Rabu, 31 Desember 2014

Pitutur Ing ndalem Serat Wulangreh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

Kinanthi


9.
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

(Atimu padha latihen supaya lantip (pinter) marang sasmita. Aja dhemen mangan lan turu. Pesunen (prihatin) awakmu kanthi nyuda mangan lan turu).

10.
Dadia lakunireki,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

(Nyegah mangan lan turu supaya dadi laku (kebiasaan), lan aja dhemen seneng-seneng, oleh seneng-seneng nanging sauntara bae, jalaran seneng-seneng iku marakake suda prayitnaning ati).

11.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

(Yen kowe dititahake dadi wong gedhe, aja banjur sombong.Lan aja cedhak-cedhak karo wong ala kelakuwane, jalaran ora wurung bakal nulari (kalakuwane sing ala.)

12.
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

(Sanadyan wong cilik yen kelakuwane becik, iku pantes dicedhaki. Utawa sing sugih carita sing bisa kanggo patuladhan (conto) supaya mundhak budimu (nalarmu, kelakuwanmu).

13.
Yen wong anom wis tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen ngadhep akeh bangsat,
datan wurung bisa juti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.

(Yen wong (ratu) enom iku mesthi manut sing ngadhep (nayaka, menteri). Yen sing ngedhep iku bangsat mesthi katut dadi ala, sing ngadhep maling mesthi dadi maling).

14.
Sanajan ta nora milu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
yeku panuntuning iblis.

(Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe maling, kabeh penggawe ala iku yen kulina diweruhi, banjur klakon dadi muride iblis).

15.
Panggawe becik puniku,
gampang yen den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.

(Panggawe becik satemene gampang yen wis (gelem) nglakoni, nanging angel yen durung dilakoni, alesane aras-arasen lsp.Upamane dilakoni bakal mupangati marang awakmu).






Ajaran Serat Wulangreh | Pupuh Gambuh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur, 
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :
  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.
2.
Aja nganti kabanjur, 
sabarang polah kang nora jujur, 
yen kebanjur sayekti kojur tan becik, 
becik ngupayaa iku, 
pitutur ingkang sayektos. 

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.
3.
Pitutur bener iku, 
sayektine apantes tiniru, 
nadyan metu saking wong sudra papeki, 
lamun becik nggone muruk, 
iku pantes sira anggo. 

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.
4.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung, 
pan adigang kidang adigung pas esthi, 
adiguna ula iku, 
telu pisan mati sampyoh. 

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.
5.
Si kidang umbagipun, 
angandelken kebat lumpatipun, 
pan si gajah ngandelaken geng ainggil, 
ula ngandelaken iku, 
mandine kalamun nyakot. 

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Selasa, 30 Desember 2014

Adigang, Adigung, Adiguna

Serat Wulangreh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :

  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.

2.

Aja nganti kabanjur,

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.

3.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pas esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.

5.

Si kidang umbagipun,

angandelken kebat lumpatipun,

pan si gajah ngandelaken geng ainggil,

ula ngandelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Senin, 29 Desember 2014

Minangkani pamundhutipun Mas Utomo


Dhasar :
Sengkalan punika tetengering angka taun ingkang sinandi sarana tetembungan (ukara), gambar utawi pepethan.Tiyang Jawi remen dhateng sengkalan punika jalaran sengkalan limrahipun awujud ukara saengga gampil anggenipun ngenget-enget. Sengkalan limrahipun dipun serat wonten lawanging gapura utawi regol, sanginggiling kori , sanginggiling cungkup lsp.
Ingkang dipun sengkalani warni-warni :
Upami kraton inggih adeging kraton, sirnaning reresah utawi kraman, sudaning pamor kraton, ratu seda, utawi pangriptaning serat-serat kapujanggan lan sanes-sanesipun. Upami sanesing kraton inggih adeging griya, lairing putra, palakrama, lairing wayah, dinten sedanipun sesepuh, ngarang buku, lan sanes-sanesipun.

Wujudipun sengkalan :
Sengkalan ingkang awujud tetembungan kawastanan sengkalan lamba.
Sengkalan ingkang awujud gambar dipun wastani sengkalan memet.

Wewatoning taun :
Sengkalan ingkang manut lampahing rembulan dipun wastani candra sengkala.
Sengkalan ingkang manut lampahing srengenge dipun wastani surya sengkala.

Suraosipun sengkalan :
Suraosipun sengkalan sageda salaras kaliyan bab (kadadosan) ingkang dipun sengkalani. Sampun ngantos ukara sengkalan namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer. Saged ugi ngemu suraos : kekudangan, pangajeng-ajeng, pangalembana,pamuji, panyeda, panalangsaning manah, lsp. Mawa-mawa ingkang dipun sengkalani. Pokokipun ingkang mranani.


Sengkalan Lamba.

Cara pamaosipun :

Tuladha :
Kaya wulan putri iku.
Kaya = 3, wulan = 1, putri = 3, iku = 1 , pinanggih angka 3131, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1313 Caka. Dipun dadosaken taun Masehi dipun tambah 78 taun dados taun 1391 M.
Pinanggih ing pasareyanipun putri Campa ing Trowulan.
Janma trus kaswareng jagad.
Janma = 1, trus = 9, kaswareng = ka +swara + ing = 7 , jagad = 1, pinanggih angka 1971, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1791 taun Jawi. Jalaran taun jawi menawi badhe dipun titisaken sampun boten dipun tambah malih kaliyan 78. Jalaran saben taun gesehipun taun Jawi kaliyan taun Masehi saya dangu saya celak. Sapunika (taun 2010) kirang langkung gesehipun sampun 68 taun. Pinanggih ing serat Hidayat Jati, anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita.

Cara Panganggitipun :
Jalaran sapunika ingkang kaprah kaangge taun Masehi mila (menawi kula) langkung prayogi menawi adhedhasar taun Masehi kemawon. Ateges ngangge wewaton surya sengkala. Tembung-tembungipun tetep sami namung dhasaripun mendhet taun ingkang beda. 

Caranipun ngapalaken :
Lugunipun postingan kula wiwit angka nol ngantos pungkasan punika awujud sekar . Cobi panjenengan titi . namung postingan kula ingkang lami dhawah wonten ngandhap lan postingan ingkang enggal dhawah wonten nginggil. 


WATAK SETUNGGAL

Asmaradana
Janma nabi tunggal gusti,
badan rupa maha buda,
samadi iku pamase,
surya candra sasadhara,
wiji godhong lek kenya,
wungkul buweng urip nekung,
nyata sudira tyas putra.


WATAK KALIH

Kinanthi
Penganten dwi nembah suku,
gandheng asta ndulu dresthi,
netra myat buja bujana,
karnan ngrengga athi-athi,
paksa apasang carana,
sikara bau suwiwi.


WATAK TIGA 

Pangkur
Tri jatha lir wrin dahana,
kaya wignya uninga anahuti,
sorot brama api murub,
kobar guna ujwala,
teken siking keksi bahni kukus apyu,
nala benter rananggana,
katon panas pndha agni.


WATAK SEKAWAN

Pucung
Sumber sumur tlaga wening karya masuh,
udan bun her dadya,
warna warih waudadi,
tira nadi dadi suci wedang tawa.


WATAK GANGSAL

Durma
Saya galak guling wil yaksa raseksa,
marga pandhawa lungid,
bana wrayang sara,
wisaya pancakara,
cakra hru astra jemparing,
gati tinata,
braja margana angin.


WATAK NENEM

Sinom
Mangsa nenem carem raras,
Rasane madu hartati,
Naya sad wayang wuyungan, 
Ilat kilat obah manis, 
Ginggang prabatang oyig,
Madura sarkara retu,
Lona tikta kayasa,
Anggas anggang-anggang gonjing,
Tahen wreksa winayang kayu anggana.


WATAK PITU

Maskumambang
Resi gunung pitu anitih turanggi,
suka weling wulang,
swara gora angsa muni,
aswa giri gung himawan.


WATAK WOLU

Mijil
Astha basu ula slira murti,
gajah tengga bunglon,
tanu sarpa bajul baya tekek,
dipa manggala madya basuki,
dipangga angesthi,
brahmana wewolu.


WATAK SANGA

Gambuh
Kusuma ngganda arum,
Dewa sangan mbuka pintu masuk,
Kori menga gatra wangi terus manjing,
Muka wadana marbuk rum,
Anggangsir babahan bolong.


WATAK DAS

Megatruh
Sirna musna muksa mesat langit mumbul,
pejah tanpa suwarga nir,
brastha rusak swuh wuk suwung,
sunya windu surud sat nis,
sempal ngles gegana adoh.






Minggu, 28 Desember 2014

Pangrimbage Tembung –tembung sing di anggo sengkalan


Pangrimbage tembung-tembung sing dianggo sengkalan ana wolung warna, siji-sijine mawa tembung GURU. (Guru = patokan, wewaton, paugeran).

1. Guru dasanama , awewaton dasanama yaiku tembung sing padha tegese , dianggep padha watak wilangane , kayata : langit karo awang-awang, padha dene watak das (nol).

2. Guru sastra , awewaton sastra (tulisan). Sing tulisane padha dianggep watak wilangane padha , kayata : esthi tegese gajah nanging uga nduweni teges sedyaning ati, dianggep watak wilangane padha, padha dene nduweni watak 8.

3. Guru wanda , awewaton wanda (suku kata). Sing nduweni wanda padha dianggep padha watak wilangane, kayata : dadi, karo waudadi (segara), padha dene watak 4.

4. Guru warga, awewaton warga . Sing tunggal warga (golongan), dianggep watak wilangane padha, kayata : menyawak , karo cecak, tunggal warga kewan rumangkang (reptile), dinggep padha watak wilangane , padha dene 8.

5. Guru karya , awewaton karya (pakarti). Barang (perangane awak) karo pakartine dianggep padha watak wilangane, kayata : mripat karo mandeng, dinggep padha watak wilangane , padha dene 2 (mandeng iku pakartine mripat).

6. Guru sarana, awewaton sarana. Barang karo saranane (sarana kanggo apa, piranti kanggo apa) dianggep padha watak wilangane, kayata : jemparing karo perang, padha dene nduweni watak 5. (Jemparing iku srana kanggo perang).

7. Guru darwa, awewaton darwa (darwa = kahanan, watak, sipat). Barang karo darwane (watake) dianggep padha watak wilangane kayata : geni karo panas padha dene nduweni watak 3. (Panas iku darwane (sipate ) geni.

8. Guru jarwa , awewaton jarwa (maksude jarwa rasa). Tembung karo jarwane (jarwa rasa) dianggep padha watak wilangane, kayata : geger karo obah (oreg), padha dene nduweni watak 6. Geger iku ngemu surasa obah. Saupamane ana gunung njeblug, wong wong padha obah (oreg) bingung pating bilulung, satemah nuwuhake geger. Yen wong-wong padha meneng bae, ora padha obah (sanajanta ana gunung njeblug) , mesthi ora geger.

Pamrayoga :
  1. Nganggoa tembung-tembung sing lumrah dianggo sengkalan, aja nganti migunakake tembung sing angel ditegesi dening wong liya.
  2. Aja nganti migunakake tembung sing mbingungake watak wilangane.
  3. Ukara sengkalan sing becik iku sing surasane bisa mranani, tegese : surasane ukara sengkalan bisa salaras karo bab (kedadean) sing disengkalani.
  4. Ukara sengkalan sing mranani iku bisa ngemu surasa : kekudangan, pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panacat, panalangsane ati, lsp. Mawa-mawa (nurut) sing disengkalanii.





Sabtu, 27 Desember 2014

Sirna ilang kertaning bumi


Tetembungan ing dhuwur kaprah keprungu ing bebrayan utawa masyarakat. Satemene ukara ing dhuwur iku ukara sinandi kang nduweni teges angka tahun. Ukara ing dhuwur iku minangka pangeling-eling lebure utawa ambruke negara Majapait. Dene carane negesi kaya mangkene :
Sirna ateges 0 (nol), ilang ateges 0 (nol) kerta nduweni teges 4 (papat) bumi nduweni teges 1 (siji). Diurut saka ngarep dadi 0041, banjur diwaca saka ing buri 1400. Jalaran negara Majapait isih petungan taun Saka mula taun mau awujud taun Saka. Yen didadekake taun Masehi banjur ditambah 78 dadine 1400 + 78 = taun 1478.
Candrasengkala uga diarani sengkalan.

Tuladha candrasangkala liyane :

  1. Sanga kuda suddha candrama = 1799 Saka = 11157 Masehi. Tinemu ing Layang Bharatayuddha (nganggo tembang) sing dikarang dening Empu Sedah Lan Empu Panuluh nalika jaman Prabu Jayabaya ing Kediri.
  2. Sad sanganjala candra = 1496 Saka = 1574 Masehi. Tinemu ing Layang Harisraya (nganggo tembang)
  3. Guna paksa kaswareng rat = 1723 Saka = 1081 Masehi. Tinemu ing Layang Panji Angreni, lakon Dewi Candrakirana lan Raden Panji.
  4. Panerus tingal tataning nabi = 1529 Saka = 1607 Masehi. Tinemu ing Layang Suluk Wujil, jaman Sultan Agung.
  5. Geni rasa driya eka = 1563 Jawa = 1641 Masehi. Tinemu ing Layang Nitipraja, jaman Sultan Agung.
  6. Jalma paksa kawayang buwana = 1621 Jawa = 1699 Masehi. Tinemu ing Layang Sewaka, jaman Sinuwun Mangkurat (Pangeran Puger)
  7. Tasik sonya giri juga = 1704 Jawa = 1782 Masehi. Tinemu ing Layang Wiwaha jarwa jaman Sinuwun Paku Buwana III.
  8. Tata tri gora ratu = 1735 Jawa = 1813 Masehi. Tinemu ing Layang Paniti Sastra karangan Kyai Yasadipura.
  9. Naya merta maharsi manengkung = 1742 Jawa = 1820 Masehi. Tinemu ing Layang Darmasunya. Karangan Kyai Yasadipura II, jaman Sinuwun Paku Buwana V
  10. Pawaka ro wiku raja = 1723 Jawa 1801 Masehi. Tinemu ing Layang Dewaruci Jarwa. Karangan Kyai Yasadipura, jaman Sinuwun Paku Buwana V.
  11. Janma tri gora aji = 1731 Jawa = 1809 Masehi. Tinemu ing Layang Ambiya. Karangan Kyai Yasadipura.
  12. Sapta catur swareng janmi = 1747 Jawa = 1825 Masehi. Tinemu ing Layang Sasana Sunu, karangan Kyai Yasadipura.
  13. Song-song gora candra = 1799 Jawa = 1877 Masehi. Tinemu ing Layang Cemporet, karangan R. Ng. Ronggawarsita.
  14. Murtyastha amulang sunu = 1788 Jawa = 1862 Masehi. Tinemu ing Layang Wirawiyata, karangan KGPAA Mangkunagara IV.
  15. Kaya wulan putri iku = 1313 Saka. Tinemu ing pasareyane putri Cempa ing Trowulan.
  16. Rupa sirna retuning bumi = 1601 Jawa = 1679 Masehi. Sengkalan nalika kapikute Trunajaya nalika ngraman.
  17. Tri manunggal wiwaraning urip = 1913 Jawa = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.
  18. Tunggal ngesthi manjing gusti = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.



gegaran : Memetri Basa Jawi, S Padmosukaca, Kapustakan Jawi, R. Ng. Purbacaroko



Jumat, 26 Desember 2014

Satriya, Kepriye ?



Tembang ing dhuwur kapethik saka Serat Wulang Reh anggitan Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV minangka piwulang marang putra wayahe, supaya kabeh padha nduweni watak satriya. Apa ta satriya iku ? Miturut kamus Kawi-Jawa karangan C.F.Winter satriya iku tegese tedhak turune ratu. Dene miturut Baoesastra Djawi karangan WJS Poerwadarminta ateges : wong luhur, utawa prajurit luhur. Dene nyatriya : nduweni watak satriya , yaiku nduweni tindak tanduk kang utama sarta kendel. 

Watak utama iku watak kang ora nalisir saka bebener. Bebener kaya kang didhawuhake dening Gusti kang Maha Kawasa, sarta ora nalisir saka angger-anggering negara. Dene kendel ateges wani nindakake bebener, kayata mbrantas tindak korupsi, mbrantas mafia hukum sing saiki lagi dadi kawigatene bangsa Indonesia.
Jatmika tegese anteng utawa alus budine. Nindakake samubarang pakaryan ora kena grusa-grusu, sing tundhone malah kliru. Dene ruruh ateges wanguning praen sareh. Tembung jatmika lan ruruh iku tembung loro sing ora kena dipisah-pisahake. Wong sareh ora ateges ora bisa mlayu banter. Samubarang tindak dipikir kanthi jero. Wasis samubarangipun bisa mumpuni sabarang pakaryan, pinter ing sakabehe.

***