Rabu, 31 Desember 2014

Pitutur Ing ndalem Serat Wulangreh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

Kinanthi


9.
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

(Atimu padha latihen supaya lantip (pinter) marang sasmita. Aja dhemen mangan lan turu. Pesunen (prihatin) awakmu kanthi nyuda mangan lan turu).

10.
Dadia lakunireki,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

(Nyegah mangan lan turu supaya dadi laku (kebiasaan), lan aja dhemen seneng-seneng, oleh seneng-seneng nanging sauntara bae, jalaran seneng-seneng iku marakake suda prayitnaning ati).

11.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

(Yen kowe dititahake dadi wong gedhe, aja banjur sombong.Lan aja cedhak-cedhak karo wong ala kelakuwane, jalaran ora wurung bakal nulari (kalakuwane sing ala.)

12.
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

(Sanadyan wong cilik yen kelakuwane becik, iku pantes dicedhaki. Utawa sing sugih carita sing bisa kanggo patuladhan (conto) supaya mundhak budimu (nalarmu, kelakuwanmu).

13.
Yen wong anom wis tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen ngadhep akeh bangsat,
datan wurung bisa juti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.

(Yen wong (ratu) enom iku mesthi manut sing ngadhep (nayaka, menteri). Yen sing ngedhep iku bangsat mesthi katut dadi ala, sing ngadhep maling mesthi dadi maling).

14.
Sanajan ta nora milu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
yeku panuntuning iblis.

(Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe maling, kabeh penggawe ala iku yen kulina diweruhi, banjur klakon dadi muride iblis).

15.
Panggawe becik puniku,
gampang yen den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.

(Panggawe becik satemene gampang yen wis (gelem) nglakoni, nanging angel yen durung dilakoni, alesane aras-arasen lsp.Upamane dilakoni bakal mupangati marang awakmu).






Ajaran Serat Wulangreh | Pupuh Gambuh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur, 
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :
  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.
2.
Aja nganti kabanjur, 
sabarang polah kang nora jujur, 
yen kebanjur sayekti kojur tan becik, 
becik ngupayaa iku, 
pitutur ingkang sayektos. 

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.
3.
Pitutur bener iku, 
sayektine apantes tiniru, 
nadyan metu saking wong sudra papeki, 
lamun becik nggone muruk, 
iku pantes sira anggo. 

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.
4.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung, 
pan adigang kidang adigung pas esthi, 
adiguna ula iku, 
telu pisan mati sampyoh. 

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.
5.
Si kidang umbagipun, 
angandelken kebat lumpatipun, 
pan si gajah ngandelaken geng ainggil, 
ula ngandelaken iku, 
mandine kalamun nyakot. 

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Selasa, 30 Desember 2014

Adigang, Adigung, Adiguna

Serat Wulangreh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :

  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.

2.

Aja nganti kabanjur,

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.

3.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pas esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.

5.

Si kidang umbagipun,

angandelken kebat lumpatipun,

pan si gajah ngandelaken geng ainggil,

ula ngandelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Senin, 29 Desember 2014

Minangkani pamundhutipun Mas Utomo


Dhasar :
Sengkalan punika tetengering angka taun ingkang sinandi sarana tetembungan (ukara), gambar utawi pepethan.Tiyang Jawi remen dhateng sengkalan punika jalaran sengkalan limrahipun awujud ukara saengga gampil anggenipun ngenget-enget. Sengkalan limrahipun dipun serat wonten lawanging gapura utawi regol, sanginggiling kori , sanginggiling cungkup lsp.
Ingkang dipun sengkalani warni-warni :
Upami kraton inggih adeging kraton, sirnaning reresah utawi kraman, sudaning pamor kraton, ratu seda, utawi pangriptaning serat-serat kapujanggan lan sanes-sanesipun. Upami sanesing kraton inggih adeging griya, lairing putra, palakrama, lairing wayah, dinten sedanipun sesepuh, ngarang buku, lan sanes-sanesipun.

Wujudipun sengkalan :
Sengkalan ingkang awujud tetembungan kawastanan sengkalan lamba.
Sengkalan ingkang awujud gambar dipun wastani sengkalan memet.

Wewatoning taun :
Sengkalan ingkang manut lampahing rembulan dipun wastani candra sengkala.
Sengkalan ingkang manut lampahing srengenge dipun wastani surya sengkala.

Suraosipun sengkalan :
Suraosipun sengkalan sageda salaras kaliyan bab (kadadosan) ingkang dipun sengkalani. Sampun ngantos ukara sengkalan namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer. Saged ugi ngemu suraos : kekudangan, pangajeng-ajeng, pangalembana,pamuji, panyeda, panalangsaning manah, lsp. Mawa-mawa ingkang dipun sengkalani. Pokokipun ingkang mranani.


Sengkalan Lamba.

Cara pamaosipun :

Tuladha :
Kaya wulan putri iku.
Kaya = 3, wulan = 1, putri = 3, iku = 1 , pinanggih angka 3131, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1313 Caka. Dipun dadosaken taun Masehi dipun tambah 78 taun dados taun 1391 M.
Pinanggih ing pasareyanipun putri Campa ing Trowulan.
Janma trus kaswareng jagad.
Janma = 1, trus = 9, kaswareng = ka +swara + ing = 7 , jagad = 1, pinanggih angka 1971, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1791 taun Jawi. Jalaran taun jawi menawi badhe dipun titisaken sampun boten dipun tambah malih kaliyan 78. Jalaran saben taun gesehipun taun Jawi kaliyan taun Masehi saya dangu saya celak. Sapunika (taun 2010) kirang langkung gesehipun sampun 68 taun. Pinanggih ing serat Hidayat Jati, anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita.

Cara Panganggitipun :
Jalaran sapunika ingkang kaprah kaangge taun Masehi mila (menawi kula) langkung prayogi menawi adhedhasar taun Masehi kemawon. Ateges ngangge wewaton surya sengkala. Tembung-tembungipun tetep sami namung dhasaripun mendhet taun ingkang beda. 

Caranipun ngapalaken :
Lugunipun postingan kula wiwit angka nol ngantos pungkasan punika awujud sekar . Cobi panjenengan titi . namung postingan kula ingkang lami dhawah wonten ngandhap lan postingan ingkang enggal dhawah wonten nginggil. 


WATAK SETUNGGAL

Asmaradana
Janma nabi tunggal gusti,
badan rupa maha buda,
samadi iku pamase,
surya candra sasadhara,
wiji godhong lek kenya,
wungkul buweng urip nekung,
nyata sudira tyas putra.


WATAK KALIH

Kinanthi
Penganten dwi nembah suku,
gandheng asta ndulu dresthi,
netra myat buja bujana,
karnan ngrengga athi-athi,
paksa apasang carana,
sikara bau suwiwi.


WATAK TIGA 

Pangkur
Tri jatha lir wrin dahana,
kaya wignya uninga anahuti,
sorot brama api murub,
kobar guna ujwala,
teken siking keksi bahni kukus apyu,
nala benter rananggana,
katon panas pndha agni.


WATAK SEKAWAN

Pucung
Sumber sumur tlaga wening karya masuh,
udan bun her dadya,
warna warih waudadi,
tira nadi dadi suci wedang tawa.


WATAK GANGSAL

Durma
Saya galak guling wil yaksa raseksa,
marga pandhawa lungid,
bana wrayang sara,
wisaya pancakara,
cakra hru astra jemparing,
gati tinata,
braja margana angin.


