Rabu, 17 Desember 2014

Esthining Panembah


Kanggo nggayuh supaya wong urip bisa “muksa” kaya kang diaturake ana JB No. 40/Minggu I/Juni/2006, syarat mutlak kang kudu dilakoni yaiku kudu cedhak karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran “muksa” iku tegese bisa mbalekake barang-barang silihan saka Gusti, utawa yen wong Islam ngarani marang Allah SWT.

Kang kudu dingerteni barang-barang apa wae kang wis kita silih, yaiku urip. Urip iki asale saka Kang Gawe Urip, utawa Gusti Kang Murbeng Dumadi mau. Kaya kang tinulis ing Al-Qur’an surat Al Haj (surat 22) ayat 5: “He para manungsa. Menawa sira mamang perkara bakal tangine wong kang wis mati, sira mikira. Ingsun wis gawe leluhurira Nabi Adam saka lemah, saiki Ingsun nitahake awakira saka mani. Banjur dadi getih kenthel, banjur Ingsun dadekake daging ganep wujud bayi lan ora ganep (lengkap). Supaya sira terangake kasampurnan kuwasa-Ningsun.

Lesan mau kang Ingsun kersakake lestari dadi manungsa. Ingsun lerenake ing guwagarba tekan mangsane lair. Sira banjur Ingsun wetokake dadi bayi, nuli Ingsun paringi urip nganti tekan wayah mempeng. Saweneh manungsa ana kang mati sadurunge dewasa, lan ana kang dawa umure nganti pikun, (iku Kersaningsun) nganti si pikun mau lali barang kang maune disumurupi.

Lan maneh sira andeleng bumi iku ngenthak-enthak tanpa thethukulan. Bareng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarejet (obah) thukul thethukulan warna-warna kang mbungahake para manungsa (kang becik-becik).”

Sejatine manungsa urip iku kadunungan telung perkara, yaiku badan wadhag kang asale saka manine bapa lan sel telure biyung, kaloro badan alus (roh) kang asale saka alam arwah, lan katelu urip kang asale saka paringane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Katelune kaiket utawa ditaleni dening taline urip yaiku nafas, dadi wadhag-roh-lan urip dadi sawiji, iki diarani wong urip. Yen roh karo uripe ucul saka badan wadhag, amarga taline urip pedhot, ragane ditinggal, mati kaku dadi bathang. Iki uga dialami kabeh sagung barang kang urip. Kayata: wit-witan, kabeh kewan, yen ditinggal roh/badan aluse, badan wadhag mesthi mati dadi bathang, awake kaku.

Lha saiki roh/badan alus karouripe menyang endi? Kudune roh lan uripe mlebu alam barzah/alam kubur. Ing kene bakal nampa siksa kubur apa nikmat kubur, salaras karo amale neng donya nalika urip dhisik. Lha lawase sepira? Gumantung “vonise” Kang Murbeng Dumadi.

Yen wis entek vonise, arwah/roh lan uripe mlebu ana alam arwah. Ing kene antri ngenteni dina kiyamat. Yaiku dina bakale wong mati ditangekake dadi urip maneh. Mangkono sateruse (maosa Al-Qur’an, surat Al Baqarah, ayat 28). Nganti akhire bali marang ngarsane Gusti kang Murbeng Dumadi.

Lha saiki yen awake dhewe kepengin bisa bali marang Pangeran (Allah SWT), ya wiwit saiki kudu kenal karo Gusti Allah SWT. Lan maneh awake dhewe kudu sregep ngadhep utawa madhep marang Gusti kaya tuntunan agamane dhewe-dhewe.

Agama Islam menehi tuntunan kanggo ngadhep marang Allah SWT kudu shalat. Lan agama Islam milah tataran ilmu iku dadi patang tataran. Tingkatan ilmu cacah papat iki marakake panembah utawa shalat kaperang dadi papat, yaiku: shalat sarengat, shalat tarekat, shalat hakekat, lan shalat ma’rifat.

Shalat sarengat iku manembahing raga, sesucine mawa toya (banyu). Yen katrima mahanani makrifating sarengat. Tegese weruhe panca indera. Kayata mripat ndeleng gumelare donya nyebabake percaya manawa kabeh mau mesthi ana kang nitahake, yaiku kang sinebut Pangeran utawa Gusti Allah. Kapercayan kang mangkene iki disebut wajibul yakin.

Shalat tarekat iku manembahing cipta (ati), sesucine merangi hawa nafsu, sesirik. Yen katrima mahanani makrifating tarekat. Tegese weruhe sipangerti, lire kapercayane kanthi pangerti marang sejatine kang sinebut Pangeran iku, ora mung tiru-tiru wong akeh wae. Kapercayan ngene iki dirani ainul yakin.

Shalat hakekat iku manembahing jiwa (roh) kang mawa piranti “rasa jati”, sesucine sarana eneng, ening, awas, lan eling. Yen katrima mahanani makrifating hakekat. Tegese weruhe si-rasa jati. Lire kapercayan ora kandheg ing pangerti bae. Kapercayan ngene iki diarani haqqul yakin. Ing tataran/tingkatan iki wis wiwit kebuka werna-werna hijab (warana) kang ngaling-alingi antarane titah karo kang nitahake. Nanging ya tingkatan iki kang banget gawate, karana akeh begalane.

