1.
Dha èstokna dhawuhing para sujana
Sarjana hamumpuni
Dadiya rambatan
Miwah tekening janma
Napak wewatoning Gusti
Ngudi sampurna
Kauripanirèki
2.
Sarjana hamumpuni
Dadiya rambatan
Miwah tekening janma
Napak wewatoning Gusti
Ngudi sampurna
Kauripanirèki
2.
Sinartanan memuji nyuwun mring Allah
Weruh kang dèn lungguhi
Manut paugeran
Lan tuntunan agama
Sanadyan angèl ananging
Kudu klampahan
Mrih ntuk nugrahèng Widdhi
3.
Weruh kang dèn lungguhi
Manut paugeran
Lan tuntunan agama
Sanadyan angèl ananging
Kudu klampahan
Mrih ntuk nugrahèng Widdhi
3.
Pepesthèning Hyang Suksma limang perkara
Samya dèn uningani
Sarana legawa
Tan na panyangka ala
Awit sedaya sayekti
Karsèng Hyang Murba
Janma hamung anampi
4.
Samya dèn uningani
Sarana legawa
Tan na panyangka ala
Awit sedaya sayekti
Karsèng Hyang Murba
Janma hamung anampi
4.
Kang sepisan lamun wus tekèng wancinya
Myang sakabèhing janmi
Datan bisa uwal
Pesthi dadya kunarpa
Winastan iku wong mati
Bali mring Allah
Ing alam barzah nenggih
5.
Myang sakabèhing janmi
Datan bisa uwal
Pesthi dadya kunarpa
Winastan iku wong mati
Bali mring Allah
Ing alam barzah nenggih
5.
Kadwi sampun tinulis déning Pangéran
Jalu wèstri pinilih
Dadi jodhonira
Linambaran sih tresna
Anindakna palakrami
Manut parèntah
Gusti kang Maha Suci
6.
Jalu wèstri pinilih
Dadi jodhonira
Linambaran sih tresna
Anindakna palakrami
Manut parèntah
Gusti kang Maha Suci
6.
Kaping tiga tumurun wahyu jatmika
Yekti karsèng Illahi
Nadyan ngupayaa
Lamun dudu karsa Nya
Sayektos datan pinanggih
Marma kang nampa
Kudu syukur mring Gusti
7.
Yekti karsèng Illahi
Nadyan ngupayaa
Lamun dudu karsa Nya
Sayektos datan pinanggih
Marma kang nampa
Kudu syukur mring Gusti
7.
Pepesthèn kang kapapat sinebut pangkat
Bisa nambahi inggil
Drajating priyangga
Lamun mboten waspada
Mlèsèt dadi ujub kibir
Raos adigang
Iku nora prayogi
8.
Bisa nambahi inggil
Drajating priyangga
Lamun mboten waspada
Mlèsèt dadi ujub kibir
Raos adigang
Iku nora prayogi
8.
Dé pepesthèn Pangéran kang kaping lima
Nugraha wastanèki
Utawi bebungah
Tartamtu wus kinarsa
Sujanma ingkang pinilih
Gya sujud nembah
Bekti syukur mring Widdhi
9.
Nugraha wastanèki
Utawi bebungah
Tartamtu wus kinarsa
Sujanma ingkang pinilih
Gya sujud nembah
Bekti syukur mring Widdhi
9.
Yektinira ngendikaning pra sarjana
Kang waskitha ing budi
Jatiné wruhana
Hamardi kinasihan
Nyaket mring Hyang Maha Uning
Hayu sabarang
Rineksa siyang ratri
10.
Kang waskitha ing budi
Jatiné wruhana
Hamardi kinasihan
Nyaket mring Hyang Maha Uning
Hayu sabarang
Rineksa siyang ratri
10.
Ing wasana semanten atur kawula
Mugi kang Maha Paring
Nyaketna nugraha
Marganing kaslametan
Karahayon lair batin
Ing alam donya
Praptèng delahan kongsi
Mugi kang Maha Paring
Nyaketna nugraha
Marganing kaslametan
Karahayon lair batin
Ing alam donya
Praptèng delahan kongsi
Casino Royale - Live Dealer Games - Virgin Games
BalasHapusCasino 바카라 Royale is a https://vannienailor4166blog.blogspot.com/ live casino with a large, eclectic portfolio of poormansguidetocasinogambling.com casino games. Players can play this https://febcasino.com/review/merit-casino/ game with live gri-go.com dealers,