WATAK NENEM

Sinom
Mangsa nenem carem raras,
Rasane madu hartati,
Naya sad wayang wuyungan, 
Ilat kilat obah manis, 
Ginggang prabatang oyig,
Madura sarkara retu,
Lona tikta kayasa,
Anggas anggang-anggang gonjing,
Tahen wreksa winayang kayu anggana.


WATAK PITU

Maskumambang
Resi gunung pitu anitih turanggi,
suka weling wulang,
swara gora angsa muni,
aswa giri gung himawan.


WATAK WOLU

Mijil
Astha basu ula slira murti,
gajah tengga bunglon,
tanu sarpa bajul baya tekek,
dipa manggala madya basuki,
dipangga angesthi,
brahmana wewolu.


WATAK SANGA

Gambuh
Kusuma ngganda arum,
Dewa sangan mbuka pintu masuk,
Kori menga gatra wangi terus manjing,
Muka wadana marbuk rum,
Anggangsir babahan bolong.


WATAK DAS

Megatruh
Sirna musna muksa mesat langit mumbul,
pejah tanpa suwarga nir,
brastha rusak swuh wuk suwung,
sunya windu surud sat nis,
sempal ngles gegana adoh.






Minggu, 28 Desember 2014

Pangrimbage Tembung –tembung sing di anggo sengkalan


Pangrimbage tembung-tembung sing dianggo sengkalan ana wolung warna, siji-sijine mawa tembung GURU. (Guru = patokan, wewaton, paugeran).

1. Guru dasanama , awewaton dasanama yaiku tembung sing padha tegese , dianggep padha watak wilangane , kayata : langit karo awang-awang, padha dene watak das (nol).

2. Guru sastra , awewaton sastra (tulisan). Sing tulisane padha dianggep watak wilangane padha , kayata : esthi tegese gajah nanging uga nduweni teges sedyaning ati, dianggep watak wilangane padha, padha dene nduweni watak 8.

3. Guru wanda , awewaton wanda (suku kata). Sing nduweni wanda padha dianggep padha watak wilangane, kayata : dadi, karo waudadi (segara), padha dene watak 4.

4. Guru warga, awewaton warga . Sing tunggal warga (golongan), dianggep watak wilangane padha, kayata : menyawak , karo cecak, tunggal warga kewan rumangkang (reptile), dinggep padha watak wilangane , padha dene 8.

5. Guru karya , awewaton karya (pakarti). Barang (perangane awak) karo pakartine dianggep padha watak wilangane, kayata : mripat karo mandeng, dinggep padha watak wilangane , padha dene 2 (mandeng iku pakartine mripat).

6. Guru sarana, awewaton sarana. Barang karo saranane (sarana kanggo apa, piranti kanggo apa) dianggep padha watak wilangane, kayata : jemparing karo perang, padha dene nduweni watak 5. (Jemparing iku srana kanggo perang).

7. Guru darwa, awewaton darwa (darwa = kahanan, watak, sipat). Barang karo darwane (watake) dianggep padha watak wilangane kayata : geni karo panas padha dene nduweni watak 3. (Panas iku darwane (sipate ) geni.

8. Guru jarwa , awewaton jarwa (maksude jarwa rasa). Tembung karo jarwane (jarwa rasa) dianggep padha watak wilangane, kayata : geger karo obah (oreg), padha dene nduweni watak 6. Geger iku ngemu surasa obah. Saupamane ana gunung njeblug, wong wong padha obah (oreg) bingung pating bilulung, satemah nuwuhake geger. Yen wong-wong padha meneng bae, ora padha obah (sanajanta ana gunung njeblug) , mesthi ora geger.

Pamrayoga :
  1. Nganggoa tembung-tembung sing lumrah dianggo sengkalan, aja nganti migunakake tembung sing angel ditegesi dening wong liya.
  2. Aja nganti migunakake tembung sing mbingungake watak wilangane.
  3. Ukara sengkalan sing becik iku sing surasane bisa mranani, tegese : surasane ukara sengkalan bisa salaras karo bab (kedadean) sing disengkalani.
  4. Ukara sengkalan sing mranani iku bisa ngemu surasa : kekudangan, pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panacat, panalangsane ati, lsp. Mawa-mawa (nurut) sing disengkalanii.





Sabtu, 27 Desember 2014

Sirna ilang kertaning bumi


Tetembungan ing dhuwur kaprah keprungu ing bebrayan utawa masyarakat. Satemene ukara ing dhuwur iku ukara sinandi kang nduweni teges angka tahun. Ukara ing dhuwur iku minangka pangeling-eling lebure utawa ambruke negara Majapait. Dene carane negesi kaya mangkene :
Sirna ateges 0 (nol), ilang ateges 0 (nol) kerta nduweni teges 4 (papat) bumi nduweni teges 1 (siji). Diurut saka ngarep dadi 0041, banjur diwaca saka ing buri 1400. Jalaran negara Majapait isih petungan taun Saka mula taun mau awujud taun Saka. Yen didadekake taun Masehi banjur ditambah 78 dadine 1400 + 78 = taun 1478.
Candrasengkala uga diarani sengkalan.

Tuladha candrasangkala liyane :

  1. Sanga kuda suddha candrama = 1799 Saka = 11157 Masehi. Tinemu ing Layang Bharatayuddha (nganggo tembang) sing dikarang dening Empu Sedah Lan Empu Panuluh nalika jaman Prabu Jayabaya ing Kediri.
  2. Sad sanganjala candra = 1496 Saka = 1574 Masehi. Tinemu ing Layang Harisraya (nganggo tembang)
  3. Guna paksa kaswareng rat = 1723 Saka = 1081 Masehi. Tinemu ing Layang Panji Angreni, lakon Dewi Candrakirana lan Raden Panji.
  4. Panerus tingal tataning nabi = 1529 Saka = 1607 Masehi. Tinemu ing Layang Suluk Wujil, jaman Sultan Agung.
  5. Geni rasa driya eka = 1563 Jawa = 1641 Masehi. Tinemu ing Layang Nitipraja, jaman Sultan Agung.
  6. Jalma paksa kawayang buwana = 1621 Jawa = 1699 Masehi. Tinemu ing Layang Sewaka, jaman Sinuwun Mangkurat (Pangeran Puger)
  7. Tasik sonya giri juga = 1704 Jawa = 1782 Masehi. Tinemu ing Layang Wiwaha jarwa jaman Sinuwun Paku Buwana III.
  8. Tata tri gora ratu = 1735 Jawa = 1813 Masehi. Tinemu ing Layang Paniti Sastra karangan Kyai Yasadipura.
  9. Naya merta maharsi manengkung = 1742 Jawa = 1820 Masehi. Tinemu ing Layang Darmasunya. Karangan Kyai Yasadipura II, jaman Sinuwun Paku Buwana V
  10. Pawaka ro wiku raja = 1723 Jawa 1801 Masehi. Tinemu ing Layang Dewaruci Jarwa. Karangan Kyai Yasadipura, jaman Sinuwun Paku Buwana V.
  11. Janma tri gora aji = 1731 Jawa = 1809 Masehi. Tinemu ing Layang Ambiya. Karangan Kyai Yasadipura.
  12. Sapta catur swareng janmi = 1747 Jawa = 1825 Masehi. Tinemu ing Layang Sasana Sunu, karangan Kyai Yasadipura.
  13. Song-song gora candra = 1799 Jawa = 1877 Masehi. Tinemu ing Layang Cemporet, karangan R. Ng. Ronggawarsita.
  14. Murtyastha amulang sunu = 1788 Jawa = 1862 Masehi. Tinemu ing Layang Wirawiyata, karangan KGPAA Mangkunagara IV.
  15. Kaya wulan putri iku = 1313 Saka. Tinemu ing pasareyane putri Cempa ing Trowulan.
  16. Rupa sirna retuning bumi = 1601 Jawa = 1679 Masehi. Sengkalan nalika kapikute Trunajaya nalika ngraman.
  17. Tri manunggal wiwaraning urip = 1913 Jawa = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.
  18. Tunggal ngesthi manjing gusti = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.



gegaran : Memetri Basa Jawi, S Padmosukaca, Kapustakan Jawi, R. Ng. Purbacaroko



Jumat, 26 Desember 2014

Satriya, Kepriye ?



Tembang ing dhuwur kapethik saka Serat Wulang Reh anggitan Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV minangka piwulang marang putra wayahe, supaya kabeh padha nduweni watak satriya. Apa ta satriya iku ? Miturut kamus Kawi-Jawa karangan C.F.Winter satriya iku tegese tedhak turune ratu. Dene miturut Baoesastra Djawi karangan WJS Poerwadarminta ateges : wong luhur, utawa prajurit luhur. Dene nyatriya : nduweni watak satriya , yaiku nduweni tindak tanduk kang utama sarta kendel. 

Watak utama iku watak kang ora nalisir saka bebener. Bebener kaya kang didhawuhake dening Gusti kang Maha Kawasa, sarta ora nalisir saka angger-anggering negara. Dene kendel ateges wani nindakake bebener, kayata mbrantas tindak korupsi, mbrantas mafia hukum sing saiki lagi dadi kawigatene bangsa Indonesia.
Jatmika tegese anteng utawa alus budine. Nindakake samubarang pakaryan ora kena grusa-grusu, sing tundhone malah kliru. Dene ruruh ateges wanguning praen sareh. Tembung jatmika lan ruruh iku tembung loro sing ora kena dipisah-pisahake. Wong sareh ora ateges ora bisa mlayu banter. Samubarang tindak dipikir kanthi jero. Wasis samubarangipun bisa mumpuni sabarang pakaryan, pinter ing sakabehe.

***


Kamis, 25 Desember 2014

Piwulange Allah SWT bab Nyegah Rusake Amal

- Emoh yen diarani Isa Al Masih iku dudu Tuhan. Emoh yen diarani Isa Al Masih iku dudu putraNe Allah. Emoh yen diarani Sang Guru Sejati iku dudu Allah. Emoh yen diarani Nur Muhammad iku dudu Allah. Emoh yen diarani manungsa iku dudu ple­tike Gusti Allah. Penolakan kang meng­ke­ne iki ateges nolak ayat2E Gusti Allah sing mucalake bab TUHID, meng­Esakan Allah kanthi konsek­wen. Mula banjur kejegur ing kekafiran! Dheweke yakin yen kapracayane iku wis bener lan yakin yen bakal nggayuh swarga, nanging Gusti Allah kagungan peni­laian liya. Apa keyakinane iku ora digang­gu dening wisike Malaikat ing atine sing suci? Pranyata IYA. Dheweke saka sethithik ngarah marang tekad, yen keyakinan iki pranyata salah, apa boleh buat, iku risiko­ne! Yen wis mengkene, ateges atine wis tinutup rapet lan dadi atos. Tembunge yen bab iki dirembug, mbok nganti Dina Kiamat ya ora ana enteke. Dhe­weke ora ngira babarpisan yen ing Dina Kiamat dheweke bakal oleh ke­putusan kang sanyata langsung saka Allah Kang Maha Agung, Kang Maha Esa. KeputusanE wis cumepak ing Al Qur’an, yaiku amarga nolak ayat2 pepa­ringE Allah, mula sira kejegur ing kekafiran, kanthi akibat sakabehe amalan2-ira Ingsun ilangake (dihapus), lan cukup Neraka Ja­han­nam minangka papan bali kang sa­becik-becike tumrap sira!! Dudu Ingsun sing nyiksa sira, nanging sira nyiksa dhiri­nira dhewe. Mengkono gambarane kanthi reringkesan. Aku Kepriye?


b. Bisane wong pracaya menawa ing sawise mati bakal ketemu karo Gusti Allah, iku kawiwitan saka krungu utawa ma­ca. Banjur ana pengaruh saka pengalaman ing urip sadina-dina lan tambahan kawruh lan wacan. Uga saka pasrawungan. Kabeh mau yen ora ngalami kondhisi krisis ing babagan mental (amarga saka sebab2 fisik utawa non fisik), tuwuh ngrembakane IMAN dadi alon utawa kandheg. Mula krisis iku penting. Ing kaanan krisis wong banjur golek cekelan, golek dalan. Ing basa Islam kaanan ngono iku diarani ujian utawa pacoban.

2. Nasibe amalane wong2 kafir

Firman Allah :

a. "Satuhune wong2 sing kafir ma­rang ayat2E Allah lan mateni para Na­bi tanpa sebab sing bener, lan ma­teni wong2 sing ngakon tumindak be­cik, dheweke padha gembirakna yen dheweke bakal nampa siksa sing perih. Dheweke iku wong2 sing musna (ilang) (pahala) amal-amale ing donya lan ing akhirat, lan dheweke padha ora oleh pa­nulung (3:21-22)."

Keterangan :

Sapa wae sing mateni Nabi, iku genah yen nindakake dosa gedhe. Papane ing ne­raka. Mateni wong2 sing ngakon tumindak becik iku genahe kepriye ? Becike kaatur­ake conto :

– Ana bramacorah cacah 5 padha ngum­pul ing omahe salah siji saka ing an­tarane wong lima iku. Rundhingan bab olehe arep ngrampog ing omahe juragan mbako. Ora kenyana-nyana yen mantune wong sing duwe omah uga ngrungokake rundhingan iku. Nalika bengi klompok bra­macorah mau arep mangkat, clurit, sen­ja­ta lan senjata tajem liyane wis dicepakake, mantu mau kanthi alus nyegah tumindake ngrampog iku. Ora kakehan omong, mantu mau dipulasara nganti semaput, banjur ditumpakake mobil sing arep dienggo ngrampog, lan ing dalan setengahe alas sing sepi, banjur diglundhungake jurang jero, dadi lan tiwase. Tumindak mateni wong sing ajak2 marang kabecikan meng­kene iki dening Gusti Allah diancam Neraka Jahanam, lan sakabehe tumindak kabecik­ane wong2 iku ora oleh pahala babarpisan ing donya saiki lan ing akhirat besuk.

b. "Satuhune wong2 kafir lan nga­lang-alangi (manungsa) saka DalanE Allah (yaiku Islam) sarta mungsuhi Rasul sawise pituduh iku gamblang tum­rap dheweke, dheweke iku ora bisa menehi mudharat marang Allah sethithik-sethi­thika, lan Allah bakal ngilangi (pahalane) amal2-e (47 : 32 )."

Katerangan :

Ngalang-alangi saka dalanE Allah iku contone, mengkene :

Ora perlu kowe melu2 sinau ngaji. Ora perlu anut grubyug sinau shalat. Al Qur’an iku kabudayane wong Arab lan ora cocog kanggo wong Jawa. Wong Jawa kok sholat ; iku kena diarani mblenggu awake dhewe. Ngiket dhirine kanggo dhingklak-dhingkluk sedina kaping lima. Wong Jawa iku cukup ngleluri buduyane leluhur, yaiku laku priha­tin, tapa ing rame, tapa ing sepi, lan seme­di. Nyatane para leluhur kabeh klebu wong2 sing becik bebudene, kajen keri­ngan ing bebrayan lan senajan ora sugih banget, nanging semulur rejekine.