Shalat makrifat. Iku panembahing sukma. Yaiku jiwa kang kuwasa tanpa piranti (sang alus/urip). Sesucine sarana wairagya, yaiku ngipatake sawernaning gegayuhan apa wae, kajaba mung tumuju marang Pangeran (Allah SWT), yen katrima mahanani makrifating makrifat utawa sejatining makrifat. Lire percaya tanpa piranti, sarta tan kena kinaya ngapa. Iya ing kene tingkatan iki kasebut leburing papan kalawan tulis, cep tan kena kinecap, diarani isbatul yakin, yaiku teteping kapercayan.

Utamane nindakake kaya mangkono kaping lima jroning sedina-sewengi kaya wektu shalat wajib. Ora-orane sepisan dalem sedina-sewengi. Ora-orane maneh iya sepisan ing dalem seminggu. Ora-orane maneh ya sepisan ing dalem sesasi. Ora-orane maneh ya sepisan ing dalem setaun. Ora-orane maneh ya sepisan dalem….selawse urip.

Iki ana uran-uran/tembang (embuh karangane sapa) kang nggambarake wong kang lagi sepisan ngicipi kahanan tan kena kinaya ngapa iku, mangkene unine: Damar kurung binekta ing kemit, tintingana salira priyangga, den rumangsa sisipa. Rohing kacang puniku, angelayung rasaning ati. Sela panglawet ganda, sepisan ketemu, kalabang sinandhung cuncar, norarena kepanggih sepisan ping kalih, kumudu saben dina."

Pancen kanggo cecedhakan karo Gusti kita kudu ngundhakake iman lan pangerten kita marang Allah SWT. Jalaran supaya bisa “sesambungan” karo Pangeran kita kudu ningkatake shalat kita sa-ora-orane tekan tingkat shalat hakekat. Sokur bisa tekan shalat makrifat. Saengga besuk yen kita wis mati, kita bisa marak ngarsane Pangeran Kang Akarya Gesang. Iya iki tujuan akhir urip kita: marak ing Ngarsane Gusti




Ature: Bapake Lini

Jaya Baya 48/LX, 30 Juli – 5 Agustus 2006




Senin, 15 Desember 2014

Serat Nitiprana Piwulang Budi Luhur


Serat Nitiprana anggitane R. Ng. Yasadipura (1729-1803), mujudake salah sijine serat piwulang tumrap para mudha tumuju marang budi kang luhur. Karya sastra iki mung cendhak wae, yaiku mung sak pupuh (Dhandhanggula), dumadi saka 48 pada. Saka babon asline kang tinulis mawa aksara Jawa, dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, ing taun 1979, kawetokake edisi aksara Latine kang transliterasine ditindakake dening Kamajaya.

Ing pada kapisan kaandharake menawa karya sastra iki tetembungane kawangun tetembangan, kanthi sastra campuran antarane Jawa lan Arab. Dene babon piwulange saka tanah Arab kasempalake saka kitab Sifat Ul Ulaka. Piwulang antarane Jawa lan Islam ora ana sisip sembire, sakarone jumbuh, kepara tumbu oleh tutup.

Para mudha menawa niyat nggayuh budi kang luhur, kang sepisanan den lakoni, yaiku tansaha laku becik. Tumindak kang bener, linambaran ati sabar. Ati kang sabar nyengkakake nggayuh ati kang suci. Saka ati kang suci iki bakal mancar kasukcen marang dhiri pribadhi lumeber mring kiwa tengene. Ati kang suci bisa nulak tekane azab kang ala.

Ati kang suci minangka kuncine. Ngendhaleni nafsu kang ala, cumaket marang samubarang kabecikan lan bebener. Ora tedhas klawan pambujuke setan. Ati kang suci minangka pawitane. Nyedhak ndedonga mring Ingkang Kuwasa. Gusti enggal ngijabahi mring sadhengah panyuwunan.


SIFAT PITU

Kajlentrehake yen wong kang luhur utawa asor budine iku bisa kasemak saka tandha-tandha ing badane, yaiku solah tingkah lan tetembungane. Wong kang wis putus bebudene, katandha nduweni sifat pitu, yaiku:

1. Nadyan diala-ala dening liyan, ora nedya genti gawe ala, malah kepara males kabecikan. Atine tansah binuka mring sasami lan sugih pangapura.

2. Atine tansah madhep manteb mring Gusti Allah. Ngregani marang wong kang gawe kabecikan marang dheweke. Andhap asor marang sapa wae. Ora nedya gawe pitunaning liyan.

