Senin, 08 Desember 2014

Sedulur Papat Kalima Pancer

Putra: Ing bebrayan Jawi duk ing uni, wonten kapitadosan bab sedulur papat kelima pancer. Punika sejatosipun ka­dos­pundi Rama?

Rama : Kapracayan iku ing negara Landa, Jepang, Arab apadene Cina, ora ana.Kapra­cayan iku ing Aceh, Bengkulu, Kalimantan, Sulawesi lan Timor uga ora ana. Anane mung ing bebrayan Jawa. Kuwi wae mung ing Jawa Tengah. Asal usule kepriye, ora ana dongenge. Ora ana critane, lan ora ana sejarahe. Rembug bab sedulur papat kelima pancer mung winates ing wasiate para sepuh supaya duwe kajat, sedulur papat kelima pancer iku disebut. Maksude su­paya dipepetri, amrih gelema mbantu yen ana gawe parigawe. Sukur yen bisa, saben arep mapan turu, arep angkat nyambutgawe, arep lelungan lan sapiturute, supaya sedulur papat kelima pancer iku dijaluki bantuwa­ne njaga keslametan kita. Kabeh iku mak­sude apik, yaiku golek keslametan lair ba­tin.

Putra: Kok lajeng nyebat mekaten puni­ka, punapa sebabipun?

Rama : Kaya sing wistak terangake, ora ana keterangan sing luwih jembar katimbang wasiat iku. Wasiat tanpa komentar. Mula anane mung tafsir utawa pangira-ira sejatine iku apa.

Putra: Manawi kepareng mbok inggih kula kaparingana keterangan.

Rama : Tafsir nomer siji :

Sedulur papat iku ora liya malaikat loro sing tansah mbarengi manungsa perlu nya­thet sikep lan tingkah lakune. Sing loro maneh malaikat sing ngemongi lan menehi pepeling yen pancen perlu. Malaikat-malaikat iku gi­lir gumanti nindakake tugas. Dadi ora malaikat menetap. Mula tuhu ora bener yen ana tembung “malaikate dhewe-dhewe”. Malaikat iku petugas. Petugas gaib saka krajanE Gusti Allah. Dudu bagiane dhirine manungsa. Dudu dayane manungsa.

Tafsir nomer loro :

Sedulur papat iku pancen wujud titah gaib sing padha bebarengan njaga keslametane manungsa. Titah iku ora cetha kepriye wu­jude. Padha pasip yen manungsane pasip, ora gelem memetri dheweke. Mula ing kalo­dhangan apa wae sabisa-bisa kudu tansah dielingi anane lan hadlire, sukur2 disebut lan dijaluki pangreksane.

Putra: Punapa Rama nate mraktekaken wasiatipun para leluhur punika? Lajeng ha­silipun kadospundi?

Rama : Nalika jaman nomku pancen aku sering nyebut ngono iku. Nanging rehning antarane nyebut lan ora anyebut tak titeni kok ora ana bedane, teges tetep kaparingana slamet, mula akhire aku ya ora nyebut-nyebut maneh. Aku dadi saya ora duwe semangat maneh nyebut ngono iku, bareng aku maca Serat Sasangka Jati, isine dudu sedulur papat kelima pancer, nanging sedulur pitu, kang lair bareng sedina. Dumadi saka :
  1. Lauaman
  2. Amarah
  3. Supiyah
  4. Mutmainah
  5. Pangaribawa
  6. Prabawa lan
  7. Kemayan
Nomer 1 nganti 4 arane nafsu. Basane Arab. Asale saka Islam. Dadi cetha yen dudu wasiate leluhur kaya singwis kita rem­bug mau, yaiku sedulur papat kelima pancer. Mula kena diarani wulangan anyar utawa kapracayan anyar.

Putra: Lajeng ingkang tiga kados pundi?

Rama : Pangaribawa kang asale saka getihe ibu kang tumuju marang pusere bayi, aluse ing angen2. Prabawa makarti nalika ibu­ne bayi ngeden utawa uwat, aluse Prabawa nunggal ana angen2. Kemayan kang wujud jantung, aluse nunggal dadi angen2. Panga­ribawa, prabawa lan kemayan iku sejatine ayang-ayangane Tripurusa ya ingsune ma­nungsa kang minangka akune manungsa.

Putra : Kula dados mboten saged ma­hami sedaya punika.

Rama : Ora nggumunake. Jalaran aku dhewe uga ora bisa mahami. Kira-kira wae kabeh sing diadharake iku sipate gaib, lan yen kepengin weruh kasunyatane, ya kudu nama pemahaman mawa cara gaib. La sing mengkono iku aku rumangsa ora kuwagang.

Putra: Babagan gaib punika punapa mes­thi kedah kepahamane sarana margi gaib? Kinten kula mboten sedaya babagan gaib ke­dah mekaten. Ingkang mutlak kedah medal margi gaib pancen wonten, kados ta ma­hami bab Gusti Allah, bab malaikat lan sapanunggilanipun. Purun mboten pu­run kedah medal jalur wahyu, inggih punika mahami lelantaran wahyu2 ing Al Qur’an lan Hadits. Nanging gaib ingkang kalebat entheng, rak saged kaudi mawi margi anes. Bab sedherek sekawan kalima pancer, punika saged dipuncobi dipunpahami mawi nalar katambahan mawi semedi.

Rama : Kepriye yen miturut nalarmu?

Putra : Kula matur bab sedulur pitu ke­mawon. Ingkang sekawan cetha punika hawa nafsu. Mangka hawa nafsu pranyata mboten namung sekawan, nanging kalih welas. Ing ngriki sampun ketingal bab kirang jang­keping data tumraping paraga ingkang yasa rumus sedulur papat ingkang wujud nafsu punika. Ingkang tiga, asal saking ajaran Tri­purusa. Bab Tripurusa ingkang ngandhut unsur Nur Muhammad, cetha yen punika klebet titah, ingkang ateges sedaya ingkang manjing ing angen2 punika titah, sanes ingkang sagedipun nguwaosi lan mra­nata hawa nafsu, alam pikiran lan alam manah.

Rama : kena wae kowe duwe panemu kaya mengkono. Nanging kang mengkono iku aja kok anggep wis final.

Putra : Maksudipun Rama kadospundi?

Rama : Kita minangka titah sing ora sam­purna, aja nganti duwe panemu yen wohing penalaran kita iku wisbener 100%. Jalaran bener miturut nalar, durung mesthi be­ner miturut Gusti Kang akarya Jagad. Mula luwih wicaksana yen kita tansah am­buka dhiri kanggo nampa panemu­ning liyan yen panemuning liyan iku pan­cen luwih nyedhaki marang be­bener.

Putra: kasinggihan Rama.

Rama : Ana wewarah mengkene : Se­dulur papat iku NYAWIJI ing batiniyahe ma­nungsa. Aktivitase sedulur papat iku ngen­dhaleni, nguwasani nafsu papat supaya harmonis. Diri bebarengan sedulur papat manembah marang Gusti Allah, utawa mature lelantaran Sari UtusanE. Ziarah ing makam2-e para luhur tujuwane : sabisa-bisa supaya kalaksanan wawan sabda karo sing wis sumare iku mawa cara konumikasi batin, lelantaran sedulur papat sing kanthi setya tansah nyartani diri. Mula saka kuwi perlu ikhtiar nganti bisa nemokake Gusti Allah, utawa nemokake Nur saka Sari UtusanE. Kanthi latihan terus2-an bakal kla­kon nampa Nur-E Gusti Allah. Laku ziarah mengkono iki gunane uga kanggo nglantip­ake batin sarana rasa. Iki kabeh klebu ilmu gaib. Weruh ilmu gaib ateges sawijining tandha yen wis cedhak karo Gusti Allah. Kanggo mahami ilmu gaib, mbutuhake pe­nuntun. Penuntun peparinge Gusti Allah wujud sari pathine huruf ha, na, ca, ra, ka nganti ma, ga, ba, ta nga.

Putra : Kula kok dereng saged paham, Rama.

Rama : Iki wewarah Jawa. Pancen isih mbutuhake dipahami strukture, isine lan fung­sine. 


****



www.panjebarsemangat.co.id/sedulur-papat-kalima-pancer

Tidak ada komentar:

Posting Komentar