Wong sing duwe gegebengan ngene iki ora ngerti yen tumindak ngono iku bakal ana akibate kang ngrugekake dhirine dhe­we ing dina akhirat.

c. "Lan wong2 kafir, kacilakan kanggo dheweke, 1an Allah nyasarake amal-amale.Iku disebabake dheweke padhaora seeng karo apa sing diparingake Allah (yaiku Al Qur’an) lan Allah banjur ngilangi (pahalane) amal-ama1e (47:8-9)."

"Wong2 sing kafir marang: Pange­rane (Allah), amal-amale bakal dadi awu diterjang angin gedhe ing sawijine dina sing angine banter. Dheweke ora bisa njupuk manfaat sethithika wae saka apa sing wis padha ditindakake. Kaya ngono iku sasar sing adoh. (14: 18)."

Keterangan:

Ing bebrayan apa pancen ana wong sing kafir (ora pracaya) bab anane Allah Kang Yasa alam sawegung? Ana! Ing antarane wong2 iku ana sing klebu ing go­longane NIHILIS (nihil = kosong saka agama), FREE THINKER (pemikir bebas tanpa agama), PANLOGISME (sakabehe wae kudu dibalekake menyang nalar = lo­gika = logos), RASIONALISME (Yen ne­moni apa wae kudu digatekake, digoleki dhasar2-e sarana pamikir kang sistematis lan sabanjure yen nindakake apa2 kudu nganggo dhasar iku ; ora kena mung pra­caya ngono wae), SEKULERISME (asale saka tembung saecularia = barang2 ka­donyan dadi sekularisme iku paham sing matesi pamikir lan wawasan mung ing lingkup duniawi ; ora mbutuhake tembus ing kepentingane urip akhirat), MATERI­ALISME (sing dadi pemikiran cukup mung sing asipat materi ; ora perlu mikir sing ghaib, ora perlu mikir bab Allah lan agama), ugaHUMANISME (wawasan peri kema­nusiaan sing tanpa disangkutake karo aga­ma ; dadi wawasane ora tembus karo iman). Wong2 ngono iku ngemohi sebagi­an utawa sawutuhe Al Qur’an lan narik garis pemisah sing tegas antarane negara lan agama, antarane bisnis lan agama. 




Rabu, 24 Desember 2014

Candhi Kalasan | Candhi Buddha Paling Tuwa

JENENGE sabenere yaiku Candhi Tara. Merga candhi iku dibangun kanggo ngurmati Dewi Tara. Nanging masyarakat luwih kenal kanthi sebutan Candhi Kalasan. Ya, merga candhi kang mapan ing Dusun Kalibening, Desa Tirtomartani. Iku mlebu kukuban Keca­matan Kalasan, Kabupaten Sleman. Ingga akeh kang nyebut candhi iku kanthi sebutan Candhi Kalasan. Candhi kang mapan ing kukuban Kalasan.

Candhi Kalasan iku minangka candhi Buddha paling tuwa ing kukuban Daerah Isti­mewa Yogyakarta lan Jawa Tengah. Wewa­ngunan pangibadahan iki madeg taun 777 Saka utawa 778 Masehi. Luwih ndhisik mena­wa dibandhingake karo Candhi Borobudur kang kondhang iku. Candhi Borobudur taun 824 Masehi. Dadi Candhi Kalasan iku dibangun sak abad luwih ndhisik menawa dibandhingake karo Candhi Borobudur.

“Gampang nemokake Candhi Kalasan, sebab mapan ing pinggir dalan gedhe kang ngubungake Yogya-Solo,” critane Herlina, wisatawan saka Purwokerto marang PS du­rung suwe iki. Herlina, mahasiswa sawijining perguruan tinggi ing Purwokerto ngaku pancen seneng jelajah candhi kang pancen akeh ditemoake ing kukuban Kalasan lan Prambanan, ing Yogyakarta iki.

Candhi Kalasan iku mung udakara rong kilometer saka Candhi Prambanan. Ora adoh saka Candhi Kalasan uga ana candhi-candhi liya kaya ta Candhi Sari kang ora adoh saka Candhi Kalasan. Lan pada-pada minangka Candhi Buddha. Ora adoh saka papan iku ana Candhi Sambisari, kang minangka Candhi Hindhu. Ana Candhi Keraton Boko, Candhi Banyuniba lan sapanunggalane.

“Iki durung candhi-candhi kang mapan ing kukuban Prambanan Klaten, kang uga ana maneka candhi kang pantes ditiliki kaya ta Candhi Plaosan, Candhi Sewu, Candhi Merak, Candhi Karangnongko lan sapanung­galane?” panambahe Herlina mangenani akehe candhi ana ing kukuban Kalasan, Pram­banan kang ana ing dhaerah perbatasan antarane Kabupaten Sleman lan Kabupaten Klaten.

Adedasar prasasti Kalasan kanthi angka taun 778 Masehi disebutake menawa Candhi Kalasan minangka wewangunan suci kanggo ngurmati Dewi Tara utawa Tarabhawana. Tara iku minangka figure suci wanita Buddha. Tara utawa Dewi Tara iku minangka pra­lambang kebebasan utawa kamardikan . Lambang wong kang kinasih.

Saliyane madeg kanggo ngurmati Dewi Tara. Candhi Kalasan uga dibangun kanggo menehi pakurmatan marang para pandhita Buddha. Dinuga candhi iku mbiyen minangka asrama kanggo para bhiksu utawa pendeta Buddha. Adhedhasar prasasti Kalasan iku dinuga wewangunan candhi dibangun de­ning Maharaja Tejapurnapana Panangkaran utawa Rakai Panangkaran saka Dinasti Syai­lendra.

Ana ing prasasti kanthi huruf Pre Nagari uga disebutake para guru sang raja iku kang njaluk marang sang maharaja supaya gelem gawe wewangunan suci kanggo Dewi Tara lengkap karo biarane minangka hadiah. Arkeolog Walanda Prof Johannes Gijsbertus (Hans) de Casparis nduweni tafsiran menawa wewangunan candhi iku dibangun beba­rengan antarane umat Buddha lan Hindhu.

Sejarawan Walanda Van Rumond ndu­we­ni panemu menawa ing kukuban Candhi Kalasan sadurunge ana papan pangibadahan suci kang luwih tuwa dibandhingake karo Candhi Kalasan. Saka asil panaliten taun 1928 oleh dudutan menawa wewangunan suci iku nduweni ukuran 45 X 45 meter. Wewa­ngunan candhi iku mbiyene tau ngalami re­novasi kaping telu.

Candhi Unik


Candhi Kalasan kang endah

Candhi Kalasan iku candhi kang unik. Ing antarane, candhi iku nduweni maneka rere­ngan kang endah. Maneka ornament lan relief iku dilapisi sajinis semen kuno kang disebut Vajralepa. Semen kuno iku manfaate kanggo nglindhungi candhi saka lumut lan jamur, kang pancen bisa ngrusak watu.

Vajralepa uga kanggo ngalusake pahatan relief lan menehi efek werna keemasan ana ing candhi iku. Teknologi Vajralepa pranyata durung digunakake ana ing candhi kang dibangun sadurunge Candhi Kalasan. Ing Candhi Prambanan conthone, teknologi Vajra­lepa durung digunakake. Lagi digu­nakake nalika mbangun Candhi Kalasan lan Candhi Sari kang ora doh saka papan iku. Ana pane­mu menawa Candhi Kalasan lan Candhi Sari mbiyen-mbiyene sak kompleks utawa dadi siji.

