaken perkawis ampun sepindah-pindah lajeng dipun putusaken, yen dereng wonten kemantepan ing atinipun. Sahingga mboten wonten klentunipun uga ingkang dipun rugekaken.
Menika
satemenipun lelengkap ingkang mboten angsal dipun tinggalaken saking kebiyasaan
utawi tumindhakipun. Menawi menika saweg manjing menapa lenggah, menawi saweg
micara menapa mendel, menika kedah kanthi panduga-duga (deduga) uga ampun ngantos
kesupen. Lan nalika arep tumindhak
marang samubarang karya, ing dalem perkawis ageng menapa alit, sekawan perkawis
menika ampun ngantos kentun, kagem tumindhak saben dintenipun maring siyang ngantos
wengi, ing kutha menapa ing dhusun.
Dumateng Sedaya ingkang gesang, sekawan perkawis menika ampun ngantos kesupen. Yen ta wonten manungsa ingkang mboten anyinggahi marang ‘deduga’ lan ‘prayogi’, menika watonipun boten angsal dipun tilar, amargi menika tiyang ingkang ngrugi. Mangka nalika kita kepanggih utawi sesarengan kaliyan tiyang kathah, nanging menika tiyang degsura utawi ndaludur boten mangertosi ing dur(prahara), menika ampun ngantos dipun srawungi, amargi boten kaleksanan tetiwasanipun.
Pancen menika sampun watekipun
manungsa. Dados nalika kepanggih saknalika tumindhakipun utawi antengipun,
saking solah micaranipun menika saged dipun tengeri, menapa menika tiyang
ingkang wasis lan mboten, uga tiyang ingkang sugih lan tiyang ingkang sudra
papa (mlarat). Menika kasunyatanipun manungsa.
Wonten ugi tetengeranipun maring solah micara, lan malih maring lakunipun utawi adi cara lenggahipun, menika panengeranipun, mangka para sesepuh menika pancen awas ing lakunipun, sahingga panjenenganipun saget setiti lan ngati-ati. Lajen dipun latih saben dinanipun, kanthi pengetahuan maring babagan bahasa ingkang sae, marang tiyang ingkang pinter micara (jubriya-kibiripun). Namung sedaya asilipun menika kedah kanthi pasrah lan ngandelaken maring kersanipun Hyang Agung, saking pangucap sirik ingkang dipun kersaake, utaminipun kedah njaga marang wewadi.
Wonten ugi perkara ingkang kedah
dipun dohi amarga menika kalebu tumindak ingkang ala. Perkaranipun wonten 6,
inggih menika :
- Lunyu, tegesipun plin-plan utawi mlenca-mlence ing ulate. Tegesipun dados tiyang menika kedah dipun jaga ulatipun, yen mucap menika kedah kanthi kanthi tumindhakipun, ampun plin-plan utawi mlenca-mlence, menika supados dipun dipun percados dening liyan.
- Lemer, tegesipun kepinginan utawi iri marang gadahipun liyan. Tegesipun dados tiyang menika ampun gampil meri (kepengenan) marang gadahipun liyan. Amarga menika ingkang dadosaken kufur marang nikmatipun Gusthi.
- Genjah, tegesipun cecakan utawi gampang mutungan.
- Angrong pasanakan, tegesipun remen ngrebut gadahanipun liyan.
- Nyumur gumuling, tegesipun ember utawi tukang gosip ing nggon-nggonipun.
- Ambuntut arit, tegesipun apik ing ngarepe nanging ing mburine (menusuk dari belakang).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar