Tampilkan postingan dengan label SERAT. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label SERAT. Tampilkan semua postingan

Rabu, 31 Desember 2014

Pitutur Ing ndalem Serat Wulangreh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

Kinanthi


9.
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

(Atimu padha latihen supaya lantip (pinter) marang sasmita. Aja dhemen mangan lan turu. Pesunen (prihatin) awakmu kanthi nyuda mangan lan turu).

10.
Dadia lakunireki,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

(Nyegah mangan lan turu supaya dadi laku (kebiasaan), lan aja dhemen seneng-seneng, oleh seneng-seneng nanging sauntara bae, jalaran seneng-seneng iku marakake suda prayitnaning ati).

11.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

(Yen kowe dititahake dadi wong gedhe, aja banjur sombong.Lan aja cedhak-cedhak karo wong ala kelakuwane, jalaran ora wurung bakal nulari (kalakuwane sing ala.)

12.
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

(Sanadyan wong cilik yen kelakuwane becik, iku pantes dicedhaki. Utawa sing sugih carita sing bisa kanggo patuladhan (conto) supaya mundhak budimu (nalarmu, kelakuwanmu).

13.
Yen wong anom wis tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen ngadhep akeh bangsat,
datan wurung bisa juti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.

(Yen wong (ratu) enom iku mesthi manut sing ngadhep (nayaka, menteri). Yen sing ngedhep iku bangsat mesthi katut dadi ala, sing ngadhep maling mesthi dadi maling).

14.
Sanajan ta nora milu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
yeku panuntuning iblis.

(Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe maling, kabeh penggawe ala iku yen kulina diweruhi, banjur klakon dadi muride iblis).

15.
Panggawe becik puniku,
gampang yen den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.

(Panggawe becik satemene gampang yen wis (gelem) nglakoni, nanging angel yen durung dilakoni, alesane aras-arasen lsp.Upamane dilakoni bakal mupangati marang awakmu).






Ajaran Serat Wulangreh | Pupuh Gambuh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur, 
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :
  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.
2.
Aja nganti kabanjur, 
sabarang polah kang nora jujur, 
yen kebanjur sayekti kojur tan becik, 
becik ngupayaa iku, 
pitutur ingkang sayektos. 

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.
3.
Pitutur bener iku, 
sayektine apantes tiniru, 
nadyan metu saking wong sudra papeki, 
lamun becik nggone muruk, 
iku pantes sira anggo. 

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.
4.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung, 
pan adigang kidang adigung pas esthi, 
adiguna ula iku, 
telu pisan mati sampyoh. 

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.
5.
Si kidang umbagipun, 
angandelken kebat lumpatipun, 
pan si gajah ngandelaken geng ainggil, 
ula ngandelaken iku, 
mandine kalamun nyakot. 

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Selasa, 30 Desember 2014

Adigang, Adigung, Adiguna

Serat Wulangreh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :

  • catur = 1. papat 2. kandha, omong, 
  • cinatur = diomongake, dibicarakan,
  • katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
  • katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
  • kadaluwarsa = kasep, telat.
  • katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.

2.

Aja nganti kabanjur,

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung :
  • sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
  • kojur = cilaka, celaka.

3.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :
  • nadyan = sanajan, walaupun.
  • sudra = kasta sing paling asor, rendah.
  • papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
  • muruk = mulang, mengajar.

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pas esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:
  • esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
  • sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.

5.

Si kidang umbagipun,

angandelken kebat lumpatipun,

pan si gajah ngandelaken geng ainggil,

ula ngandelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :
  • umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
  • kebat = banter, rikat, cepat.
  • ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
  • mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
  • kalamun = lamun, yen, apabila.




Jumat, 05 Desember 2014

Serat Wulangreh | Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV | Pupuh IV Pangkur