Candhi Kalasan digunaake kanggo papan pangibadahan. Menawa Candhi Sari digu­nakake kanggo asrama para bhiksu utawa para pendeta Buddha. Saka wewangunan candhi Buddha kanthi cakrik Hindhu uga bisa oleh dudutan menawa jaman mbiyen sabe­nere kerukunan beragama wis ana ing bumi nuswantara. Merga Rakai Panangkaran kang mbangun candhi iku ngrasuk agama Hindhu.

Sang raja mbangun candhi kanthi corak Buddha merga kepengin menehi pisungsun kanggo garwa padmi kang asma Pramudya Wardani. Saliyane iku ing jaman wangsa Syailendra, akeh parampara keraton kang ngrasuk agama Buddha. Lan para kawula kang kang beda agama iku tansah urip rukun kanthi njunjung Bhinekka Tunggal Ika. Mangkono. (Hamid Nuri)


Selasa, 23 Desember 2014

Ajaran Toleransi ing Kakawin Sutasoma

Kabudayan Jawa darbe jagad ka­su­sastran kang endah kahanane. Ka­cathet mahewu-hewu pustaka Jawa mijil, lan ora sithik kang jumedhul mi­nangka karya agung. Sawijining pustaka luhur kang didarbeni dening kasusu­sastran Jawa,yaiku Kakawin Sutasoma.

Tinilik sacara nasional, Kakawin Su­tasoma bisa disebut minangka karya agung kang kawentar. Apa sebabe, yaiku pethikan sawijining pupuhe jinupuk mi­nangka semboyan negara kita, Bhinneka Tunggal Ika. Kakawin iki yasane Mpu Tantular, lan karampungke udakara ing abad 14 Masehi.

Kakawin Sutasoma kasusun saka 148 pupuh lan 1209 gatra. Kakawin iki anya­ritakake anitise Sri Jinapati (pandheganing Budha Jina) ing marcapada minangka pang­reksa kantentreman lumawan kara­harjan. Panjenengane anjalma mring jiwaning Pangeran Sutasoma.

Kacarita, Pangeran Sutasoma kang kaprenah minangka adipati anom ing ne­gari Hastina. Panjenengane kajibah mi­nangka sesulihing keng rama, yaiku Sri Maharaja Ketu. Ananging, uwal saka pangajap, Pangeran Sutasoma nulak dhawuh kasebut. Panjenengane luwih kasengsem nggayuh lelakon ngaurip minangka pandhita ing wana suwung.

Para kawula Hastina kang ngrungu kabar kasebut samya nandhang dhuhkita. Pungkasan, para kawula Hastina nyuwun kondur lan kersane Pangeran Sutasoma jumeneng nata ing negari Hastina. Sa­kala, trenyuh-luluh atine Pangeran Suta­soma. Panjenengane kersa kondur ke­dhaton. Sang Pangeran banjur kapala­kra­make kalayan Dewi Candrawati, kang kapetung isih sadhereke.

Nalika dipandhegani dening Pangeran Sutasoma, negara Hastina dikur­mati banget dening negara-negara sebrang. Sa­wijining wektu, ana negara sebrang kang nyoba naklukake Hastina. Negara iku dipandhegani dening Prabu Sudanda.

Eman, Prabu Sudanda kinasoran kan­thi gampang dening Pangeran Sutaso­ma. Prabu Sudanda mertobat. Banjur su­medya dhiri minangka siswaning Pa­ngeran Sutasoma. Sawise iku, Prabu Su­danda salin dharma minangka ratu pan­dhita.

Ananging, sanadyan wis madeg mi­nangka ratu pandhita, isih ana kang ngganjel ing atine Prabu Sudanda. Panje­nengane nate janji tumrap Bathara Kala ngaturake Pangeran Sutasoma minang­ka labuhaning prasetyane. Amirengake udarasaning Prabu Sudanda Pangeran Sutasoma ora dadi goreh ing penggalih. Sang pangeran malah ngiklasake dhirine minangka labuhan kanggo Bathara Kala.

Lan kang kedaden ora salumrahe. Nalika disuguhake, makaping-kaping Ba­thara Kala ora saguh nguntal badhanira sang pangeran. Pranyata, ing anggane Pangeran Sutasoma mili Tirta Amerta Sari. Bathara Kala sanalika mawas dhiri lan mertobat. Wasana, kahanane jagad raya malih tentrem.

Minangka panutuping Kakawin Suta­soma, kacarita Pangeran Sutasoma kla­wan parameswarine turun keprabon. Le­lorone nyepi sarta ngayahi urip mawa malih laku. Salin panandhang minangka pandhita ing wukir sepi lan wana su­wung.

Kurang luwih, mangkono reringkesan saka Kakawin Sutasoma. Satemene, isih akeh “carita sripilan” saka kakawin kasebut, kaya ta nalika Pangeran Suta­soma nalika nyadharake Gajakawarta, Nagaraja, lan macan wadon saka laku nistha.

Kakawin Sutasoma

Prelu kauningan bilih kakawin Suta­soma ngemot ajaran rong agama, yaiku Hindhu lan Budha. Pambuka ing kakawin Sutasoma yaiku atur pakurmatan dhu­mateng Tritunggal dewa agama Hindhu, yaiku Brahma, Wisnu, lan Iswara (Siwa). Wondene, kaya kang wus kauningan sadurunge, kakawin iki nyaritakake pani­tisane Budha Jina, kang wus temtu makili ajaran Budha.

Sedawaning carita ing Kakawin Su­tasoma, pancen katuduhake makaping-kaping tumindake Pangeran Sutasoma kang ngemot ciri Budhistis, saupama ngadhepi mungsuh ora kudu kanthi nga­jurake. Ananging mungsuh iku didadekna mitra banjur dijak ninggalake kadur­janane.

Saka katrangan iku, kita bisa njupuk dudutan yaiku Kakawin Sutasoma nga­jarake toleransi. Ajaran toleransi iku katuduhake nalika agama Hindhu lan Budha bisa lumaku bebarengan kanthi rancag. Pancen, samubarang agama ing bumi iki padha dene ngormati, ananging apa kang kedaden ing Kakawin Sutasoma kapetung langka. Iki unike kakawin Suta­soma. Lan kirane sipat unik kang becik iki bisa ditrepake ing lumakuning uripe manungsa.

Emane, toleransi ing Indonesia kaya-kaya wis arep dadi barang langka. Ora sithik, wong kang luwih ngutamakake kepentingane awake dhewe lan nranyak hak-e liyan. Sapa kang luwih kuwat lan kwasa senantyasa akarep ngwasani lan/utawa ngajurake pehak sangisore. Ju­me­nenging ukum, wis dudu pathokan kang samesthine. Ukum kang manjilma yaiku pathokaning wana-raya; hukum rimba.

Bok menawa, kita prelu sedhela ngungak kawuri. Ngelingi sadurunge negeri iki mardika, ana barisan-barisan mudha antar-suku kang gelem ma­nung­gal, nyawijikake pikir lan tena­gane kang­go raharjaning Nuswantara. Barisan-barisan saka maneka dhaerah kang wi­nastanan Jong Java, Jong Celebes, Jong Sumatranen Bond, lan sapanunggalane padha dene asung kabisane ing Sumpah Pemuda II, kang kalaksanake 28 Oktober 1928, mi­nangka sarana nggayuh kamar­dika­ning bangsa.

Bapak Proklamator kita, Soekarno-Hatta, minurut carita kang binabar uga ora tansah sapamikiran. Lelorone ke­rep sasebrangan pamikirane. Ana­nging, sa­nyatane tetep bisa lumaku bebarengan ngayahi jejibahan mi­nang­ka wakil rakyat sejati.

