Selasa, 23 Desember 2014

Ajaran Toleransi ing Kakawin Sutasoma

Kabudayan Jawa darbe jagad ka­su­sastran kang endah kahanane. Ka­cathet mahewu-hewu pustaka Jawa mijil, lan ora sithik kang jumedhul mi­nangka karya agung. Sawijining pustaka luhur kang didarbeni dening kasusu­sastran Jawa,yaiku Kakawin Sutasoma.

Tinilik sacara nasional, Kakawin Su­tasoma bisa disebut minangka karya agung kang kawentar. Apa sebabe, yaiku pethikan sawijining pupuhe jinupuk mi­nangka semboyan negara kita, Bhinneka Tunggal Ika. Kakawin iki yasane Mpu Tantular, lan karampungke udakara ing abad 14 Masehi.

Kakawin Sutasoma kasusun saka 148 pupuh lan 1209 gatra. Kakawin iki anya­ritakake anitise Sri Jinapati (pandheganing Budha Jina) ing marcapada minangka pang­reksa kantentreman lumawan kara­harjan. Panjenengane anjalma mring jiwaning Pangeran Sutasoma.

Kacarita, Pangeran Sutasoma kang kaprenah minangka adipati anom ing ne­gari Hastina. Panjenengane kajibah mi­nangka sesulihing keng rama, yaiku Sri Maharaja Ketu. Ananging, uwal saka pangajap, Pangeran Sutasoma nulak dhawuh kasebut. Panjenengane luwih kasengsem nggayuh lelakon ngaurip minangka pandhita ing wana suwung.

Para kawula Hastina kang ngrungu kabar kasebut samya nandhang dhuhkita. Pungkasan, para kawula Hastina nyuwun kondur lan kersane Pangeran Sutasoma jumeneng nata ing negari Hastina. Sa­kala, trenyuh-luluh atine Pangeran Suta­soma. Panjenengane kersa kondur ke­dhaton. Sang Pangeran banjur kapala­kra­make kalayan Dewi Candrawati, kang kapetung isih sadhereke.

Nalika dipandhegani dening Pangeran Sutasoma, negara Hastina dikur­mati banget dening negara-negara sebrang. Sa­wijining wektu, ana negara sebrang kang nyoba naklukake Hastina. Negara iku dipandhegani dening Prabu Sudanda.

Eman, Prabu Sudanda kinasoran kan­thi gampang dening Pangeran Sutaso­ma. Prabu Sudanda mertobat. Banjur su­medya dhiri minangka siswaning Pa­ngeran Sutasoma. Sawise iku, Prabu Su­danda salin dharma minangka ratu pan­dhita.

Ananging, sanadyan wis madeg mi­nangka ratu pandhita, isih ana kang ngganjel ing atine Prabu Sudanda. Panje­nengane nate janji tumrap Bathara Kala ngaturake Pangeran Sutasoma minang­ka labuhaning prasetyane. Amirengake udarasaning Prabu Sudanda Pangeran Sutasoma ora dadi goreh ing penggalih. Sang pangeran malah ngiklasake dhirine minangka labuhan kanggo Bathara Kala.

Lan kang kedaden ora salumrahe. Nalika disuguhake, makaping-kaping Ba­thara Kala ora saguh nguntal badhanira sang pangeran. Pranyata, ing anggane Pangeran Sutasoma mili Tirta Amerta Sari. Bathara Kala sanalika mawas dhiri lan mertobat. Wasana, kahanane jagad raya malih tentrem.

Minangka panutuping Kakawin Suta­soma, kacarita Pangeran Sutasoma kla­wan parameswarine turun keprabon. Le­lorone nyepi sarta ngayahi urip mawa malih laku. Salin panandhang minangka pandhita ing wukir sepi lan wana su­wung.

Kurang luwih, mangkono reringkesan saka Kakawin Sutasoma. Satemene, isih akeh “carita sripilan” saka kakawin kasebut, kaya ta nalika Pangeran Suta­soma nalika nyadharake Gajakawarta, Nagaraja, lan macan wadon saka laku nistha.