Pangkur dipun wujudaken kagem lelabuhanipun marang tiyang gesang. Tumindhak ala lan becik menika prayoganipun kedah dipun mangertosi saking kebiyasaan. Lan saking kebiyasaan menika kita saged ningali watekipun, kamangka tata krama dipun estokaken saben siyang dumugi wengi kagem njaga marang kebiyasaan ingkang mboten sae.
         Wonten sekawan perkawis ingkang saged dipun dadosaken waton, inggih menika :
  1.  Deduga, tegesipun saderengipun tumindhak menika kedah dipun etang. Dados, sakderengipun tumindhak menika kita kedah dipun etang kanthi mateng-mateng rumiyin, supados mboten getun ing wingkingipun.
  2.  Prayoga, tegesipun becik-alanipun kedah dipun etang. Dados, sakderengipun tumindhak menika kita uga kedah dipun etang rumiyin marang becik lan alanipun, supados mboten wonten  ingkang dipun rugekaken.
  3. Watara, tegesipun pikiranipun kedah dipun mantepaken. Dados, sakderengipun tumindhak utawi maringi keputusan menika kedah dipun etang kanthi mateng-mateng rumiyin, sahingga mboten klentu anggenipun maringi keputusan.
  4. Reringan, tegesipun ampun maringi keputusan, yen dereng wonten kemantepan marang keputusanipun. Dados, nalika mutusaken perkawis ampun sepindah-pindah lajeng dipun putusaken, yen dereng wonten kemantepan ing atinipun. Sahingga mboten wonten klentunipun uga ingkang dipun rugekaken.


Menika satemenipun lelengkap ingkang mboten angsal dipun tinggalaken saking kebiyasaan utawi tumindhakipun. Menawi menika saweg manjing menapa lenggah, menawi saweg micara menapa mendel, menika kedah kanthi panduga-duga (deduga) uga ampun ngantos kesupen. Lan  nalika arep tumindhak marang samubarang karya, ing dalem perkawis ageng menapa alit, sekawan perkawis menika ampun ngantos kentun, kagem tumindhak saben dintenipun maring siyang ngantos wengi, ing kutha menapa ing dhusun.

Dumateng Sedaya ingkang gesang, sekawan perkawis menika ampun ngantos kesupen. Yen ta wonten manungsa ingkang mboten anyinggahi marang ‘deduga’ lan ‘prayogi’, menika watonipun boten angsal dipun tilar, amargi menika tiyang ingkang ngrugi. Mangka nalika kita kepanggih utawi sesarengan kaliyan tiyang kathah, nanging menika tiyang degsura utawi ndaludur boten mangertosi ing dur(prahara), menika ampun ngantos dipun srawungi, amargi boten kaleksanan tetiwasanipun.
Pancen menika sampun watekipun manungsa. Dados nalika kepanggih saknalika tumindhakipun utawi antengipun, saking solah micaranipun menika saged dipun tengeri, menapa menika tiyang ingkang wasis lan mboten, uga tiyang ingkang sugih lan tiyang ingkang sudra papa (mlarat). Menika kasunyatanipun manungsa.

Wonten ugi tetengeranipun maring solah micara, lan malih maring lakunipun utawi adi cara lenggahipun, menika panengeranipun, mangka para sesepuh menika pancen awas ing lakunipun, sahingga panjenenganipun saget setiti lan ngati-ati. Lajen dipun latih saben dinanipun, kanthi pengetahuan maring babagan bahasa ingkang sae, marang tiyang ingkang pinter micara (jubriya-kibiripun). Namung sedaya asilipun menika kedah kanthi pasrah lan ngandelaken maring kersanipun Hyang Agung, saking pangucap sirik ingkang dipun kersaake, utaminipun kedah njaga marang wewadi.

    Wonten ugi perkara ingkang kedah dipun dohi amarga menika kalebu tumindak ingkang ala. Perkaranipun wonten 6, inggih menika :
  1.  Lunyu, tegesipun plin-plan utawi mlenca-mlence ing ulate. Tegesipun dados tiyang menika kedah dipun jaga ulatipun, yen mucap menika kedah kanthi kanthi tumindhakipun, ampun plin-plan utawi mlenca-mlence, menika supados dipun dipun percados dening liyan.
  2. Lemer, tegesipun kepinginan utawi iri marang gadahipun liyan. Tegesipun dados tiyang menika ampun gampil meri (kepengenan) marang gadahipun liyan. Amarga menika ingkang dadosaken kufur marang nikmatipun Gusthi.
  3. Genjah, tegesipun cecakan utawi gampang mutungan.
  4. Angrong pasanakan, tegesipun remen ngrebut gadahanipun liyan.
  5. Nyumur gumuling, tegesipun ember utawi tukang gosip ing nggon-nggonipun.
  6. Ambuntut  arit, tegesipun apik ing ngarepe nanging ing mburine (menusuk dari belakang).