Lelakon-lelakon kasebut menehi ka­wruh utama yen perbedaan sate­me­ne ora prelu dadi prakara. Ana­nging, perbe­daan kang ana ndadekake bahan kanggo teteg kuwating “rancang bangun” negara supaya madeg kanthi tata-titi tenrem karta raharja.

Cak Nun (Emha Ainun Nadjib) nate ngendika yen manungsa iku pancen pinaringan akarep. Ananing kekarepan bisa dipenging, ora kudu tansah sinem­badan. Mula, sayektine kang karanan toleransi yaiku “ketahanan”, mligine keta­hanan ing babagan akarep. Keka­repan kang bisa gawe dredah kudu di­singkirake. Fokus mring ancasing le­lampahan kudu dadi babagan diutamak­ake. Luwih cethane ancasing negeri kang karuntutake sajeroning Pancasila.

Karya sastra, amung suka permo­dhelan ngaluhur saka uriping manungsa. Hakikate yaiku minangka pangilon kang­go laku kang wis tinapak. Apa kang wi­nedhar sajerone, isih bisa ditiru minang­ka tanggap sasmita supaya urip ora lumaku sacara kliru. 


http://www.panjebarsemangat.co.id/ajaran-toleransi-ing-kakawin-sutasoma

Senin, 22 Desember 2014

Watak Utama

Sinom

Ambegé kang wus utama,

tan ngendhak gunaning janmi,

amiguna ing aguna,

sasolahé kudu bathi,

pinteré dèn alingi,

bodhoné dinokok ngayun,

pamrihé dèn inaa,

aja na ngarani bangkit,

suka lila dèn ina sapadha-padha.




Wulangreh, Paku Buwana IV

Katrangan tembung:
  1. ambeg = i. (kn): 1.watak; 2.awatak, duwe bebuden; 3. umuk, duwe anggep luhur lsp; 4. engg. rewel (tumrap bocah); diambegi: direngkuh kalawan ambeg (umuk). ii. ambegan: (kn). napas, mlebu metune hawa ing irung (kebuk); 2. nyerot lan ngetokake hawa. ambeg darma (kw): welasan (seneng tetulung); ambeg pati (br): ora wedi marang pati (wani mati); ambeg siya (kn): awatak siya marang; ambeg sura (kw): kendel banget; ambeg wani (br): kendel, kumendel, ambeg welas (kn): welasan.
  2. utama =(s) 1. (kw). becik, linuwih; 2. n. utami (k): luwih dening becik (tumrap bebuden, watak, lsp); utamane: prayogane, becike.
  3. ngendhak = (kn): 1. mareni (kamanuhan, lsp), ninggal (pagawean); 2. nyandhet (kanepson, lsp)
  4. guna = (s) 1. (kw) watak, kaluwihan, kapinteran; 2. (kn) panggawe, krenah, paeka; 3. (n) gina (k) paedah; guna bisa, guna gawe, guna piranti, guna sarana, guna sekti (kn):daya kang ngungkuli kodrat ginawe krenah (maeka) ing liyan; gumuna (br):kuminter; nggunani: maeka (menggawe) ing liyan sarana guna gawe, lsp; ngguna gawe (kn): maeka, menggawe; maling aguna: maling sekti.
  5. janmi = janma, jalma, manungsa, nara, wong,
  6. amiguna = (kw): pinter; migunanni : maedahi; migunakake: nganggo
  7. den = i (kw): 1. di- , upamane den prajaya; 2. di- (pakon alus) upamane : den ngati-ati. ii. pacelathon: sesebutane wong sing isih dharah; 2.(enggonan) sebutane wong lanang (sing klebu tengahan).
  8. bangkit = bisa.
  9. suka = i (kn) bungah; suka-suka, suka pari suka, sukan-sukan: bungah-bungah, seneng-seneng. ii (k): aweh, oleh (nglilani); dipunsukani (k): diwenehi, dipunsukakaken:diwenehake; suka lila (rila) (kn): kanthi senenging ati sarta lila; suka- nrima, suka- sukur, suka-panarimah) (kn): matur nuwun.
  10. ina = 1. (kw) nistha, asor; 2. (kn) ak. cacad (tumrap badan); 3 (kw): picak; 4 (ak) weya, kurang ngati-ati; diina : diremehake, disepelekake (dipesthekake yen ora bisa; ina budi (kw): bodho.





http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/12%20WACAN%20AKSARA%20JAWA

Minggu, 21 Desember 2014

Syekh Maulana Maghribi Kang Nurunake Ratu-Ratu Mataram



Tekan saprene Parjiyono mengkirig yen kelingan pengalaman nalika tirakat sujarahan ana makame Syekh Maulana Maghribi ing Gunung Sentana, salor-wetane cepuri Parangkusuma, Parangtritis, Yogyakarta. Nalika semana udakara jam loro bengi. Lagi enak-enake turu ana bangsal palereman karo kancane sadesa dumadakan krungu swara thing…thung…thing…thung…brung, sora banget mawali-wali kaya swarane gamelan jathilan.

Ora lidok, saka lompongan dalan mlebu makam jumedhul rerupan kang medeni. Rambute riyap-riyap, raine abang mangar-mangar. Wong nyebut iki barongan. Saburine ana paraga loro kang nunggang jaran kepang. Wong telu mau njoged ngleter ana satengahe plataran. Sing nabuh padha lungguh ana pinggir sangisore wit jambu. Tontonan gratis iki suwene kira-kira sepuluh menit. Anehe, ngerti-ngerti kabeh padha bali metu dalan sing diliwati mau tanpa swara, terus ilang ora karuwan parane.

Parjiyono karo kancane padha ndhrodhog wel-welan jalaran saka wedine. Kabeh padha gumun dene ing tengah wengi ana wong mbarang jathilan tur ana makam. Lagi esuke kedadeyan iki ditakokake marang jurukunci. Diwangsuli yen pengalamane Parjiyono iki mung godha. Sing mbarang iku bangsane dhemit. Dheweke kandha tau dicritani pengunjung kang weruh ana putri ayu nganggo busana cara kraton, ngerti-ngerti mlebu pasareyan ing tengah wengi. Liya dina ana maneh kang kandha weruh ana irid-iridan wong, sing ngarep sajak kaya pendhita, ngerti-ngerti uga mlebu pasareyan. Kamangka makam iku dikunci yen wis ora ana peziarah kang sowan. Kandhane, saplok pasareyan iki diwenehi lampu listrik kedadeyan kaya kang dialami wong-wong iku wus langka.

Pasareyan Syekh Maulana Maghribi iki dijaga sacara giliran dening jurukunci cacah 39 reh karaton Yogyakarta kang dipandhegani R. Ng. Suraksatarwana. Ana papan telu kang dijaga, yaiku cepuri Parangkusuma, makame Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang Aking, sarta makame Syekh Maulana Maghribi. Jurukunci iku dibage dadi telung kelompok. Sakelompok kena giliran seminggu. Kabeh makam iku terbuka sedina muput. Yen butuh jurukunci kari nabuh kenthongan, mengko mesthi ana sing teka.

Dene pasareyane Kyai Selaening sawetane Parangwedang dudu pasareyan pepundhen karaton. Mulane ora ana jurukunci tanduran kraton.

Sapa ta Syekh Maulana Maghribi iku? Adhedhasar Babad Demak panjenengane iku sawijine wong Arab kang mumpuni ilmu agama Islam. Asale saka tanah Pasai. Critane isih tedhak turune Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan klebu golongan wali ing tanah Jawa. Anggone angejawa mbarengi adege karaton Demak. Panjenengane mula kagungan ancas tujuwan ngislamake wong Jawa.

