Rabu, 10 Desember 2014

Wong Jawa ilang Jawane Iku Kepiye?

Pitakonan iku saiki luwih cetha dho­dhok selehe. Sebabe : yen wong mau wis ora duwe kabudayan kang cundhuk karo agamane lan ora duwe cita-cita kang sa­laras karo kabudayan lan agamane mau, yaiku wong sing ilang Jawane.

Kabudayan kok digandheng-gan­dheng­ake karo agama iku karepe kepriye? Kabudayane wong Jawa duk ing nguni, nalika umume padha nggilut agama Hin­dhu, kabudayane wong Jawa ya kabu­dayan sing kajiwan lan kawangun dening alam fikirane wong-wong Hindhu mau. Se­mono uga nalika tanah Jawa dileboni aga­ma Budha, kabudayane oleh pengaruh lan owah-owahan saka alam fikirane wong-wong Budha. Ora aneh yen malahan ana ka­budayan sing campuran antarane pe­nga­ruh agama leloro mau. Zaman Islam anga-Jawa, alam pikiran wong-wong Islam uga banjur ngowahi kabudayan sing wis ana iku. Malah ing zaman SAIKI, alam fikirane wong-wong Eropa lan Amerika sing ILMIAH lan TEHNOLOGIS, uga mene­hi pengaruh lan owah-owahan ing kabu­dayane wong Jawa.

Cetha menawa AGAMA, ILMU LAN TEH­NOLOGI kang ngisi alam fikirane (lan alam atine) wong Jawa, terus terusan olehe menehi pengaruh lan gawe owah-owahan marang SIFAT JAWA-ne wong Jawa.

Kesimpulane : sejatine sing diarani KE­JAWEN iku alam pikiran lan alam atine wong Jawa sing ngolah gagasan-gagasan lan pengalaman2budidaya kang asale saka agamane, ilmune lan tehnologine.

Mula yen kita ngrembug bab KEJA­WEN, tansah perlu kita gandhengake karo ZAMAN KELAKONE LAN PAPANE. Kejawen ing Surakarta zamane Ingkang Sinuwun Pa­ku Buwana X iku kejawen sing feodalis­tis lan mistis. Kejawen NALIKA IKU ing tla­­tah pesantren Gontor ora feodalistis lan ora mistis, nanging sifate Islam. NALIKA IKU UGA Kejawen ing tlatahe bebrayan sa­min (Randublatung) ora feodalistis, ora mistis lan ora Islam, nanging (yen ora kli­ru) sifate Budha. Dadi KLIRU yen ana sing nganggep yen sing diarani Kejawen iku Ke­jawen type bebrayane krabate suwargi Paku Buwana X THOK upamane! Tanah lan suku Jawa dudu mung ing dhaerah Ka­su­­nanan, Mangkunegaran, Pakualaman lan sapiturute. 


Ngudhari kang ruwet-ruwet bab :

WASHILAH

Atur pambuka

Kapracayan bab washilah iku risikone gedhe. Risiko bab tauhide. Rehne bab wa­shilah iku PENTING, mula ana becike yen kita bacutake rembug iku, kanthi niat: muga-muga kanthi pitulunganne Gusti Allah, kang ruwet-ruwet dadi udhar, kang peteng-peteng dadi padhang, kang rangu-rangu dadi plong.

Asale tembung

Yen ora kliru, asale tembung washilah iku saka WASHOLA, kang duwe teges : sam­pai. Yang menyampaikan kepada ke­berhasilan, sing dadi dalan, sebab utawa lelantaran nganti bisa sukses, wong sing dadi LELANTARAN utawa PARANTARA dia­rani WAASHILUN. Wong sing njaluk tulung marang PARANTARA mau diarani WASHII­LUN. Sing siji aa dawa, sijine ii dawa. Apa sing katindakake dening PARANTARA mau ditembungake WASHILAH. Dene apa sing ditindakake wong marang PARANTARA mau diarani TAWASHSHUL (tawassul).

Yen panemu kang katur iki mau ana klirune, para maos kang ahli basa Arab tak suwun kersa mbenerake.