Kakawin Sutasoma

Prelu kauningan bilih kakawin Suta­soma ngemot ajaran rong agama, yaiku Hindhu lan Budha. Pambuka ing kakawin Sutasoma yaiku atur pakurmatan dhu­mateng Tritunggal dewa agama Hindhu, yaiku Brahma, Wisnu, lan Iswara (Siwa). Wondene, kaya kang wus kauningan sadurunge, kakawin iki nyaritakake pani­tisane Budha Jina, kang wus temtu makili ajaran Budha.

Sedawaning carita ing Kakawin Su­tasoma, pancen katuduhake makaping-kaping tumindake Pangeran Sutasoma kang ngemot ciri Budhistis, saupama ngadhepi mungsuh ora kudu kanthi nga­jurake. Ananging mungsuh iku didadekna mitra banjur dijak ninggalake kadur­janane.

Saka katrangan iku, kita bisa njupuk dudutan yaiku Kakawin Sutasoma nga­jarake toleransi. Ajaran toleransi iku katuduhake nalika agama Hindhu lan Budha bisa lumaku bebarengan kanthi rancag. Pancen, samubarang agama ing bumi iki padha dene ngormati, ananging apa kang kedaden ing Kakawin Sutasoma kapetung langka. Iki unike kakawin Suta­soma. Lan kirane sipat unik kang becik iki bisa ditrepake ing lumakuning uripe manungsa.

Emane, toleransi ing Indonesia kaya-kaya wis arep dadi barang langka. Ora sithik, wong kang luwih ngutamakake kepentingane awake dhewe lan nranyak hak-e liyan. Sapa kang luwih kuwat lan kwasa senantyasa akarep ngwasani lan/utawa ngajurake pehak sangisore. Ju­me­nenging ukum, wis dudu pathokan kang samesthine. Ukum kang manjilma yaiku pathokaning wana-raya; hukum rimba.

Bok menawa, kita prelu sedhela ngungak kawuri. Ngelingi sadurunge negeri iki mardika, ana barisan-barisan mudha antar-suku kang gelem ma­nung­gal, nyawijikake pikir lan tena­gane kang­go raharjaning Nuswantara. Barisan-barisan saka maneka dhaerah kang wi­nastanan Jong Java, Jong Celebes, Jong Sumatranen Bond, lan sapanunggalane padha dene asung kabisane ing Sumpah Pemuda II, kang kalaksanake 28 Oktober 1928, mi­nangka sarana nggayuh kamar­dika­ning bangsa.

Bapak Proklamator kita, Soekarno-Hatta, minurut carita kang binabar uga ora tansah sapamikiran. Lelorone ke­rep sasebrangan pamikirane. Ana­nging, sa­nyatane tetep bisa lumaku bebarengan ngayahi jejibahan mi­nang­ka wakil rakyat sejati.

Lelakon-lelakon kasebut menehi ka­wruh utama yen perbedaan sate­me­ne ora prelu dadi prakara. Ana­nging, perbe­daan kang ana ndadekake bahan kanggo teteg kuwating “rancang bangun” negara supaya madeg kanthi tata-titi tenrem karta raharja.

Cak Nun (Emha Ainun Nadjib) nate ngendika yen manungsa iku pancen pinaringan akarep. Ananing kekarepan bisa dipenging, ora kudu tansah sinem­badan. Mula, sayektine kang karanan toleransi yaiku “ketahanan”, mligine keta­hanan ing babagan akarep. Keka­repan kang bisa gawe dredah kudu di­singkirake. Fokus mring ancasing le­lampahan kudu dadi babagan diutamak­ake. Luwih cethane ancasing negeri kang karuntutake sajeroning Pancasila.

Karya sastra, amung suka permo­dhelan ngaluhur saka uriping manungsa. Hakikate yaiku minangka pangilon kang­go laku kang wis tinapak. Apa kang wi­nedhar sajerone, isih bisa ditiru minang­ka tanggap sasmita supaya urip ora lumaku sacara kliru. 


http://www.panjebarsemangat.co.id/ajaran-toleransi-ing-kakawin-sutasoma

Tidak ada komentar:

Posting Komentar