Sabedhahe kraton Majapait ganti kraton Demak kang disengkuyung dening para wali. Sawise tentrem negarane para wali andum gawe nyebarake agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ana kana dipundhut mantu dening sang adipati. Nanging durung nganti taunan nuli ditundhung, sebabe apa ora kecrita. Saoncate saka Blambangan banjur menyang Tuban, menyang panggonane kanca akrabe lan padha-padha saka Pasai, tunggale Sunan Bejagung karo Syekh Siti Jenar. Saka kono Syekh Maulana banjur lelana tabligh menyang Mancingan.

Nalika tabligh ana Mancingan iki Syekh Maulana sejatine wis peputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Telangkas) saka garwa asma Rasa Wulan, ya rayine Sunan Kalijaga (R. Sahid). Wektu ditinggal ramane lunga Kidang Telangkas isih bayi.

Kawuningana nalika oncat saka Blambangan sejatine Syekh Maulana uga ninggal wetengan kang mbabar kakung, diparingi asma Jaka Samudra. Ing tembe Jaka Samudra jumeneng waliyullah ana Giri, ajejuluk Prabu Satmata utawa Sunan Giri. Nalika Syekh Maulana tekan Mancingan ing kana wis ana sawijine pendhita Budha kang limpad, asmane Kyai Selaening. Daleme ana sawetane Parangwedang. Dene papan pamujane kyai iki karo murid-muride ana candhi kang didegake ana sadhuwure gunung Sentana.

Sakawit Syekh Maulana ethok-ethok meguru karo Kyai Selaening. Ana bebrayan umum Syekh Maulana kadhangkala sok ngatonake pangeram-eram. Suwe-suwe Kyai Selaening midhanget bab iki. Syekh Maulana ditimbali lan dipundhuti priksa apa anane. Ya ing kono iku Syekh Maulana ngyakinake Kyai Selaening bab ilmu agama kang sanyata. Wong loro iku banjur bebantahan ilmu. Nanging Kyai Selaening ora keconggah nandhingi ilmune Syekh Maulana. Mulane panjenengane genti meguru marang Syekh Maulana. Panjenengane banjur ngrasuk agama Islam.

Wektu iku ing padepokane Kyai Selaening wis ana putra loro playon saka Majapait kang ngayom ana kono, asmane Raden Dhandhun lan Raden Dhandher, karo-karone putrane Prabu Brawijaya V saka Majapait. Bareng Kyai Selaening mlebu Islam putra Majapait iku uga banjur dadi Islam, asmane diganti dadi Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang (Dami) Aking.

Syekh Maulana ora enggal-enggal jengkar saka Mancingan nanging sawatara taun angasrama ana kana, mulang agama marang warga-warga desa. Daleme ana padepokan ing sadhuwure Gunung Sentana, cedhak karo candhi. Candhi iki baka sethithik diilangi sipate. Kyai Selaening isih tetep ana padhepokan sawetane Parangwedang nganti tekan ajale. Welinge marang anak putune, aja pisan-pisan kuburane dimulyakake. Makame iki lagi taun 1950-an dipugar karo sedulur saka Daengan. Banjur ing taun 1961 dipugar luwih apik maneh dening sawijine pengusaha saka kutha.

Bareng wis dianggep cukup anggone syiar agama Syekh Maulana banjur jengkar saka Mancingan lan meling supaya tilas padhepokane iku diapik-apik kayadene nalika wong-wong padha mbecikake candi. Ya ing padhepokan iku wong-wong banjur yasa kijing. Sapa sing kepengin nyuwun berkahe Syekh Maulana cukup ana ngarep kijing iki, kayadene ngadhep karo panjenengane.

Syekh Maulana Maghribi utawa Syekh Maulana Malik Ibrahim sawise saka Mancingan nerusake tindake syiar agama ana ing Jawa Timur. Bareng seda jenazahe disarekake ana makam Gapura, wilayah Gresik. Syekh Maulana Maghribi nurunake ratu-ratu trah Mataram.

Urutane silsilah: Bupati Tuban-Dewi Rasa Wulan (nggarwa Syekh Maulana)-Jaka Tarub (nggarwa Dewi Nawangwulan)-Nawangsih (nggarwa Radhen Bondhan Kejawan)-Kyai Ageng Getas Pendhawa-Kyai Ageng Sela-Kyai Ageng Anis/Henis-Kyai Ageng Pemanahan (Kyai Ageng Mataram)-Kanjeng Panembahan Senapati-Kanjeng Susuhunan Seda Krapyak-Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma-Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat (Seda Tegalarum)-Kanjeng Susuhunan Paku Buwana I-Kanjeng Susuhunan Mangkurat Jawi-ratu-ratu karaton Surakarta, Yogyakarta, Pakualaman, lan Mangkunegaran.

Masiya makame Syekh Maulana ing Gunung Sentana dudu pasareyan sing sabenere, nanging saben ana rombongan ziarah Wali Sanga mesthi merlokake ziarah ana pasareyan Syekh Maulana ing Parangtritis. Panggonan liya sing mesthi dadi jujugane ziarah Wali Sanga yaiku makam Gunung Pring, Muntilan (pasareyane Kyai Santri) lan makam Bayat. Kayadene makam pepundhen kraton liyane, saben wulan Ruwah makame Syekh Maulana uga nampa kiriman dhuwit lan ubarampe “kuthamara” saka kraton Yogyakarta. Saben tanggal 25 Ruwah ing makam iki diadani wilujengan sadranan.


Ature: Suwarsono L.
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Sabtu, 20 Desember 2014

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa


Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.

Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku.

Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.

Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina.

Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.

Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.

Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.

***

Ature: Waluja Djati

JB 47/LX, 23-29 Juli 2006



Jumat, 19 Desember 2014

Adat Tata Cara Jawi

I. ADAT NALIKA JISIM DIPUN BIDHALAKEN

Ing wekdal sapunika taksih kathah para sedherek Jawi ingkang ngugemi adat sarta tata cara warisan para luhur, ananging ugi kathah adat sarta tata cara kina ingkang sampun dipun tilar. Minangkani pamundhutipun salah satungggaling sutresna Jawi ing babagan sakiwa tengenipun bab nalika wonten jisim ingkang badhe kabidhalaken, adat sarta tata cara kina ingkang taksih saged dipun prangguli ing satengahing bebrayan agung Jawi ing antawisipun kados ing ngandhap punika :
  1. Brobosan ; inggih punika menawi ingkang tilar donya punika tiyang sepuh, para anak putu dipun brobosaken ing sangandhaping bandhosa ingkang sampun dipun angkat. Kathahipun kaping tiga. Tujuwanipun : supados kita nyumerepi dumadosing kita ing alam donya punika lantaran saking tiyang sepuh. Kaping kalih anak putu sampun ngeklasaken dhumateng ingkang sampun tilar donya sowan dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwaos.
  2. Saderengipun jisim dipun bidhalaken wonten adicara mecah kendhi ingkang isinipun toya kacampuran sekar.
  3. Nalika jisim dipun bidhalaken wonten pawongan ingkang mbekta senthir ngantos dumugining regol, kulawarganipun memuji supados ingkang tilar donya sageda padhang, boten kepetengen ing tengah margi.
  4. Sesarengan kaliyan mbekta senthir margi ingkang dipun langkungi jisim dipun saponi, meh sami kaliyan angka kalih bilih kulawarganipun memuji supados margining ing alam kubur sageda resik, boten wonten alangan 
  5. Mecah gendheng , nalika jisim dipun bidhalaken kulawarganipun lajeng mecah gendheng ing pangangkah supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar malih jalaran griyanipun sampun risak, utawi dipun risak. 
  6. Mecah piring , meh sami kaliyan mecah gendheng supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar masalahipun kulawarganipun sampun boten purun nampi lantaran piringipun ingkang dipun angge ajang sampun dipun pecah. 
  7. Menawi ingkang tilar donya jaka utawi prawan , tegesipun dereng nate emah-emah lajeng dipun damelaken gagar mayang (sanes kembar mayang kangge penganten ) kaliyan dipun sangoni ayam ingkang taksih lancur (menawi jaler) lan taksih dhere (menawi estri). Ayamipun dipun culaken sasampunipun layon dipunpetak.
  8. Menawi dumugi malem dinten geblagipun ingkang tilar donya jedhing utawi kolah kedah dipun kebaki. Ing ngriki wonten kapitadosan bilih rohipun ingkang tilar donya wangsul dhateng griya. 
  9. Wonten kapitadosan bilih roh ingkang tilar donya nalika :
  • Tigang dinten, taksih sare wonten panggenan nalika geblagipun.
  • Pitung dinten, taksih wonten ing salebeting griya.
  • Kawan dasa dinten, nembe pamit ninggalaken griya. Ing bab punika percados utawi boten nyumanggakaken.

