Tampilkan postingan dengan label TASAWUF. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label TASAWUF. Tampilkan semua postingan

Kamis, 25 Desember 2014

Piwulange Allah SWT bab Nyegah Rusake Amal

- Emoh yen diarani Isa Al Masih iku dudu Tuhan. Emoh yen diarani Isa Al Masih iku dudu putraNe Allah. Emoh yen diarani Sang Guru Sejati iku dudu Allah. Emoh yen diarani Nur Muhammad iku dudu Allah. Emoh yen diarani manungsa iku dudu ple­tike Gusti Allah. Penolakan kang meng­ke­ne iki ateges nolak ayat2E Gusti Allah sing mucalake bab TUHID, meng­Esakan Allah kanthi konsek­wen. Mula banjur kejegur ing kekafiran! Dheweke yakin yen kapracayane iku wis bener lan yakin yen bakal nggayuh swarga, nanging Gusti Allah kagungan peni­laian liya. Apa keyakinane iku ora digang­gu dening wisike Malaikat ing atine sing suci? Pranyata IYA. Dheweke saka sethithik ngarah marang tekad, yen keyakinan iki pranyata salah, apa boleh buat, iku risiko­ne! Yen wis mengkene, ateges atine wis tinutup rapet lan dadi atos. Tembunge yen bab iki dirembug, mbok nganti Dina Kiamat ya ora ana enteke. Dhe­weke ora ngira babarpisan yen ing Dina Kiamat dheweke bakal oleh ke­putusan kang sanyata langsung saka Allah Kang Maha Agung, Kang Maha Esa. KeputusanE wis cumepak ing Al Qur’an, yaiku amarga nolak ayat2 pepa­ringE Allah, mula sira kejegur ing kekafiran, kanthi akibat sakabehe amalan2-ira Ingsun ilangake (dihapus), lan cukup Neraka Ja­han­nam minangka papan bali kang sa­becik-becike tumrap sira!! Dudu Ingsun sing nyiksa sira, nanging sira nyiksa dhiri­nira dhewe. Mengkono gambarane kanthi reringkesan. Aku Kepriye?


b. Bisane wong pracaya menawa ing sawise mati bakal ketemu karo Gusti Allah, iku kawiwitan saka krungu utawa ma­ca. Banjur ana pengaruh saka pengalaman ing urip sadina-dina lan tambahan kawruh lan wacan. Uga saka pasrawungan. Kabeh mau yen ora ngalami kondhisi krisis ing babagan mental (amarga saka sebab2 fisik utawa non fisik), tuwuh ngrembakane IMAN dadi alon utawa kandheg. Mula krisis iku penting. Ing kaanan krisis wong banjur golek cekelan, golek dalan. Ing basa Islam kaanan ngono iku diarani ujian utawa pacoban.

2. Nasibe amalane wong2 kafir

Firman Allah :

a. "Satuhune wong2 sing kafir ma­rang ayat2E Allah lan mateni para Na­bi tanpa sebab sing bener, lan ma­teni wong2 sing ngakon tumindak be­cik, dheweke padha gembirakna yen dheweke bakal nampa siksa sing perih. Dheweke iku wong2 sing musna (ilang) (pahala) amal-amale ing donya lan ing akhirat, lan dheweke padha ora oleh pa­nulung (3:21-22)."

Keterangan :

Sapa wae sing mateni Nabi, iku genah yen nindakake dosa gedhe. Papane ing ne­raka. Mateni wong2 sing ngakon tumindak becik iku genahe kepriye ? Becike kaatur­ake conto :

– Ana bramacorah cacah 5 padha ngum­pul ing omahe salah siji saka ing an­tarane wong lima iku. Rundhingan bab olehe arep ngrampog ing omahe juragan mbako. Ora kenyana-nyana yen mantune wong sing duwe omah uga ngrungokake rundhingan iku. Nalika bengi klompok bra­macorah mau arep mangkat, clurit, sen­ja­ta lan senjata tajem liyane wis dicepakake, mantu mau kanthi alus nyegah tumindake ngrampog iku. Ora kakehan omong, mantu mau dipulasara nganti semaput, banjur ditumpakake mobil sing arep dienggo ngrampog, lan ing dalan setengahe alas sing sepi, banjur diglundhungake jurang jero, dadi lan tiwase. Tumindak mateni wong sing ajak2 marang kabecikan meng­kene iki dening Gusti Allah diancam Neraka Jahanam, lan sakabehe tumindak kabecik­ane wong2 iku ora oleh pahala babarpisan ing donya saiki lan ing akhirat besuk.

b. "Satuhune wong2 kafir lan nga­lang-alangi (manungsa) saka DalanE Allah (yaiku Islam) sarta mungsuhi Rasul sawise pituduh iku gamblang tum­rap dheweke, dheweke iku ora bisa menehi mudharat marang Allah sethithik-sethi­thika, lan Allah bakal ngilangi (pahalane) amal2-e (47 : 32 )."

Katerangan :

Ngalang-alangi saka dalanE Allah iku contone, mengkene :

Ora perlu kowe melu2 sinau ngaji. Ora perlu anut grubyug sinau shalat. Al Qur’an iku kabudayane wong Arab lan ora cocog kanggo wong Jawa. Wong Jawa kok sholat ; iku kena diarani mblenggu awake dhewe. Ngiket dhirine kanggo dhingklak-dhingkluk sedina kaping lima. Wong Jawa iku cukup ngleluri buduyane leluhur, yaiku laku priha­tin, tapa ing rame, tapa ing sepi, lan seme­di. Nyatane para leluhur kabeh klebu wong2 sing becik bebudene, kajen keri­ngan ing bebrayan lan senajan ora sugih banget, nanging semulur rejekine.

Wong sing duwe gegebengan ngene iki ora ngerti yen tumindak ngono iku bakal ana akibate kang ngrugekake dhirine dhe­we ing dina akhirat.

c. "Lan wong2 kafir, kacilakan kanggo dheweke, 1an Allah nyasarake amal-amale.Iku disebabake dheweke padhaora seeng karo apa sing diparingake Allah (yaiku Al Qur’an) lan Allah banjur ngilangi (pahalane) amal-ama1e (47:8-9)."

"Wong2 sing kafir marang: Pange­rane (Allah), amal-amale bakal dadi awu diterjang angin gedhe ing sawijine dina sing angine banter. Dheweke ora bisa njupuk manfaat sethithika wae saka apa sing wis padha ditindakake. Kaya ngono iku sasar sing adoh. (14: 18)."

Keterangan:

Ing bebrayan apa pancen ana wong sing kafir (ora pracaya) bab anane Allah Kang Yasa alam sawegung? Ana! Ing antarane wong2 iku ana sing klebu ing go­longane NIHILIS (nihil = kosong saka agama), FREE THINKER (pemikir bebas tanpa agama), PANLOGISME (sakabehe wae kudu dibalekake menyang nalar = lo­gika = logos), RASIONALISME (Yen ne­moni apa wae kudu digatekake, digoleki dhasar2-e sarana pamikir kang sistematis lan sabanjure yen nindakake apa2 kudu nganggo dhasar iku ; ora kena mung pra­caya ngono wae), SEKULERISME (asale saka tembung saecularia = barang2 ka­donyan dadi sekularisme iku paham sing matesi pamikir lan wawasan mung ing lingkup duniawi ; ora mbutuhake tembus ing kepentingane urip akhirat), MATERI­ALISME (sing dadi pemikiran cukup mung sing asipat materi ; ora perlu mikir sing ghaib, ora perlu mikir bab Allah lan agama), ugaHUMANISME (wawasan peri kema­nusiaan sing tanpa disangkutake karo aga­ma ; dadi wawasane ora tembus karo iman). Wong2 ngono iku ngemohi sebagi­an utawa sawutuhe Al Qur’an lan narik garis pemisah sing tegas antarane negara lan agama, antarane bisnis lan agama. 




Kamis, 11 Desember 2014

Laku Srawung lan Laku Nyepi ing Jaman Modern

Laku lelorone aja dipertentangake.

Ing bebrayan ana wae wong-wong sing duwe penganggep yen laku nyepi iku “gawe-gawe” (mengada-ada) lan “ngluwihi wates”. Miturut wong-wong mau, luwih becik nindak­ake laku srawung wae, supaya bisa asung bekti kang sanyata marang sesame. Supaya bisa nindakake laku-laku kang sifate jamaah.

Penganggep mengkene iki, kena diarani “mempertentangkan” antarane laku sra­wung karo laku nyepi.

Mangka sejatine, laku srawung lan laku nyepi mau duwe fungsi dhewe-dhewe. Fungsine nyepi kanggo golek sangu; Dene fungsine srawung minangka cara kanggo nanjakake sangu iku.

Wong sing saben dina kejibah srawung terus-terusan, apa maneh yen srawung sing terus-terusan mau duwe sifat menehi pim­pinan, suwe-suwe mesthi kentekan sangu kang wujud ilmu lan hikmah. Suwe-suwe bakal kentekan prabawa kang sifate ghaib. Suwe-suwe omongane bakal kurang mutune lan entheng bobote.

Mula kanggone wong-wong sing kejibah saben dinane menehi pimpinan marang wong akeh lan marang bebrayan, perlu nye­dhiakake wektu kang khusus kanggo nin­dakake laku ndhewe.

Persoalan rutin sing rumusan pemecah­ane dianggep wis bener, amarga gelem nyepi, gelem maca buku-buku, lan amarga gelem nindakake pamikir kanthi jembar lan jero, ana kalane katon cetha klirune. Ing conto iki, nyepi kanthi acara maca buku-bu­ku sarta mikir persoalan-persoalan kanthi jembar lan jero, fungsine dadi “rethinking” utawa re-evaluasi.

Awak kesel amarga kakehan tamu, pi­kiran jibeg amarga kakehan persoalan, lan ati kang kudu muntab wae amarga rumang­sa kuwalahen, perlu diasokake. Ngaso awake, ngaso pikirane, lan ngaso atine. Cara kang becik kanggo nguculi bebandane pikiran, hawa nafsu lan setan, yaiku sarana nyepi, semedi. Pikiran lan akal digawe semeleh. Angen-angen lan engetan digawe semeleh. Panca driya lan hawa nafsu digawe semeleh. Bisane mengkene mesthi wae sarana latihan, saka sethithik, kanthi ajeg, lan kanthi sadhar. Ya ing kaanan kang sar­wa semeleh mengkene iki, ati ban­jur kaadhepake (kaarahake) marang ngarsaNe Gusti Allah mligi. Insya Allah, yen ikhlas tenan, bakal kaparingan APA WAE, saka welas asihe Panjenenganne ma­rang titahe. Minimal kaparingan ati kang tenang lan pikiran kang tumata.

Tumrap wong Islam, ana cara sederhana loro kang ora angel lakon-lakonane, sauger tumemen usahane:

1. Yen ngadhepi persoalan kang abot, utawa persoalan entheng kang terus-te­rusan, becike diunggahake ing ngarsane Gusti Allah; dikembalikan ke hariban Allah swt; kanthi nyuwun pituduh lan pimpinan saka Panjenengane.

2. Merlokake shalat 2 rakaat, banjur mu­najat, nyuwun pituduh lan pimpinan, pitulu­ngan lan pangayoman saka ngarsane.


Bebayane laku srawung

Laku srawung kanggone wong kang nindakake agama, ngandhut niyat karana Allah swt, mawa cara-cara miturut pituduhe ajaran taqwa lan sinartan nahan hawa nafsu, supaya ora katut ing panggodhane setan. Amar­ga olehe srawung mau katindakake kan­thi sadhar (bewust), mula ala becik, be­ner luput, tansah dikontrol dening pamikir kang landhep lan ati kang lantip.

Beda karo srawung kang “angger sra­wung” ngono wae. Kena diibaratake kaya dene wong kang mangan lan ngombe kang sarwa dhokoh; ngombe saka temune; ma­ngan saka pethuke. Resik kotor, halal-haram, ora dipaelu; pokoke kalegan ing ati, katekan sing dikarepake!

Ya amarga srawunge sinartan pemikir lan pangrasa mau, mula banjur bisa weruh bebaya-bebayane laku srawung. Bebayane laku srawung bisa uga dirasakake wohe ing donya kene; nanging bisa uga ana sing akibate diundhuh uga ing alam akhirat.

Ing antarane maneka warna bebaya mau, sing perlu dadi kawigaten kita, antara liya mengkene:

1. Ngrasani liyan

Ngrasani iku “lezaat”. Ngrasani iku “nik­mat”. Krasa abot yen arep nguwisi. Krasa alot yen arep medhot. Dosane ngrasani ri­nasa kadidene segara madu. Amarga di­ombyongi setan, sing satengu dadi sagajah, sing wantah malih dadi fitnah.

2. Pamer lan umuk

Yen ngrasani liyan iku sing katon “alane kana”, dene pamer lan umuk iku sing katon “apike kene”. Supaya tetandhingane katon luwih hebat, alane kana digedhekake, apike kene uga digedhekake. Dhalange si iblis.

3. Ketularan lan nularake pakulinan ala

Pakulinan ala luwih gampang nulare ti­nimbang pakulinan becik. Tular tinularan pakulinan ala tanpa rinasa weruh-weruh wis dadi kabudayan. Mula banjur dianggep lumrah.

Daftar bebayane srawung isih bisa di­tam­bah akeh maneh. Nanging kanggo keper­luwane tulisan iki minangka conto, apa kang katur ing dhuwur mau tak kira wis cukup. Sing dadi pokok persoalan, ngadhepi pasra­wungan kang kaya mengkono gedhene bebayane, kita kudu kepriye? Wangsulane: kita wajib nibakake pamilih, apa srawung, apa ndhewe? Apa srawung, apa nyepi? 


***



Rabu, 10 Desember 2014

Wong Jawa ilang Jawane Iku Kepiye?

Pitakonan iku saiki luwih cetha dho­dhok selehe. Sebabe : yen wong mau wis ora duwe kabudayan kang cundhuk karo agamane lan ora duwe cita-cita kang sa­laras karo kabudayan lan agamane mau, yaiku wong sing ilang Jawane.

Kabudayan kok digandheng-gan­dheng­ake karo agama iku karepe kepriye? Kabudayane wong Jawa duk ing nguni, nalika umume padha nggilut agama Hin­dhu, kabudayane wong Jawa ya kabu­dayan sing kajiwan lan kawangun dening alam fikirane wong-wong Hindhu mau. Se­mono uga nalika tanah Jawa dileboni aga­ma Budha, kabudayane oleh pengaruh lan owah-owahan saka alam fikirane wong-wong Budha. Ora aneh yen malahan ana ka­budayan sing campuran antarane pe­nga­ruh agama leloro mau. Zaman Islam anga-Jawa, alam pikiran wong-wong Islam uga banjur ngowahi kabudayan sing wis ana iku. Malah ing zaman SAIKI, alam fikirane wong-wong Eropa lan Amerika sing ILMIAH lan TEHNOLOGIS, uga mene­hi pengaruh lan owah-owahan ing kabu­dayane wong Jawa.

Cetha menawa AGAMA, ILMU LAN TEH­NOLOGI kang ngisi alam fikirane (lan alam atine) wong Jawa, terus terusan olehe menehi pengaruh lan gawe owah-owahan marang SIFAT JAWA-ne wong Jawa.

Kesimpulane : sejatine sing diarani KE­JAWEN iku alam pikiran lan alam atine wong Jawa sing ngolah gagasan-gagasan lan pengalaman2budidaya kang asale saka agamane, ilmune lan tehnologine.

Mula yen kita ngrembug bab KEJA­WEN, tansah perlu kita gandhengake karo ZAMAN KELAKONE LAN PAPANE. Kejawen ing Surakarta zamane Ingkang Sinuwun Pa­ku Buwana X iku kejawen sing feodalis­tis lan mistis. Kejawen NALIKA IKU ing tla­­tah pesantren Gontor ora feodalistis lan ora mistis, nanging sifate Islam. NALIKA IKU UGA Kejawen ing tlatahe bebrayan sa­min (Randublatung) ora feodalistis, ora mistis lan ora Islam, nanging (yen ora kli­ru) sifate Budha. Dadi KLIRU yen ana sing nganggep yen sing diarani Kejawen iku Ke­jawen type bebrayane krabate suwargi Paku Buwana X THOK upamane! Tanah lan suku Jawa dudu mung ing dhaerah Ka­su­­nanan, Mangkunegaran, Pakualaman lan sapiturute. 


Ngudhari kang ruwet-ruwet bab :

WASHILAH

Atur pambuka

Kapracayan bab washilah iku risikone gedhe. Risiko bab tauhide. Rehne bab wa­shilah iku PENTING, mula ana becike yen kita bacutake rembug iku, kanthi niat: muga-muga kanthi pitulunganne Gusti Allah, kang ruwet-ruwet dadi udhar, kang peteng-peteng dadi padhang, kang rangu-rangu dadi plong.

Asale tembung

Yen ora kliru, asale tembung washilah iku saka WASHOLA, kang duwe teges : sam­pai. Yang menyampaikan kepada ke­berhasilan, sing dadi dalan, sebab utawa lelantaran nganti bisa sukses, wong sing dadi LELANTARAN utawa PARANTARA dia­rani WAASHILUN. Wong sing njaluk tulung marang PARANTARA mau diarani WASHII­LUN. Sing siji aa dawa, sijine ii dawa. Apa sing katindakake dening PARANTARA mau ditembungake WASHILAH. Dene apa sing ditindakake wong marang PARANTARA mau diarani TAWASHSHUL (tawassul).

Yen panemu kang katur iki mau ana klirune, para maos kang ahli basa Arab tak suwun kersa mbenerake.

Potensine parantara

Wong-wong sing padha njaluk tulung utawa nggunakake parantara, ana sing nganggep (= pracaya yen) parantara mau DUWE DAYA KANG SIFATE OTONOM. Olehe duwe penganggep mengkene iki di dhasarake saka bukti-bukti, EMBUH KE­PRI­YE EGUH PRATIKELE, AKEH-AKEHE YEN DIJALUKI TULUNG UTAWA DIGU­NAK­AKE KOK BISA KASIL, SUKSES UTAWA JODHO!! Malah keladuke banjur duwe pa­nemu yen prasasat kena dijibake ! Tem­bunge: “Wis ta, njaluka tulung mbah Dong­so, mengko rak waras.” Utawa : “Gu­nakna iki, mengko rak beres.”

Kejaba parantara sing otonom meng­kene iki, ana maneh perantara sing mung begja-begjan. Bisa uga parantara mau bisa MBANTU nganti sing dikarepake bisa kasil; nanging bisa uga ora sukses.

PEPRINCENE parantara otonom.

Parantara otonom pokoke ana rong jinis, yaiku : 1. Parantara sing sifate ka­sunyatan utawa rasional. Lan 2. Paran­tara kang sifate ghaib utawa mistik. Conto­ne mengkene :

Parantara sing rasional :

Akeh wae wong sing ngejibake yen nggu­nakake utawa njaluk tulung marang apa kang kasebut ing ngisor iki, mesthi bakal kasil.

1. Wujud modhal (dhuwit utawa barang)

2. Wujud instansi, badan usaha utawa organisasi

3. Wujud panguwasa utawa kekuwatan

4. Wujud kenalan utawa sanak kadang.

5. Wujud ilmu, katrampilan utawa kabisan Wong-wong sing padha ngejibake meng­kene iki padha lali utawa ora weruh yen kasile mau amarga ana faktor “ndila­lah ora ana gangguwan”, utawa “ndilalah kok gangsar” lan sapiturute. Kaya ora se­thithik ing bebrayan anane “wong sing kakehan polah”, sing ngijibake mesthi ba­kal slamet, amarga kejaba kanggonan dhu­wit, uga duwe backing panguwasa utawa kekuwatan. Saiba akehe wong sing olehe nindakake pagawean kanthi keya­kinan mesthi bakal sukses, amarga ing ka­na duwe kenalan becik, ing kene duwe sa­nak, ing kono duwe “tilas anak buah”. Tumrape wong-wong sing jembar penga­laman lan wawasane, ora wani nganggo sikep ngejibake mengkono iku, jalaran ora sethithik kedadeyan nyata sing katone la­hiriyah wis mathing-mathing (kena dijib­ake), nanging nyatane ora bisa kasil. Sing dadi sebab ora kasile mau ana sing kena dinalar, nanging uga ana wae sing ora bisa dinalar. Tumrape wong sing kuwat imane, enggal wae sadhar yen kabeh-kabeh mau sejatine klakon utawa ora klakon, sing maha peparing iku Gusti Allah.

Perantara sing mistik :

Ana wae wong-wong sing padha nge­jibake, yen njaluk tulung utawa nggunak­ake lelantaran kang kasebut ing ngisor iki, kena dipasthekake bakal kasil :

1. Wujud kuburan kramat utawa kuburane leluhur

2. Wujud patilasan kuna

3. Wujud papan panembah (mesjid, greja, sanggar pamujan lsp)

4. Wujud pusaka, jimat, sarat, rajah lsp

5. Wujud kewan (perkutut, jaran lsp), barang (akik lsp), wong (bojo sing bagiane awake metu saunare lsp); arah (arah mengalor, mengidul lsp), wektu (sangat, dina, pasaran lsp), lan liya-liyane.

6. Wujud titah alus (jin, setan, ruhe manungsa lsp),

Prantara otonom sing mistik ngene iki kok dianggep otonom iku, cathane ke­priye?

Cethane mengkene : Parantara mau dianggap duwe daya. Daya iki metu sa­ka dhirine, ibarat kaya dene batu batterij sing duwe stroom dhewe. Utawa accu sing uga mengkono. Utawa kaya mesin oto­mat; sapa sing bisa nggunakake, ya bakal diladeni mesin otomat mau kanthi becik; dene sing ora bisa nggunakake, ya ora kena nulak ing bab kemampuane mesin iku!

Peprincene perantara sing begja-begjan

Parantara sing sifate mung begja-begjan iki upamane wae :

1. Kanca utawa famili sing dianggep luwih tuwa, lan banjur dijaluki pangestu

2. Jamaah shalat sing dijaluki tulung kang go shalat ghaib upamane; utawa shalat nyuwun udan. 


***




http://www.panjebarsemangat.co.id/wong-jawa-ilang-jawane-iku-kepriye

Selasa, 09 Desember 2014

Generasi sing Nglirwakake Sholat lan padha nuruti Hawa Nepsu

Ing kalangane para ulama akeh sing padha suka syukur lan optimis dene generasi mudha jaman saiki padha kanthi ati suka lan rila nindakake rukun Islam, antara liya shalat, luwih-luwih shalat jum’at, kena diarani 60-80% isine mesjid nalika shalat Jum’at mau dumadi saka generasi mudha! Suka syukur lan opti­misme mau BENER, nanging penulis isih merlokake asung PEMUT : dipadha waspada marang godhane setan lan hawa nafsu, jalaran setan kepengin banget nyasarake kaum mudha mau, supaya ca­cahe wong sasar saya tambah!

Generasi mudha perlu mangerteni bab bebayane nglirwakake shalat, lan nuruti hawa nafsu. Sabda dhawuhe Gusti Allah marang Nabi Muhammad saw mengkene: “Ananging sapungkure dheweke (para nabi), (generasi mudha) panggantine padha anglirwakake shalat (menyia-yiakan shalat), lan nuruti hawa nafsu (pe­penginan ala), mula bakal padha nemahi sasar. Kejaba wong-wong sing padha tobat, pracaya lan tumindak utama. Dhe­weke bakal padha mlebu ing swarga lan ora bakal dianiaya sathithik-thika!” (Surat Maryam 19:59-60).

Sasar ! Sawijine tembung kang ARANG BANGET dienggo ing pasrawu­ngan; senajan semono akehe wong kang sasar ; semono akehe pemudha pemudhi kang sasar; senajan semono akehe papan maksiat sing nyasarake; senajan semono akehe wacan, tontonan, rembungan, tu­ladha, lan tumindak kang sasar!

Ing negara kita kang adhedhasar PANCASILA, apik ala, bener luput, wis genah kejaba diukur nganggo nalar, uga diukur nganggo ati; kejaba diukur ngang­go norma hukum positif, uga diukur nganggo norma agama. Pemerintah tiru-tiru carane bangsa-bangsa maju ing jagad, kanthi masang TANDHA-TANDHA LARANGAN LAN TANDHA-TANDHA PA­KON (suruhan) ing dalan-dalan. Maksude kanggo njaga keslametane bebrayan. Nanging emane dene dhasar pangeman lan tresna marang bangsa mau kok mung kandheg tekan semono! Saupama pe­merintah pusat, dhaerah utawa desa gelem gawe inisiatif masang plank tan­dha bebaya ing saubenge papan-papan maksiat, saiba becike. Upamane wae mengkene:

Sing saiki wis masang plank larangan, lagi ABRI. Apa conto lan tuladha sing dipraktekake ABRI iki ora luwih becik yen ditiru Pamong Praja lan Pamong Desa? Ditiru dening Jawatan Penerangan Aga­ma? Diconto dening Jawatan Penera­ngan? Diconto dening Jawatan Sosial? Diconto dening jawatan2 lan dinas2, kanthi sponsor saka perusahaan2?

Gusti Allah paring dhawuh kurang luwih wose supaya kita padha gelem elik-elik, ngelingake, (memberi peringatan). Pemut mau tumrape wong kang duwe iman, luwih-luwih kanggone wong kang taqwa, bakal nyegah dheweke saka sasar, lan nggugah atine supaya: bali mlaku ing dalan kang bener. Pemut mau uga ana maksude tumrap wong sing padha ora duwe iman. Maksude: yen ing pengadilan donya lan ing pengadilan akhirat dheweke ditakoni, apa ora dielikake, dheweke ora bisa selak; wangsulane: “kula sampun dipun emutaken. Kula sumerep pan­cen wonten plank ingkang isi pe­mut. “Lha kok ora mundur? “Kula nu­ruti bisikanipun setan lan nuruti pi­kajengipun hawa nafsu!” Wong-wong kang sasar mau ora bisa gawe-gawe, upa­mane matur: “Kula mboten ma­nger­tos yen punika lepat!”

Yen para panggedhene praja Rep. Indonesia, ya sing ing pusat, ya sing ing daerah, padha kagungan KEMAUAN (karep) kanggo MUJUDAKE PANCASILA sing tenanan, mesthine “TIDAK ADA KOMPROMI DENGAN IBLIS DAN SETAN!” Sebab iblis lan setan padha tansah NIN­DAKAKE SUBVERSI marang pelaksanaane Pancasila mau. Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine pembangkit keka­cauan ing babagan SARA (Suku, Agama, Ras, Antar Golongan). Subversine setan lan iblis ngungkuli subversine liberalisme, kapitalisme, imperialisme, komunisme, anar­kisme, vandalisme lan sapiturute. Mu­la sakehe LAWANGE SETAN lan sakehe PAPAN KASUKAN SING DIRUBUNG IBLIS, luwih becik ditutup, supaya ora ndadek­ake POLUSI tumrap swasana pembangu­nan ruhani lan jasmani ing bebrayan PANCASILA mau.

Apa sebabe ?

Polusi ora mung nyilakakake wong-wong sing dudu Pancasilais, sing ora duwe iman, sing ora taqwa thok! Polusi mau uga nyilakani tumrap para generasi mudha sing saiki padha sregep shalat. Polusi mau ngracuni generasi mudha!

Mula kita yen meruhi taqwane gene­rasi mudha, ora cukup mung suka syukur lan optimis, nanging perlu waspada ma­rang sakehe bebaya, lan aja wigah-wigih ASUNG PEMUT ! Insya Allah kaparingan slamet! 



***



Senin, 08 Desember 2014

Sedulur Papat Kalima Pancer

Putra: Ing bebrayan Jawi duk ing uni, wonten kapitadosan bab sedulur papat kelima pancer. Punika sejatosipun ka­dos­pundi Rama?

Rama : Kapracayan iku ing negara Landa, Jepang, Arab apadene Cina, ora ana.Kapra­cayan iku ing Aceh, Bengkulu, Kalimantan, Sulawesi lan Timor uga ora ana. Anane mung ing bebrayan Jawa. Kuwi wae mung ing Jawa Tengah. Asal usule kepriye, ora ana dongenge. Ora ana critane, lan ora ana sejarahe. Rembug bab sedulur papat kelima pancer mung winates ing wasiate para sepuh supaya duwe kajat, sedulur papat kelima pancer iku disebut. Maksude su­paya dipepetri, amrih gelema mbantu yen ana gawe parigawe. Sukur yen bisa, saben arep mapan turu, arep angkat nyambutgawe, arep lelungan lan sapiturute, supaya sedulur papat kelima pancer iku dijaluki bantuwa­ne njaga keslametan kita. Kabeh iku mak­sude apik, yaiku golek keslametan lair ba­tin.

Putra: Kok lajeng nyebat mekaten puni­ka, punapa sebabipun?

Rama : Kaya sing wistak terangake, ora ana keterangan sing luwih jembar katimbang wasiat iku. Wasiat tanpa komentar. Mula anane mung tafsir utawa pangira-ira sejatine iku apa.

Putra: Manawi kepareng mbok inggih kula kaparingana keterangan.

Rama : Tafsir nomer siji :

Sedulur papat iku ora liya malaikat loro sing tansah mbarengi manungsa perlu nya­thet sikep lan tingkah lakune. Sing loro maneh malaikat sing ngemongi lan menehi pepeling yen pancen perlu. Malaikat-malaikat iku gi­lir gumanti nindakake tugas. Dadi ora malaikat menetap. Mula tuhu ora bener yen ana tembung “malaikate dhewe-dhewe”. Malaikat iku petugas. Petugas gaib saka krajanE Gusti Allah. Dudu bagiane dhirine manungsa. Dudu dayane manungsa.

Tafsir nomer loro :

Sedulur papat iku pancen wujud titah gaib sing padha bebarengan njaga keslametane manungsa. Titah iku ora cetha kepriye wu­jude. Padha pasip yen manungsane pasip, ora gelem memetri dheweke. Mula ing kalo­dhangan apa wae sabisa-bisa kudu tansah dielingi anane lan hadlire, sukur2 disebut lan dijaluki pangreksane.

Putra: Punapa Rama nate mraktekaken wasiatipun para leluhur punika? Lajeng ha­silipun kadospundi?

Rama : Nalika jaman nomku pancen aku sering nyebut ngono iku. Nanging rehning antarane nyebut lan ora anyebut tak titeni kok ora ana bedane, teges tetep kaparingana slamet, mula akhire aku ya ora nyebut-nyebut maneh. Aku dadi saya ora duwe semangat maneh nyebut ngono iku, bareng aku maca Serat Sasangka Jati, isine dudu sedulur papat kelima pancer, nanging sedulur pitu, kang lair bareng sedina. Dumadi saka :
  1. Lauaman
  2. Amarah
  3. Supiyah
  4. Mutmainah
  5. Pangaribawa
  6. Prabawa lan
  7. Kemayan
Nomer 1 nganti 4 arane nafsu. Basane Arab. Asale saka Islam. Dadi cetha yen dudu wasiate leluhur kaya singwis kita rem­bug mau, yaiku sedulur papat kelima pancer. Mula kena diarani wulangan anyar utawa kapracayan anyar.