Potensine parantara

Wong-wong sing padha njaluk tulung utawa nggunakake parantara, ana sing nganggep (= pracaya yen) parantara mau DUWE DAYA KANG SIFATE OTONOM. Olehe duwe penganggep mengkene iki di dhasarake saka bukti-bukti, EMBUH KE­PRI­YE EGUH PRATIKELE, AKEH-AKEHE YEN DIJALUKI TULUNG UTAWA DIGU­NAK­AKE KOK BISA KASIL, SUKSES UTAWA JODHO!! Malah keladuke banjur duwe pa­nemu yen prasasat kena dijibake ! Tem­bunge: “Wis ta, njaluka tulung mbah Dong­so, mengko rak waras.” Utawa : “Gu­nakna iki, mengko rak beres.”

Kejaba parantara sing otonom meng­kene iki, ana maneh perantara sing mung begja-begjan. Bisa uga parantara mau bisa MBANTU nganti sing dikarepake bisa kasil; nanging bisa uga ora sukses.

PEPRINCENE parantara otonom.

Parantara otonom pokoke ana rong jinis, yaiku : 1. Parantara sing sifate ka­sunyatan utawa rasional. Lan 2. Paran­tara kang sifate ghaib utawa mistik. Conto­ne mengkene :

Parantara sing rasional :

Akeh wae wong sing ngejibake yen nggu­nakake utawa njaluk tulung marang apa kang kasebut ing ngisor iki, mesthi bakal kasil.

1. Wujud modhal (dhuwit utawa barang)

2. Wujud instansi, badan usaha utawa organisasi

3. Wujud panguwasa utawa kekuwatan

4. Wujud kenalan utawa sanak kadang.

5. Wujud ilmu, katrampilan utawa kabisan Wong-wong sing padha ngejibake meng­kene iki padha lali utawa ora weruh yen kasile mau amarga ana faktor “ndila­lah ora ana gangguwan”, utawa “ndilalah kok gangsar” lan sapiturute. Kaya ora se­thithik ing bebrayan anane “wong sing kakehan polah”, sing ngijibake mesthi ba­kal slamet, amarga kejaba kanggonan dhu­wit, uga duwe backing panguwasa utawa kekuwatan. Saiba akehe wong sing olehe nindakake pagawean kanthi keya­kinan mesthi bakal sukses, amarga ing ka­na duwe kenalan becik, ing kene duwe sa­nak, ing kono duwe “tilas anak buah”. Tumrape wong-wong sing jembar penga­laman lan wawasane, ora wani nganggo sikep ngejibake mengkono iku, jalaran ora sethithik kedadeyan nyata sing katone la­hiriyah wis mathing-mathing (kena dijib­ake), nanging nyatane ora bisa kasil. Sing dadi sebab ora kasile mau ana sing kena dinalar, nanging uga ana wae sing ora bisa dinalar. Tumrape wong sing kuwat imane, enggal wae sadhar yen kabeh-kabeh mau sejatine klakon utawa ora klakon, sing maha peparing iku Gusti Allah.

Perantara sing mistik :

Ana wae wong-wong sing padha nge­jibake, yen njaluk tulung utawa nggunak­ake lelantaran kang kasebut ing ngisor iki, kena dipasthekake bakal kasil :

1. Wujud kuburan kramat utawa kuburane leluhur

2. Wujud patilasan kuna

3. Wujud papan panembah (mesjid, greja, sanggar pamujan lsp)

4. Wujud pusaka, jimat, sarat, rajah lsp

5. Wujud kewan (perkutut, jaran lsp), barang (akik lsp), wong (bojo sing bagiane awake metu saunare lsp); arah (arah mengalor, mengidul lsp), wektu (sangat, dina, pasaran lsp), lan liya-liyane.

6. Wujud titah alus (jin, setan, ruhe manungsa lsp),

Prantara otonom sing mistik ngene iki kok dianggep otonom iku, cathane ke­priye?

Cethane mengkene : Parantara mau dianggap duwe daya. Daya iki metu sa­ka dhirine, ibarat kaya dene batu batterij sing duwe stroom dhewe. Utawa accu sing uga mengkono. Utawa kaya mesin oto­mat; sapa sing bisa nggunakake, ya bakal diladeni mesin otomat mau kanthi becik; dene sing ora bisa nggunakake, ya ora kena nulak ing bab kemampuane mesin iku!

Peprincene perantara sing begja-begjan

Parantara sing sifate mung begja-begjan iki upamane wae :

1. Kanca utawa famili sing dianggep luwih tuwa, lan banjur dijaluki pangestu

2. Jamaah shalat sing dijaluki tulung kang go shalat ghaib upamane; utawa shalat nyuwun udan. 


***




http://www.panjebarsemangat.co.id/wong-jawa-ilang-jawane-iku-kepriye

Tidak ada komentar:

Posting Komentar