3. Seneng marang solah tingkah kang becik lan nyingkiri panggawe kang ala.

4. Bisa ndhahar ature liyan kanthi tetimbangan kang permati.

5. Apa kang ingucap tansah dhidhasari dening tetimbangan kang gumathok.

6. Seneng olah pikir, tansah ndedonga, lan eling yen wong urip iku tekane ngendon bakal kapundhut.

7. Menawa ngalami musibah dilakoni kanthi sabar minangka ujian saka Gusti Allah.

Semono uga tandhane wong kang asor ing budi, uga dumadi saka sifat pitu, yaiku:

1. Yen guneman cal-cul ora dipikir kanthi permati lan sak gunem-guneme tansah natoni atine liyan.

2. Sombong, congkak, geleme srawung milih-milih wong, mung sing dianggep padha drajate wae sing disrawungi.

3. Kurang sopan santun, kepara gonyak-ganyuk ing pasrawungan.

4. Gampang nesu lan aten-atene keras marang sapa wae.

5. Drengki, srei, jahil, methakil, seneng pradul, adu-adu, lan adol gunem.

6. Sarwa sulaya yen diajak gawe becik.

7. Yen ketaman musibah kakehan sambat, ora sabaran.


MAKSIYAT TELU

Sabanjure katerangake, klebu laku utama jroning nggayuh budi luhur, ing antarane yaiku sifat tinarbuka lan ora ana kesele luru ngelmu, becik ngelmu kadonyan apa dene ngelmu agami. Drajat pangkat kang dhuwur durung njamin kamukten lan kamulyan. Kabeh iku mau isih kudu linambaran kanthi madhep manteb pasrah mring Gusti Allah. Manteb anggone bekti marang Gusti, pasa saperlune, tafakur kanthi ngurangi turu, sarta ndonga kanthi khusuk.

Saliyane iku, den simpangi anane maksiyat kang telu. Sing jeneng maksiyat iku ora mung malima (main, minum, madon, madat, maling), isih ana maksiyat sing luwih mbebayani tumrap jiwa. Maksiyat cacah telu mau yaiku potang kanthi nganakake dhuwit (lintah darat), nampa punjungan kanthi sarat (suap/pungli), lan goroh jroning bakulan (ngelongi timbangan). Maksiyat kang telu iku ngasilake dhuwit riba, kang ora pantes tumrap wong kang nggayuh bebuden luhur.

Dhuwit riba bisa njalari dalane pepati dadi peteng. Jroning sakaratul maut, riba ngaling-alingi lakune ati kang padhang, nuwuhake rasa bingung, samubarang dadi rumit, nyawa mlayu tanpa tujuwan, tanpa gondhelan, ora ana sing paring pitulungan. Mula diati-ati, amrih dalane pepati mengko padhang jingglang. Bener lan pener lakune ruh.

Budi luhur tumuju mring pepati kang padhang. Padhang atine, padhang dalane. Piwulang marang pepati kang padhang ora bisa digawe gampang. Sarate ngudi ngelmu lan kawruh rina klawan wengi, tarak brata ngedohke laku asor, ngendhaleni aluamah, nggusah sombong lan srakah, nyencang amarah lan supiah.

Ana maneh kang kudu disiriki. Aja sepisan-pisan ngehaki barang kang ora sah manut hukum, yaiku warisane wong cethil lan wong kang seneng gawe pitenah. Amrih ora nemoni kacilakan lan kasangsaran selawase.

Duwea watak sabar lan tawakal. Wong sabar lan tawakal bakale nemoni kabahagyan lan keslametan. Slamet lan bahagya iku mancarake kabecikan. Sing becik bakale nggawa manfaat, nekakake anugrah kang agung. Anugrah iku wahyu petunjuk saka Gusti Allah. Iki sing utama. Anugrah Gusti asipat asih lan rahman. Asih lan rahman mancarake eling. Eling mancarake makrifat. Makrifat ora liya mujudake asih saka Gusti Allah.

Sabanjure, laku kang kudu linakonan dening para mudha kang nedya nggayuh luhure bebuden, nuladhaa marang tindak-tanduke Nabi Muhammad SAW. Uga aja nganti keri nyinau sifate Gusti Allah cacah 20. Iku kabeh minangka jangkepe piwulang marang bebuden luhur tumrap wong Jawa kang ngrasuk agama Islam.



Ature: Poerwanto Rs.

JB 47/LX, 23-29 Juli 2006


Minggu, 14 Desember 2014

SEKAR MACAPAT



SM. Mijil, Laras Pelog Pathet Barang


· Lemah garing wi-wit padha mati

· Gara-gara kobong

· Iku ulah manungsa sebabe

· Srakah lan ugi ora premati

· Tanpa piker mburi

· Uripe semrawut



SM. Sinom, Laras Pelog Pathet Barang


· Larang panas larang udan

· Musime bumi saiki

· Manungsane kelayaban

· Ora bisa di prediksi

· Kabeh ora ngerteni

· Sapa sing nyebabake iku

· Yen ora awak ira

· Sapa sing padha nglestari

· Mula ayo padha njaga lan mlihara



SM. Kinanthi, Laras Pelog Pathet Barang


· Ijo adhem ing kampusku

· Wetan kulon ditanduri

· Wit-witan kang warna-warna

· Nggawe seneng nggugah ati

· Ngenakke dipandang mata

· Ayo padha nguri-uri



SM. Dhandang Gula, Laras Slendro Pathet Sanga


· Pirsa budaya jaman saiki

· Kebudayan jawa kang wis ilang

· Tumengka tingkah lakune

· Ilange sifat lugu

· Sing marai miris ing ati

· Lanang wadon padha gandhengan

· Kembang dadi alum

· Wus padha gigal ing dalan

· Jatine apa sing marakake iki

· Donya pancen wis tua



SM. Asmarandana, Laras Pelog Pathet Barang


· Cemara kegawa angin

· Cemara sewu grojogan

· Senajan namun sakedep

· Munggah mudun ra krenggosan

· Gawe nyawang tanduran

· Woh-wohan sing do gemandul

· Paribasan sakedepan



SM. Gambuh, Laras Slendro Pathet Manyura


· Ijo ning plataranku

· Anggawe aku mesem lan ngguyu

· Nyawang swasana kang nentremke ati

· Uripipun gawe makmur

· Lan ikhlas kanthi kalakon



SM. Maskumambang, Laras Pelog Pathet Nem


· Sak jero-jero rasa ing ati iki

· Isih iso nahan

· Pasrahing jeroning diri

· Sanajan ora digagas



SM. Durma Sura Greged, Laras Slendro Pathet Sanga


· Elingana sira ing jaman semana

· Kabeh padha ngajeni

· Kala ati sira

· Manungsa kang prayoga

· Nata ati kang setiti

· Ingkang prayitna

· Kabeh padha ngugemi



SM. Pangkur, Laras Slendro Pathet Sanga


· Saya suwe saya krasa

· Sliramu kang saya jero ing ati

· Aluse ing pituturmu

· Nguwatake ing dada

· Senajan tutur ora tau digugu

· Nanging ora pengen lunga

· Amarga sira ing ati



SM. Megatruh, Laras Pelog Pathet Barang


· Sanajan nduwe ati kang isih lugu

· Tetep kang bisa ngugemi

· Mikir apa kang semrawut

· Tumindhak kang ora becik

· Senajan kang ora katon



SM. Pocung, Laras Slendro Pathet Manyura


· Nalika ati wis ra iso di gugu

· Namung bisa mandang

· Ora bisa anduweni

· Senajan atine ora bisa nahan


(dening : Nurul Hidayah)


Sabtu, 13 Desember 2014

Panca Wewarah


Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto, Serat Kalatidha karyane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah ‘Zaman Edan’.

Kejaba iku, supaya ora gampang kececer lan tansah cumanthel ing ati, wewarah Jawa uga asring karacik awujud tembung utawa ukara kang gampang dieling-eling. Minangka conto, keparenga aku ngaturake wewarah Jawa lima kang karacik kanthi tembung utawa ukara sarwa lima, sing dak sebut Panca Wewarah.


MA-LIMA

Uripe manungsa bakal nistha lan cilaka yen nganti keblasuk nindakake pakarti Ma-Lima. M-ain (ngabotohan), m-adon (zina, slingkuh, royal), m-inum (ndem-deman inuman keras), m-adat (ndem-ndeman candu, narkoba, ganja), m-aling (colong jupuk, korupsi).


LIMA-A

Uripe manungsa bakal mulya yen bisa ngugemi lan ndarbeni Lima-A:Pusak-a (cekelan, gaman, pandom, paugeran urip, yaiku agama), garw-a(sigaraning nyawa, bojo, kang bisa nentremake urip), turangg-a(panggaotan, tetumpakan, pagaweyan kanggo luru kebutuhan ngaurip),wism-a (papan pangeyube urip), kukil-a (panglipur, barang-barang seni, sarana kanggo nglandhepake rasa pangrasa).


BA-LIMA

Wong yen arep milih anak mantu, ukuran ideale Ba-Lima: B-ibit(keturunan saka keluwarga kang becik), b-abad (riwayate urip tanpa cacat, ora nate tumindak nistha), b-ebed (lantip, pinter, cerdas), b-ebed (bregas, bagus, ora crobo), b-obot (cekel gawe, tanggung jawab, mapan, ora lonthang-lanthung).


MA-LIMA

Kewajibane wong wadon marang garwane iku Ma-Lima, supaya tentrem bale wismane. M-acak (tansah tampil bregas, resik, wangi sedhep, ora nglomprot), m-asak (ngladeni dhaharan kang nyocoki selerane garwa), m-lumah (aja wegah/ogah-ogahan “ngladeni” garwa), m-anak (kudu siap lan rila nglairake anak), m-radani (bisa ngrumat omah kanthi becik, resik, endah).


LIMA-E

Wong urip ana ing alam donya iku ora kalis saka rubeda lan pacobaning urip. Kanggo ngadhepi rubeda lan pacobaning urip iki, Cak Nun, Kyai ‘Mbeling’ saka Jombang paring wewarah marang umat Muslim sing disebut Tamba-Ati, kang dumadi saka limang perkara, yaiku Lima-E.

Maca Al Qur’an sakmaknan-e (maca, mangerteni lan ngamalke Al Qur’an), zikira kang suw-e (tansah eling lan memuji marang Allah SWT), sholat wengi aja sup-e (tansah sholat sunnah tahajud), prihatina kanthi padharan kang luw-e (tansah pasa sunnah), sarta kumpulana wong kang becik ing panggaw-e (caketana lan tansah nyuwun pitedah marang wong kang soleh).



Ature: H. Soepeno

JB 44/LX, minggu I Juli 2006



Kamis, 11 Desember 2014

Laku Srawung lan Laku Nyepi ing Jaman Modern

Laku lelorone aja dipertentangake.

Ing bebrayan ana wae wong-wong sing duwe penganggep yen laku nyepi iku “gawe-gawe” (mengada-ada) lan “ngluwihi wates”. Miturut wong-wong mau, luwih becik nindak­ake laku srawung wae, supaya bisa asung bekti kang sanyata marang sesame. Supaya bisa nindakake laku-laku kang sifate jamaah.

Penganggep mengkene iki, kena diarani “mempertentangkan” antarane laku sra­wung karo laku nyepi.

Mangka sejatine, laku srawung lan laku nyepi mau duwe fungsi dhewe-dhewe. Fungsine nyepi kanggo golek sangu; Dene fungsine srawung minangka cara kanggo nanjakake sangu iku.

Wong sing saben dina kejibah srawung terus-terusan, apa maneh yen srawung sing terus-terusan mau duwe sifat menehi pim­pinan, suwe-suwe mesthi kentekan sangu kang wujud ilmu lan hikmah. Suwe-suwe bakal kentekan prabawa kang sifate ghaib. Suwe-suwe omongane bakal kurang mutune lan entheng bobote.

Mula kanggone wong-wong sing kejibah saben dinane menehi pimpinan marang wong akeh lan marang bebrayan, perlu nye­dhiakake wektu kang khusus kanggo nin­dakake laku ndhewe.

Persoalan rutin sing rumusan pemecah­ane dianggep wis bener, amarga gelem nyepi, gelem maca buku-buku, lan amarga gelem nindakake pamikir kanthi jembar lan jero, ana kalane katon cetha klirune. Ing conto iki, nyepi kanthi acara maca buku-bu­ku sarta mikir persoalan-persoalan kanthi jembar lan jero, fungsine dadi “rethinking” utawa re-evaluasi.

Awak kesel amarga kakehan tamu, pi­kiran jibeg amarga kakehan persoalan, lan ati kang kudu muntab wae amarga rumang­sa kuwalahen, perlu diasokake. Ngaso awake, ngaso pikirane, lan ngaso atine. Cara kang becik kanggo nguculi bebandane pikiran, hawa nafsu lan setan, yaiku sarana nyepi, semedi. Pikiran lan akal digawe semeleh. Angen-angen lan engetan digawe semeleh. Panca driya lan hawa nafsu digawe semeleh. Bisane mengkene mesthi wae sarana latihan, saka sethithik, kanthi ajeg, lan kanthi sadhar. Ya ing kaanan kang sar­wa semeleh mengkene iki, ati ban­jur kaadhepake (kaarahake) marang ngarsaNe Gusti Allah mligi. Insya Allah, yen ikhlas tenan, bakal kaparingan APA WAE, saka welas asihe Panjenenganne ma­rang titahe. Minimal kaparingan ati kang tenang lan pikiran kang tumata.

Tumrap wong Islam, ana cara sederhana loro kang ora angel lakon-lakonane, sauger tumemen usahane:

1. Yen ngadhepi persoalan kang abot, utawa persoalan entheng kang terus-te­rusan, becike diunggahake ing ngarsane Gusti Allah; dikembalikan ke hariban Allah swt; kanthi nyuwun pituduh lan pimpinan saka Panjenengane.

2. Merlokake shalat 2 rakaat, banjur mu­najat, nyuwun pituduh lan pimpinan, pitulu­ngan lan pangayoman saka ngarsane.


Bebayane laku srawung

Laku srawung kanggone wong kang nindakake agama, ngandhut niyat karana Allah swt, mawa cara-cara miturut pituduhe ajaran taqwa lan sinartan nahan hawa nafsu, supaya ora katut ing panggodhane setan. Amar­ga olehe srawung mau katindakake kan­thi sadhar (bewust), mula ala becik, be­ner luput, tansah dikontrol dening pamikir kang landhep lan ati kang lantip.

Beda karo srawung kang “angger sra­wung” ngono wae. Kena diibaratake kaya dene wong kang mangan lan ngombe kang sarwa dhokoh; ngombe saka temune; ma­ngan saka pethuke. Resik kotor, halal-haram, ora dipaelu; pokoke kalegan ing ati, katekan sing dikarepake!

Ya amarga srawunge sinartan pemikir lan pangrasa mau, mula banjur bisa weruh bebaya-bebayane laku srawung. Bebayane laku srawung bisa uga dirasakake wohe ing donya kene; nanging bisa uga ana sing akibate diundhuh uga ing alam akhirat.

Ing antarane maneka warna bebaya mau, sing perlu dadi kawigaten kita, antara liya mengkene:

1. Ngrasani liyan

Ngrasani iku “lezaat”. Ngrasani iku “nik­mat”. Krasa abot yen arep nguwisi. Krasa alot yen arep medhot. Dosane ngrasani ri­nasa kadidene segara madu. Amarga di­ombyongi setan, sing satengu dadi sagajah, sing wantah malih dadi fitnah.

2. Pamer lan umuk

Yen ngrasani liyan iku sing katon “alane kana”, dene pamer lan umuk iku sing katon “apike kene”. Supaya tetandhingane katon luwih hebat, alane kana digedhekake, apike kene uga digedhekake. Dhalange si iblis.

3. Ketularan lan nularake pakulinan ala

Pakulinan ala luwih gampang nulare ti­nimbang pakulinan becik. Tular tinularan pakulinan ala tanpa rinasa weruh-weruh wis dadi kabudayan. Mula banjur dianggep lumrah.

Daftar bebayane srawung isih bisa di­tam­bah akeh maneh. Nanging kanggo keper­luwane tulisan iki minangka conto, apa kang katur ing dhuwur mau tak kira wis cukup. Sing dadi pokok persoalan, ngadhepi pasra­wungan kang kaya mengkono gedhene bebayane, kita kudu kepriye? Wangsulane: kita wajib nibakake pamilih, apa srawung, apa ndhewe? Apa srawung, apa nyepi? 


***



Rabu, 10 Desember 2014

Wong Jawa ilang Jawane Iku Kepiye?

Pitakonan iku saiki luwih cetha dho­dhok selehe. Sebabe : yen wong mau wis ora duwe kabudayan kang cundhuk karo agamane lan ora duwe cita-cita kang sa­laras karo kabudayan lan agamane mau, yaiku wong sing ilang Jawane.

Kabudayan kok digandheng-gan­dheng­ake karo agama iku karepe kepriye? Kabudayane wong Jawa duk ing nguni, nalika umume padha nggilut agama Hin­dhu, kabudayane wong Jawa ya kabu­dayan sing kajiwan lan kawangun dening alam fikirane wong-wong Hindhu mau. Se­mono uga nalika tanah Jawa dileboni aga­ma Budha, kabudayane oleh pengaruh lan owah-owahan saka alam fikirane wong-wong Budha. Ora aneh yen malahan ana ka­budayan sing campuran antarane pe­nga­ruh agama leloro mau. Zaman Islam anga-Jawa, alam pikiran wong-wong Islam uga banjur ngowahi kabudayan sing wis ana iku. Malah ing zaman SAIKI, alam fikirane wong-wong Eropa lan Amerika sing ILMIAH lan TEHNOLOGIS, uga mene­hi pengaruh lan owah-owahan ing kabu­dayane wong Jawa.

Cetha menawa AGAMA, ILMU LAN TEH­NOLOGI kang ngisi alam fikirane (lan alam atine) wong Jawa, terus terusan olehe menehi pengaruh lan gawe owah-owahan marang SIFAT JAWA-ne wong Jawa.

Kesimpulane : sejatine sing diarani KE­JAWEN iku alam pikiran lan alam atine wong Jawa sing ngolah gagasan-gagasan lan pengalaman2budidaya kang asale saka agamane, ilmune lan tehnologine.

Mula yen kita ngrembug bab KEJA­WEN, tansah perlu kita gandhengake karo ZAMAN KELAKONE LAN PAPANE. Kejawen ing Surakarta zamane Ingkang Sinuwun Pa­ku Buwana X iku kejawen sing feodalis­tis lan mistis. Kejawen NALIKA IKU ing tla­­tah pesantren Gontor ora feodalistis lan ora mistis, nanging sifate Islam. NALIKA IKU UGA Kejawen ing tlatahe bebrayan sa­min (Randublatung) ora feodalistis, ora mistis lan ora Islam, nanging (yen ora kli­ru) sifate Budha. Dadi KLIRU yen ana sing nganggep yen sing diarani Kejawen iku Ke­jawen type bebrayane krabate suwargi Paku Buwana X THOK upamane! Tanah lan suku Jawa dudu mung ing dhaerah Ka­su­­nanan, Mangkunegaran, Pakualaman lan sapiturute. 


Ngudhari kang ruwet-ruwet bab :

WASHILAH

Atur pambuka

Kapracayan bab washilah iku risikone gedhe. Risiko bab tauhide. Rehne bab wa­shilah iku PENTING, mula ana becike yen kita bacutake rembug iku, kanthi niat: muga-muga kanthi pitulunganne Gusti Allah, kang ruwet-ruwet dadi udhar, kang peteng-peteng dadi padhang, kang rangu-rangu dadi plong.

Asale tembung

Yen ora kliru, asale tembung washilah iku saka WASHOLA, kang duwe teges : sam­pai. Yang menyampaikan kepada ke­berhasilan, sing dadi dalan, sebab utawa lelantaran nganti bisa sukses, wong sing dadi LELANTARAN utawa PARANTARA dia­rani WAASHILUN. Wong sing njaluk tulung marang PARANTARA mau diarani WASHII­LUN. Sing siji aa dawa, sijine ii dawa. Apa sing katindakake dening PARANTARA mau ditembungake WASHILAH. Dene apa sing ditindakake wong marang PARANTARA mau diarani TAWASHSHUL (tawassul).

Yen panemu kang katur iki mau ana klirune, para maos kang ahli basa Arab tak suwun kersa mbenerake.

Potensine parantara

Wong-wong sing padha njaluk tulung utawa nggunakake parantara, ana sing nganggep (= pracaya yen) parantara mau DUWE DAYA KANG SIFATE OTONOM. Olehe duwe penganggep mengkene iki di dhasarake saka bukti-bukti, EMBUH KE­PRI­YE EGUH PRATIKELE, AKEH-AKEHE YEN DIJALUKI TULUNG UTAWA DIGU­NAK­AKE KOK BISA KASIL, SUKSES UTAWA JODHO!! Malah keladuke banjur duwe pa­nemu yen prasasat kena dijibake ! Tem­bunge: “Wis ta, njaluka tulung mbah Dong­so, mengko rak waras.” Utawa : “Gu­nakna iki, mengko rak beres.”

Kejaba parantara sing otonom meng­kene iki, ana maneh perantara sing mung begja-begjan. Bisa uga parantara mau bisa MBANTU nganti sing dikarepake bisa kasil; nanging bisa uga ora sukses.

PEPRINCENE parantara otonom.

Parantara otonom pokoke ana rong jinis, yaiku : 1. Parantara sing sifate ka­sunyatan utawa rasional. Lan 2. Paran­tara kang sifate ghaib utawa mistik. Conto­ne mengkene :

Parantara sing rasional :

Akeh wae wong sing ngejibake yen nggu­nakake utawa njaluk tulung marang apa kang kasebut ing ngisor iki, mesthi bakal kasil.

1. Wujud modhal (dhuwit utawa barang)

2. Wujud instansi, badan usaha utawa organisasi

3. Wujud panguwasa utawa kekuwatan

4. Wujud kenalan utawa sanak kadang.

5. Wujud ilmu, katrampilan utawa kabisan Wong-wong sing padha ngejibake meng­kene iki padha lali utawa ora weruh yen kasile mau amarga ana faktor “ndila­lah ora ana gangguwan”, utawa “ndilalah kok gangsar” lan sapiturute. Kaya ora se­thithik ing bebrayan anane “wong sing kakehan polah”, sing ngijibake mesthi ba­kal slamet, amarga kejaba kanggonan dhu­wit, uga duwe backing panguwasa utawa kekuwatan. Saiba akehe wong sing olehe nindakake pagawean kanthi keya­kinan mesthi bakal sukses, amarga ing ka­na duwe kenalan becik, ing kene duwe sa­nak, ing kono duwe “tilas anak buah”. Tumrape wong-wong sing jembar penga­laman lan wawasane, ora wani nganggo sikep ngejibake mengkono iku, jalaran ora sethithik kedadeyan nyata sing katone la­hiriyah wis mathing-mathing (kena dijib­ake), nanging nyatane ora bisa kasil. Sing dadi sebab ora kasile mau ana sing kena dinalar, nanging uga ana wae sing ora bisa dinalar. Tumrape wong sing kuwat imane, enggal wae sadhar yen kabeh-kabeh mau sejatine klakon utawa ora klakon, sing maha peparing iku Gusti Allah.

Perantara sing mistik :

Ana wae wong-wong sing padha nge­jibake, yen njaluk tulung utawa nggunak­ake lelantaran kang kasebut ing ngisor iki, kena dipasthekake bakal kasil :

1. Wujud kuburan kramat utawa kuburane leluhur

2. Wujud patilasan kuna

3. Wujud papan panembah (mesjid, greja, sanggar pamujan lsp)

4. Wujud pusaka, jimat, sarat, rajah lsp

5. Wujud kewan (perkutut, jaran lsp), barang (akik lsp), wong (bojo sing bagiane awake metu saunare lsp); arah (arah mengalor, mengidul lsp), wektu (sangat, dina, pasaran lsp), lan liya-liyane.

6. Wujud titah alus (jin, setan, ruhe manungsa lsp),

Prantara otonom sing mistik ngene iki kok dianggep otonom iku, cathane ke­priye?

Cethane mengkene : Parantara mau dianggap duwe daya. Daya iki metu sa­ka dhirine, ibarat kaya dene batu batterij sing duwe stroom dhewe. Utawa accu sing uga mengkono. Utawa kaya mesin oto­mat; sapa sing bisa nggunakake, ya bakal diladeni mesin otomat mau kanthi becik; dene sing ora bisa nggunakake, ya ora kena nulak ing bab kemampuane mesin iku!

Peprincene perantara sing begja-begjan

Parantara sing sifate mung begja-begjan iki upamane wae :

1. Kanca utawa famili sing dianggep luwih tuwa, lan banjur dijaluki pangestu

2. Jamaah shalat sing dijaluki tulung kang go shalat ghaib upamane; utawa shalat nyuwun udan. 


***




http://www.panjebarsemangat.co.id/wong-jawa-ilang-jawane-iku-kepriye

Selasa, 09 Desember 2014

Generasi sing Nglirwakake Sholat lan padha nuruti Hawa Nepsu

Ing kalangane para ulama akeh sing padha suka syukur lan optimis dene generasi mudha jaman saiki padha kanthi ati suka lan rila nindakake rukun Islam, antara liya shalat, luwih-luwih shalat jum’at, kena diarani 60-80% isine mesjid nalika shalat Jum’at mau dumadi saka generasi mudha! Suka syukur lan opti­misme mau BENER, nanging penulis isih merlokake asung PEMUT : dipadha waspada marang godhane setan lan hawa nafsu, jalaran setan kepengin banget nyasarake kaum mudha mau, supaya ca­cahe wong sasar saya tambah!