Putra: Lajeng ingkang tiga kados pundi?

Rama : Pangaribawa kang asale saka getihe ibu kang tumuju marang pusere bayi, aluse ing angen2. Prabawa makarti nalika ibu­ne bayi ngeden utawa uwat, aluse Prabawa nunggal ana angen2. Kemayan kang wujud jantung, aluse nunggal dadi angen2. Panga­ribawa, prabawa lan kemayan iku sejatine ayang-ayangane Tripurusa ya ingsune ma­nungsa kang minangka akune manungsa.

Putra : Kula dados mboten saged ma­hami sedaya punika.

Rama : Ora nggumunake. Jalaran aku dhewe uga ora bisa mahami. Kira-kira wae kabeh sing diadharake iku sipate gaib, lan yen kepengin weruh kasunyatane, ya kudu nama pemahaman mawa cara gaib. La sing mengkono iku aku rumangsa ora kuwagang.

Putra: Babagan gaib punika punapa mes­thi kedah kepahamane sarana margi gaib? Kinten kula mboten sedaya babagan gaib ke­dah mekaten. Ingkang mutlak kedah medal margi gaib pancen wonten, kados ta ma­hami bab Gusti Allah, bab malaikat lan sapanunggilanipun. Purun mboten pu­run kedah medal jalur wahyu, inggih punika mahami lelantaran wahyu2 ing Al Qur’an lan Hadits. Nanging gaib ingkang kalebat entheng, rak saged kaudi mawi margi anes. Bab sedherek sekawan kalima pancer, punika saged dipuncobi dipunpahami mawi nalar katambahan mawi semedi.

Rama : Kepriye yen miturut nalarmu?

Putra : Kula matur bab sedulur pitu ke­mawon. Ingkang sekawan cetha punika hawa nafsu. Mangka hawa nafsu pranyata mboten namung sekawan, nanging kalih welas. Ing ngriki sampun ketingal bab kirang jang­keping data tumraping paraga ingkang yasa rumus sedulur papat ingkang wujud nafsu punika. Ingkang tiga, asal saking ajaran Tri­purusa. Bab Tripurusa ingkang ngandhut unsur Nur Muhammad, cetha yen punika klebet titah, ingkang ateges sedaya ingkang manjing ing angen2 punika titah, sanes ingkang sagedipun nguwaosi lan mra­nata hawa nafsu, alam pikiran lan alam manah.

Rama : kena wae kowe duwe panemu kaya mengkono. Nanging kang mengkono iku aja kok anggep wis final.

Putra : Maksudipun Rama kadospundi?

Rama : Kita minangka titah sing ora sam­purna, aja nganti duwe panemu yen wohing penalaran kita iku wisbener 100%. Jalaran bener miturut nalar, durung mesthi be­ner miturut Gusti Kang akarya Jagad. Mula luwih wicaksana yen kita tansah am­buka dhiri kanggo nampa panemu­ning liyan yen panemuning liyan iku pan­cen luwih nyedhaki marang be­bener.

Putra: kasinggihan Rama.

Rama : Ana wewarah mengkene : Se­dulur papat iku NYAWIJI ing batiniyahe ma­nungsa. Aktivitase sedulur papat iku ngen­dhaleni, nguwasani nafsu papat supaya harmonis. Diri bebarengan sedulur papat manembah marang Gusti Allah, utawa mature lelantaran Sari UtusanE. Ziarah ing makam2-e para luhur tujuwane : sabisa-bisa supaya kalaksanan wawan sabda karo sing wis sumare iku mawa cara konumikasi batin, lelantaran sedulur papat sing kanthi setya tansah nyartani diri. Mula saka kuwi perlu ikhtiar nganti bisa nemokake Gusti Allah, utawa nemokake Nur saka Sari UtusanE. Kanthi latihan terus2-an bakal kla­kon nampa Nur-E Gusti Allah. Laku ziarah mengkono iki gunane uga kanggo nglantip­ake batin sarana rasa. Iki kabeh klebu ilmu gaib. Weruh ilmu gaib ateges sawijining tandha yen wis cedhak karo Gusti Allah. Kanggo mahami ilmu gaib, mbutuhake pe­nuntun. Penuntun peparinge Gusti Allah wujud sari pathine huruf ha, na, ca, ra, ka nganti ma, ga, ba, ta nga.

Putra : Kula kok dereng saged paham, Rama.

Rama : Iki wewarah Jawa. Pancen isih mbutuhake dipahami strukture, isine lan fung­sine. 


****



www.panjebarsemangat.co.id/sedulur-papat-kalima-pancer

Rabu, 03 Desember 2014

Waskitha Karana Taqwa | Purwaka


Kanthi asmane Gusti Allah Kang Maha Murah lan Maha Welas Asih.

Sedaya puji kagungane Gusti Allah, Rajaning alam sawegung.

