1. Pamalayu lan patumapel (tekaning prajurit
saka Malayu lan prastawa Tumapel ) i çaka “Resi-Sanga-Samadhi”, 1197 (1275 M).
2. Jaya Katong madeg ratu ing Daha i çaka “Naga-Muka-Dara-Tunggal”, 1198 (1276 M).
3. Raden Wijaya madeg dadi ratu ing taun Çaka
“Rasa Rupa Dwi Çitangsu” 1216 (1294 M).
4. Raden Wijaya ajejuluk Çri Kertarajasa.
seda disarekake ing Antapura, ing taun Çaka 1157 ( 1235 M).
5. Kraman Ranggalawe ing taun Çaka “Kuda Bhumi Paksaning Wong” 1217 (1295 M).
6. Jayanagara seda ing taun Çaka “Api-api Tangan Tunggal” 1233 (1311 M). :
7. Patine Juru Demung ing taun Çaka “Arta Guna Paksa Wong”
1235 (1313 M)
8. Semi diprajaya ing soring wit randhu ing
taun Çaka “Nora Weda Paksa Wong” 1240 (1318 M).
9. Kraman Kuti ing taun Çaka “Bhasmi Bhuta Nangani Ratu” 1250 (1328 M).
10. Bhreng Kahuripan madeg dadi ratu i çaka “Çunya-Wisaya-Paksa-Bhumi", 1250 (1328 M ).
11. Prastawa Sadeng ing taun Çaka “Kaya Bhuta Non Daging” 1253 (1331 M )
12. Perang Bubat ing taun Çaka “Sanga Turangga Paksa Wani” 1279 (1357 M)
13. Upacara paçraddhan agung ing taun Çaka “Pat Ula Ro Tunggal”
1284 (1362 M ).
14. Sang patih Gajah Mada seda ing taun Çaka “Gagana Muka Matendu”
1290 (1368 M).
15. Gajah Enggon madeg dadi patih ing taun
Çaka “Guna Sanga Paksaning Wong” 1293 (1371 M).
16. Nuli ana gunung anyar ing taun Çaka “Naga Leng Karnaning Wong” 1298 (1376 M ) .
17. Guntur pamadhasih ing taun Çaka “Resi Çunya Guna Tunggal” 1307 (1385 M )
18. Bhre Tumapel seda, disarekake ing
Çunyalaya taun Çaka”Matangga Sunya Kayeku” 1308 (1386 M).
19. Bhra Parameçwara Pamotan seda ing taun
Çaka “Gagana Rupa Nahut Wulan” 1310 (1388 M ).
20. Bhre Hyang Wekasing Suka seda ing taun
Çaka “Medini Rupa Rameku” 1311 (1389 M )
21. Guntur (longsor, banjir ) ing wuku
Prangbakat ing taun Çaka “Mukaning Wong Kaya
Naga” (?) 1317 (1395 M) .
22. Gajah Enggon mati ing taun Çaka “Çunya Paksa Kaya Janma” 1320 (1398 M).
23. Bhra Hyang Wekasing Suka seda ing
Indrabhawana ing taun Çaka “Janma Netragni
Çitangsu” 1321 (1399 M ).
24. Bhre Wirabhumi diprajaya digawa menyang
Majapahit, disarekake ing Lung, dharmabhiseka ing Goriçapura ing taun Çaka “Naga Loro Nahut Wulan“ 1328 (1406 M).
25. Patih Gajah Maguri seda ing taun Çaka 1332
(1410 M).
26. Guntur ( banjir , longsor) ing wuku Julung
pujut, ing taun Çaka “Kaya Weda Gunaning Wong” 1343 (1421 M).
27. Gajah Lembana seda ing taun Çaka “Pawanagni Kaya Bhumi”
1335 (1413 M ).
28. Palantaran agung ing taun Çaka “Liman Kaya Ngambah Lemah” 1338 (1416 M).
29. Pahilan agung ing taun Çaka “Naga Yuga Nahut Wong”
1348 (1426 M)
30. Bhra prabhu stri (Ratu Ayu ) seda ing taun
Çaka “Rupa Nilagni Çitangsu” 1351 (1429 M).
31. Gusti Kanaka seda ing taun Çaka “Paksa Wihat Gunaning Wong” 1363 (1441 M).
32. Raden Gajah diprajaya bhre Wirabhumi ing
taun Çaka “Bhuta Manah Antelu Tunggal” 1355 (1433 M).
33. Bhre Daha madeg ratu ing taun Çaka “Manawa Pancagni Wulan” 1359 (1437 M).
34. Bhre Parameswara seda ing Wisnubhawana ing
taun Çaka “Nagaganaagni Çitangsu ( Naga Gana Agni
Çitangsu )" 1368 (1446 M).
35. Bhre prabhu stri seda ing taun Çaka “Nawa Rasagni Çitangsu“ 1369 (1447 M).
36. Bhre prabhu seda ing taun Çaka “Bahni Parwata Kayeku“
1373 (1451 M)
37. Bhre Wengker madeg dadi ratu, ajejuluk
bhra Hyang Purwawisesa, ing taun Çaka “Brahmana
Saptagnyanahut Wulan (?)" 1378
(1456 M)
38. Guntur ( banjir, longsor ) ing wuku
Landhep ing taun Çaka “Pat Ula Telung Wit“ 1384 (1462 M).
39. Bhre Daha seda ing taun Çaka “Gana Brahmanagni Tunggal“ 1386 (1464 M).
40. Bhra Hyang Purwawisesa seda disarekake ing
Puri, ing taun Çaka “Brahmana Nagagni Çitangsu” 1388 (1466 M).
41. Bhre Pandan Salas madeg ratu ing taun Çaka
“Brahmana Naga Kaya Tunggal” 1388 (1466 M).
42. Bhre prabhu seda ing Kedaton ing taun Çaka
“Kayambara Sagareku“ 1403 (1481 M).
43. Pararaton tamat. Telas tinulis ing
Icchasada ing Çelapenek, ing taun Çaka ; “Wisaya
Guna Bayuning Wong” 1535 (1613 M ).
WATAKING TEMBUNG KANG ANA ING PARARATON :
- Siji = tunggal, dhi, rupa, bumi, wong, sitangsu, ratu, daging, wani,
indhu, iku, medini, janma, lemah, wit, iku,
- Loro = dwi, paksa, tangan, nangani, anon, karna, mata, netra,
- Telu = api, guna, kaya, nahut, rama, agni, ngambah, antelu, bahni,
telung,
- Papat = weda, yuga, pat, sagara,
- Lima = arta, buta, wisaya, pawana, nila, manah, panca, bayu,
- Nem = rasa, wihat, gana,
- Pitu = resi, kuda, turangga, parwata, sapta,
- Wolu = muka, naga, ula, matangga, liman, brahmana,
- Sanga = sanga, muka, leng, Manawa, nawa,
- Das = nora, bhasmi, sunya, gagana, ambara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar