(Dening : N.H )
Teranging jagad
Hamiyak ..
Kepelanipun mendung
Sih nggegem mangsa
Panjangipun tan kira-kira
Pratiwi hapeteng ndedet
Tanpa pratanda
Ya namung waton polahe angin
Rikala ..
Mripate cumlorot
Nyenteri jagadipun
Sedaya bakal katingal
Warna-warninipun
Rupaning citra lan rasa
Kasorot aning tawang
Den nggaet manah kita
Larikanipun wit-witan
Cumetha ijo royo-royo
Katon ngombak uga ngawe-awe
Marang polahe angin
Den dawuhi njur migunani
Mring gesange manungsa
Menika kanekmatanipun Gusti
Mila, syukur tansah sedaya raosaken
Tidak ada komentar:
Posting Komentar