Para maos ingkang minulya,

Sadurunge angaturake apa sing dadi wose buku iki, luwih dhisik penulis nyuwun pangaksama, dene kaduk wani nggunak­ake basa Jawa ngoko. Tumrap para maos sing nate ngalami jaman penjajahan, mes­thine kraos rada kaku, dene pasugatan sing ngrembug bab sing kegolong kawruh ka­sepuhan, kok ora migunakake basa krama. Wondene sebabe, generasi sawise jaman penjajahan akeh-akehe wis ora pati paham yen maos basa Jawa alus. Mangka ora se­thithik sing uga mbutuhake pangerten ba­bagan mau. Dadi amrih luwih jembar man­faate, penulis milih nggunakake basa Jawa ngoko. Mugi mboten kirang ing pamengku.

Para maos ingkang minulya,

Ing kalangane bebrayan Jawa, ora mung kaum tani dalah kaum dagang wae, nanging uga para pejabat, para karyawan, warga ABRI, malah iya kaum politik barang, akeh sing padha merlokake golek sesu­luh marang para sepuh sing dianggep uta­wa dipracaya ing KAWASKITHANE.

Apa sing dadi tujuwane?

Ana sing butuh bantuwan kanggo ngu­dhari reruwete, ana sing butuh pratikel kanggo nyegah tekane sambekala, ana sing butuh pituduh supaya lakune ora sa­sar, lan ana sing butuh tetimbangan supaya maksude sing dituju bisa digayuh kanthi slamet tanpa alangan sawiji apa.

Tumindak mengkono mau upama dilarang ya ora bisa, jalaran wis dadi sipat dhasare manungsa, kabeh-kabeh kepengin slamet, kepenak lan aja nganti ngalami re­kasa lan sengsara.

Para maos ingkang minulya,

Emane dene ana bab-bab sing umume padha dilirwakake, saora-orane bab-bab mau ora nganti dipikirake kanthi jembar, sing akibate bisa gawe karugen, bisa gawe karusakan, utawa kadosan. Bab apa wae? Yaiku: Sumber asale kawas­kithan mau saka endi, saka sapa lan tinampane wisik mawa proses sing kepriye?

Kejaba iku, para sedulur sing golek se­suluh saka kawaskithan mau, olehe mbu­ru keslametan, ora mesthi kanthi mlaku ing dalan kang slamet, yaiku: da­lan ketaqwaan.

Banjur kepriye?

Olehe golek sesuluh kena diibaratake kayadene wong sing tuku batterij (sen­tolop), sing ing kalangane para pengusaha lan dinas-dinas, ibarate kaya tuku jasa konsultasi. Sing dhuwite cukup, nganggep SESULUH KAWASKITHAN iku jasa kon­sultasi ghaib sing pantese ya kudu diregani miturut bobot jasane!

Para maos kang minulya,

Sikep mengkene iki kliru banget. Wong sing tumindake mengkene iki umume amar­ga saka budine sing banget mate­rialistise. Atine peteng, ora oleh NUR saka ngarsane Gusti Allah, jalaran ditutupi de­ning kawigatene marang kadonyan.

Para maos kang minulya,

Beda maneh karo wong sing duwe dhasar budi utama, apa maneh sing kulina nindakake ketaqwaan ing ngarsane Gusti Allah.

Ing atine senajan sethithik, ana krenteg kepengin kaya paraga sepuh sing disuwuni sesuluh. Kepengin niru lakune. Kepengin bisa dadi pangayomane kulawarga dalah bebrayan. Yaiku dadi pangayoman sing bisa gawe tentreme wong sing lagi goreh utawa bingung, bisa gawe padhange atine wong sing lagi kepetengan, bisa tetulung marang pepadha, samurwat karo apa sing ka­pa­ringake dening Gusti Allah.

Apa bisa?

Para maos kang minulya,

Kawaskithan iku DUDU asile pa­ngudi, nanging peparing sing tekane mawa sebab-sebab. Salah sijine se­bab yaiku LAKU TAQWA.

Dadi menawa ing antara kita ana sing kagungan krenteg kepengin oleh nugraha iku, dalane sing bener ya mung laku taqwa kaya sing wis dituladhani dening para andika Nabi lan Rasul Allah.

Para maos kang minulya,

Laku taqwa tumrap para sing angudi sucining dhiri lair lan batin, pokoke perlu proses:

LAKU WIWITAN : yaiku reresik dhiri.

LAKU BACUTE : yaiku mangun ke­taqwaan.

Mula buku sing ana asta panjenengan iki, sawise Purwaka lan andharan bab : 1. Apa sebabe kok ana wong sing weruh sadurunge kedadian? lan 2. Apa kuncine nyinau kebatinan Islam, para maos bakal lumebu ing persoalan:

1. Watak-watak lan laku-laku ne­gatif apa wae sing perlu kita resikake saka dhiri kita?

2. Laku apa wae sing perlu kita tindakake kanggo mangun ketaq­waan ing pribadi kita?

Ngelingi jinisi (type) kalangane para maos, penulis sengaja ngaturi pasugatan kang mardi marang subure jiwa agama (taqwa) lan jiwa sosial tumuju marang maujude kapribaden kang prawira lan kasucekake. Insya Allah yen apa kang kaaturake padha kersa ngagem, kita bakal padha klebu ing golongane titah kang beg­ja lan rahayu, ing donya lan akhirat.

Ing wasana bilih para maos mrangguli bab-bab kang kurang bener, tak suwun kersaa mbenerake. Yen ana keladuke atur, nyuwun pangapura lan matur nuwun dene panjenengan sami kersa paring kawigaten marang pasugatan iki.



Nuwun.