Generasi mudha perlu mangerteni bab bebayane nglirwakake shalat, lan nuruti hawa nafsu. Sabda dhawuhe Gusti Allah marang Nabi Muhammad saw mengkene: “Ananging sapungkure dheweke (para nabi), (generasi mudha) panggantine padha anglirwakake shalat (menyia-yiakan shalat), lan nuruti hawa nafsu (pe­penginan ala), mula bakal padha nemahi sasar. Kejaba wong-wong sing padha tobat, pracaya lan tumindak utama. Dhe­weke bakal padha mlebu ing swarga lan ora bakal dianiaya sathithik-thika!” (Surat Maryam 19:59-60).

Sasar ! Sawijine tembung kang ARANG BANGET dienggo ing pasrawu­ngan; senajan semono akehe wong kang sasar ; semono akehe pemudha pemudhi kang sasar; senajan semono akehe papan maksiat sing nyasarake; senajan semono akehe wacan, tontonan, rembungan, tu­ladha, lan tumindak kang sasar!

Ing negara kita kang adhedhasar PANCASILA, apik ala, bener luput, wis genah kejaba diukur nganggo nalar, uga diukur nganggo ati; kejaba diukur ngang­go norma hukum positif, uga diukur nganggo norma agama. Pemerintah tiru-tiru carane bangsa-bangsa maju ing jagad, kanthi masang TANDHA-TANDHA LARANGAN LAN TANDHA-TANDHA PA­KON (suruhan) ing dalan-dalan. Maksude kanggo njaga keslametane bebrayan. Nanging emane dene dhasar pangeman lan tresna marang bangsa mau kok mung kandheg tekan semono! Saupama pe­merintah pusat, dhaerah utawa desa gelem gawe inisiatif masang plank tan­dha bebaya ing saubenge papan-papan maksiat, saiba becike. Upamane wae mengkene:

Sing saiki wis masang plank larangan, lagi ABRI. Apa conto lan tuladha sing dipraktekake ABRI iki ora luwih becik yen ditiru Pamong Praja lan Pamong Desa? Ditiru dening Jawatan Penerangan Aga­ma? Diconto dening Jawatan Penera­ngan? Diconto dening Jawatan Sosial? Diconto dening jawatan2 lan dinas2, kanthi sponsor saka perusahaan2?

Gusti Allah paring dhawuh kurang luwih wose supaya kita padha gelem elik-elik, ngelingake, (memberi peringatan). Pemut mau tumrape wong kang duwe iman, luwih-luwih kanggone wong kang taqwa, bakal nyegah dheweke saka sasar, lan nggugah atine supaya: bali mlaku ing dalan kang bener. Pemut mau uga ana maksude tumrap wong sing padha ora duwe iman. Maksude: yen ing pengadilan donya lan ing pengadilan akhirat dheweke ditakoni, apa ora dielikake, dheweke ora bisa selak; wangsulane: “kula sampun dipun emutaken. Kula sumerep pan­cen wonten plank ingkang isi pe­mut. “Lha kok ora mundur? “Kula nu­ruti bisikanipun setan lan nuruti pi­kajengipun hawa nafsu!” Wong-wong kang sasar mau ora bisa gawe-gawe, upa­mane matur: “Kula mboten ma­nger­tos yen punika lepat!”

Yen para panggedhene praja Rep. Indonesia, ya sing ing pusat, ya sing ing daerah, padha kagungan KEMAUAN (karep) kanggo MUJUDAKE PANCASILA sing tenanan, mesthine “TIDAK ADA KOMPROMI DENGAN IBLIS DAN SETAN!” Sebab iblis lan setan padha tansah NIN­DAKAKE SUBVERSI marang pelaksanaane Pancasila mau. Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine pembangkit keka­cauan ing babagan SARA (Suku, Agama, Ras, Antar Golongan). Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine liberalisme, kapitalisme, imperialisme, komunisme, anar­kisme, vandalisme lan sapiturute. Mu­la sakehe LAWANGE SETAN lan sakehe PAPAN KASUKAN SING DIRUBUNG IBLIS, luwih becik ditutup, supaya ora ndadek­ake POLUSI tumrap swasana pembangu­nan ruhani lan jasmani ing bebrayan PANCASILA mau.

Apa sebabe ?

Polusi ora mung nyilakakake wong-wong sing dudu Pancasilais, sing ora duwe iman, sing ora taqwa thok! Polusi mau uga nyilakani tumrap para generasi mudha sing saiki padha sregep shalat. Polusi mau ngracuni generasi mudha!

Mula kita yen meruhi taqwane gene­rasi mudha, ora cukup mung suka syukur lan optimis, nanging perlu waspada ma­rang sakehe bebaya, lan aja wigah-wigih ASUNG PEMUT ! Insya Allah kaparingan slamet! 



***