Adat sarta tata cara ing nginggil wonten ingkang sampun boten dipun angge nanging ugi kathah ingkang sampun boten angge utawi ical. Kados adat utawi tata cara brobosan taksih kathah dipun lampahi ing tlatah Pacitan, Madiun,Lamongan ngantos Surabaya. Ananging tata cara kados mbekta senthir, nyaponi margi, mecah gendheng, sarta mecah piring sampun boten pinanggih. Miturut katrangan sedherek kula ingkang wonten Baturetna, Wonogiri adat mecah gendheng sarta mecah piring taksih wonten namung mligi priyantun ingkang sugih utawi taksih wonten trah sentana dalem. Kanggenipun brayat ingkang sanes trah sampun kathah ing nilar. 
Namung ugi perlu dipun kawuningani bilih ingkang nami adat sarta tatacara punika tamtu owah gingsir kabekta saking owah gingsiring jaman.


II. WASITA SINANDI

Saleresipun kathah wasita sinandi (petuah tersembunyi, pitutur sae ingkang boten melok) ingkang sae , menawi dipun takeni menapa sebabipun namung dipun wangsuli “ora becik” kadosta :
  1. Aja mangan ing tengah lawang.
  2. Aja mangan kanthi nyangga piring.
  3. Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen.
  4. Aja ajang layah, mengko yen dadi penganten mundhak udan deres.
  5. Aja payungan, nganggo caping (capil) ing njero omah.
  6. Yen nyapu sing resik, yen ora resik mengko mundhak brengosen.
  7. Tuku lenga tanah (lenga gas) aja ing wayah bengi.
  8. Aja nyapu jogan ing wayah bengi.
  9. Aja nggawa ujungan godhong gedhang menyang jero omah.
  10. Menawi wonten bledheg kaca-kaca paesan (cermin) kedah dipun tutupi.
  11. Aja turu kasur tanpa sprei.

Taksih kathah wasita sinandi sanesipun ingkang dereng katuraken, mangke kula sambet ing wekdal sanesipun. 
Nuwun.




Kamis, 18 Desember 2014

Dewi Ambika


Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima, nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabata.

Prabu Darmamuka darbe putra telu, yaiku: Dewi Ambika, Ambiki, lan Ambahini (uga sok disebut Amba, Ambika, lan Ambalika). Giyantipura nagara makmur merga ratune adil. Anggone jumeneng nata diembani Patih Trimuka. Senapatine raseksa kembar Wahmuka lan Arimuka.

Ngancik diwasa, putri nata tetelune mekar dadi wanodya sulistya, ndadekake akeh satriya lan raja mudha saka mancanagara padha kepencut kepengin nglamar minangka garwa. Sang prabu bingung nemtokake endi kang kudu ditampa. Atas ature patih, Sang Prabu nuli adeg sayembara. Minangka jago, Wahmuka lan Arimuka. Sapa kang bisa ngasorake wenang mboyong putri tetelune.

Akeh satriya lan raja padha ngleboni sayembara kuwi. Nanging siji baka siji nalika genti-genti munggah blabar kawat, ora ana kang kuwawa nandhingi Wahmuka lan Arimuka. Senapati raseksa loro kuwi kaya ora tau bisa mati. Saben salah siji mati, kuwandane dilumpati sedulure, bali urip maneh. Wekasane kang mupu sayembara padha mulih tanpa asil.

Sayembara iku uga kapireng Prabu Sentanu, nata Astina. Sang nata kagungan putra telu, Dewabrata, Citragada, lan Citrasena. Tetelune wis diwasa, ning durung palakrama. Sang nata ngutus Dewabrata kang pambayun supaya ngleboni sayembara.

Nadyan abot nindakake dhawuhe kang rama, Dewabrata matur sendika. Satriya bagus iki sejatine wis sumpah nedya wadat, ora palakrama selawase, merga ora kepengin gumanti nata. Lakune Dewabrata menyang Giyantipura kadherekake panakawan catur.

Cekake crita, Dewabrata wis teka ing Giyantipura, banjur munggah blabar kawat nandhingi Wahmuka lan Harimuka. Nganti sawatara suwene anggone padha perang tandhing, ning ora ana kang kalah. Senapati buta loro iku saben salah sijine tiwas, kuwandane dilangkahi sedulur kembarane, jegegah bali urip maneh..

Mangkono wola-wali nganti Dewabrata kekeselen. Banjur takon marang Semar, apa wewadine mungsuhe kuwi. Semar ngulungake kunir-enjet lan matur supaya diolesake ing pucuk kerise Dewabrata. Keris diolesi kunir-enjet, Dewabrata bali maju maneh. Lan aneh, nalika Wahmuka kesuduk, sanalika sirna malih dadi kawah. Dene Arimuka malih dadi ari-ari. Jebule buta loro kuwi panjalmane kawah lan ari-arine putri nata Giyantipura.

Prabu Darmamuka resmi maringake putri tetelune marang Dewabrata. Dewi Ambika digarwa Dewabrata, Dewi Ambiki digarwa Citrasena, lan Dewi Ambahini digarwa Citragada. Kanggo sauntara, Dewabrata lan Dewi Ambika mapan ana kraton Giyantipura.

Dewi Ambika tresna banget marang Dewabrata. Yen turu, ora gelem adoh, njaluke tansah ditunggoni. Ning Dewabrata banjur eling marang prasetyane wadat. Mula, nalika Dewi Ambika lagi turu kepati, kanthi sesidheman metu saka kraton nedya bali menyang Astina. Ning, lagi tekan tapel watese kutha, ketututan Dewi Ambika. Sang dewi mbondheti nedya melu menyang ngendi wae. Dewabrata panggah ora gelem dieloni. Malah ngunus keris kanggo meden-medeni. Lan tanpa disengaja, keris ngenani Dewi Ambika temenan, ndadekake patine.

Sasedane Dewi Ambika, ana swara ngumandhang ing langit ngandharake, besuk Dewabrata bakal nemahi pati ing tangane senapati wanita ing perang Baratayuda. Bab iku tembene kedadeyan tenan. Dewabrata kang besuke dadi pandhita jejuluk Resi Bisma, nalika madeg senapatine Kurawa gugur lumawan Srikandhi.



Ature: Waluja Djati

JB 45/LX, Minggu II Juli 2006