Minggu, 07 Desember 2014

Adi Luhunge kagunan Jawi


Dhandhanggula

1. 

Kang cinakup seni budya Jawi
Rupa-rupa kalamun pinétang
Basa lan sastra Jawané
Sarta macapatipun
Karawitan gamelan ugi
Tuhu ngandhut falsafah
Ingkang nyata agung
Tumrap jejering manungsa
Dadi tepa palupi ala lan becik
Ing kauripanira

2.

Déné seni gamelan puniki
Yasan dalem Sunan Kalijaga
Kang kebak tetuladhané
Becik dadi panuntun
Kanggo nggayuh urip utami
Ingkang wus manjing dadya
Kapribadèn luhur
Tumanduk mring bangsa kita
Mangga sami ngleluri budaya Jawi
Mamrih teguh santosa

3.

Jeneng GAMBANG ingkang mengku werdi
Mbanyu mili kéntir anèng sendhang
Ngregengi tetabuhané
Lir angin kang tumiyup
Saya ngrangin rinenggèng gendhing
Lamun bahan wilahan
Asal saking kayu
Mrih manggih hayu raharja
Wit jatining urip mung ngudi basuki
Donya praptèng delahan

4.

KEMPUL lumrah ingaran alit
Mengku tetapsiran pirang-pirang
Saka pakem sayektiné
Gandhèng lan tembung kumpul
Werdiné gya samya nyawiji
Manunggal cipta karsa
Nut ugeranipun
Iku tumraping agama
Pranatan kang dadi wewatoning urip
Ingudi mrih raharja

5.

Kalamun GONG kang aranirèki
Wujud gamelan kang paling harda
Mèmper kempul ingkang gedhé
Dumadi saking prunggu
Tinabuh ing panutup gendhing
Tandha mungkasi pada
Mangka werdinipun
Yèn gesang sampun pinungkas
Dhawah ing gong wangsul ing kasidan jati
Sepuh tanapi mudha


Sinom


1. 

DEMUNG sinebut balungan
Saya greget mahanani
Pindha jumbuhing tabuhan
Kang dadi peran utami
Mligining wayang kulit
Ateges andhamané mung
Siji ra néka-néka
Mantep manembah ing Gusti
Kanthi manut miturut rèh paréntah Nya

2.

Bebasan bojoné dhalang
Nenggih GENDÈR aranèki
Baku ing babagan bawa
Anèng pagelaran ringgit
Mliginé aninthingi
Bawa wiraswaranipun
Nambah ngrangin swasana
Mengku falsafah kang inggil
Aywa gampang tumandang nir sambékala

3.

Mangka jangkeping tabuhan
Yèku SITER dèn wastani
Saya gayeng nggo jineman
Banget ngresepaké ati
Mungal swara thing-thing- thing
Sinartan gendèr binarung
Ingkang ngemu surasa
Sing pinter wèh sukèng galih
Amemangun karyènak tyasing sasama

4.

Nora klèru byola Jawa
Ya REBAB aranirèki
Mungal kanthi sinenggrengan
Nganyut rumesep ing galih
Anggambar raos sedhih
Mligining swasana tlutur
Dèn samya ngrembag ing bab
Sagung karya dèn rampungi
Mrih sembada sadaya ingkang sinedya

5. 

Minangka purnaning sekar
Mangga sami anyawiji
Angleluri kabudayan
Budaya kang èdi pèni
Wus dadi jati dhiri
Langkung becik dèn sengkuyung
Tan lirwa nembah muja
Konjuk mring Hyang Maha Suci

Kabudayan dimèn lestari ngrembak


Tidak ada komentar:

Posting Komentar