Tampilkan postingan dengan label CERITA WAYANG. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERITA WAYANG. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 20 Desember 2014

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa


Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.

Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku.

Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.

Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina.

Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.

Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.

Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.

***

Ature: Waluja Djati

JB 47/LX, 23-29 Juli 2006



Kamis, 18 Desember 2014

Dewi Ambika


Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima, nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabata.

Prabu Darmamuka darbe putra telu, yaiku: Dewi Ambika, Ambiki, lan Ambahini (uga sok disebut Amba, Ambika, lan Ambalika). Giyantipura nagara makmur merga ratune adil. Anggone jumeneng nata diembani Patih Trimuka. Senapatine raseksa kembar Wahmuka lan Arimuka.

Ngancik diwasa, putri nata tetelune mekar dadi wanodya sulistya, ndadekake akeh satriya lan raja mudha saka mancanagara padha kepencut kepengin nglamar minangka garwa. Sang prabu bingung nemtokake endi kang kudu ditampa. Atas ature patih, Sang Prabu nuli adeg sayembara. Minangka jago, Wahmuka lan Arimuka. Sapa kang bisa ngasorake wenang mboyong putri tetelune.

Akeh satriya lan raja padha ngleboni sayembara kuwi. Nanging siji baka siji nalika genti-genti munggah blabar kawat, ora ana kang kuwawa nandhingi Wahmuka lan Arimuka. Senapati raseksa loro kuwi kaya ora tau bisa mati. Saben salah siji mati, kuwandane dilumpati sedulure, bali urip maneh. Wekasane kang mupu sayembara padha mulih tanpa asil.

Sayembara iku uga kapireng Prabu Sentanu, nata Astina. Sang nata kagungan putra telu, Dewabrata, Citragada, lan Citrasena. Tetelune wis diwasa, ning durung palakrama. Sang nata ngutus Dewabrata kang pambayun supaya ngleboni sayembara.

Nadyan abot nindakake dhawuhe kang rama, Dewabrata matur sendika. Satriya bagus iki sejatine wis sumpah nedya wadat, ora palakrama selawase, merga ora kepengin gumanti nata. Lakune Dewabrata menyang Giyantipura kadherekake panakawan catur.

Cekake crita, Dewabrata wis teka ing Giyantipura, banjur munggah blabar kawat nandhingi Wahmuka lan Harimuka. Nganti sawatara suwene anggone padha perang tandhing, ning ora ana kang kalah. Senapati buta loro iku saben salah sijine tiwas, kuwandane dilangkahi sedulur kembarane, jegegah bali urip maneh..

Mangkono wola-wali nganti Dewabrata kekeselen. Banjur takon marang Semar, apa wewadine mungsuhe kuwi. Semar ngulungake kunir-enjet lan matur supaya diolesake ing pucuk kerise Dewabrata. Keris diolesi kunir-enjet, Dewabrata bali maju maneh. Lan aneh, nalika Wahmuka kesuduk, sanalika sirna malih dadi kawah. Dene Arimuka malih dadi ari-ari. Jebule buta loro kuwi panjalmane kawah lan ari-arine putri nata Giyantipura.

Prabu Darmamuka resmi maringake putri tetelune marang Dewabrata. Dewi Ambika digarwa Dewabrata, Dewi Ambiki digarwa Citrasena, lan Dewi Ambahini digarwa Citragada. Kanggo sauntara, Dewabrata lan Dewi Ambika mapan ana kraton Giyantipura.

Dewi Ambika tresna banget marang Dewabrata. Yen turu, ora gelem adoh, njaluke tansah ditunggoni. Ning Dewabrata banjur eling marang prasetyane wadat. Mula, nalika Dewi Ambika lagi turu kepati, kanthi sesidheman metu saka kraton nedya bali menyang Astina. Ning, lagi tekan tapel watese kutha, ketututan Dewi Ambika. Sang dewi mbondheti nedya melu menyang ngendi wae. Dewabrata panggah ora gelem dieloni. Malah ngunus keris kanggo meden-medeni. Lan tanpa disengaja, keris ngenani Dewi Ambika temenan, ndadekake patine.

Sasedane Dewi Ambika, ana swara ngumandhang ing langit ngandharake, besuk Dewabrata bakal nemahi pati ing tangane senapati wanita ing perang Baratayuda. Bab iku tembene kedadeyan tenan. Dewabrata kang besuke dadi pandhita jejuluk Resi Bisma, nalika madeg senapatine Kurawa gugur lumawan Srikandhi.



Ature: Waluja Djati

JB 45/LX, Minggu II Juli 2006



Selasa, 02 Desember 2014

Karanta Atine Dewi Kunthi




Dewi Kunthi san karanta-ranta mikirke anak-anake. Sakwise Kresna mati, dheweke keweden mbayangke peperangan sing bakal kedadeyan.
“Kepriye aku bisa ngomong rasaning atiku marang peputraku? 'pikulana prahina!' becik kene ora usah njaluk bagiyane kerajaan lan adohi peperangan. Apa ya peputraku gelem narima pikiranku sing nentang marang tradisi ksatriya? Nanging kwalikane, apa sing diasilake teka pepatenan peperangan iku? lan kebungahan sing kaya piye, sing dikarepna sakwise bangsa iki rusak? Kepriye carane aku kudu ngadhepi kahanan iki?” bingunge olehe mikir dewi Kunthi.
Kabeh pitakonan njedhul lan raged manusat ing njroning atine Dewi Kunthi,
“Kepriye anak-anakku bisa ngalahake kanthi cara nggapukake saking jawata telung kekuwatane Bisma, Drona lan Karna? Senapati-senapati perang sing durung nganti bisa dikalahna”.
“Saka ksatriya telu iku, menawa mahaguru Drona ora bakal mateni anak-anakku, merga biyen muri-muride sing ditresnani. Yayi Bisma mesthi ora ngarah tega mateni Pandawa. Nanging, Karna yaiku musuh bebuyutane Pandawa. Dheweke kepengin banget nyenengake atine Duryodana, kanthi mateni peputraku (Pandawa)”.
“Karna pinter banget anggone ngolah senjata perange. Ing awang-awangku Karna perang  nglawan peputraku, karanta-ranta rasaning atiku. Yen kaya mengkono, wis wayahe aku nemuni Karna lan ngandhani sapa dheweke sejatine. Kekarepanku sakwise ngerti, dheweke gelem ninggalake Duryodana”.
 Mangka Dewi Kunthi banjur lunga methuki Karna. Tumuju ing pinggir kali Gangga, anggonane Karna semedi ing saben dinane. Njanur gunung pancen, Karna katon lagi semedi, ngadhep wetan, tangan lorone sendakep nyembah marang Sang Hyang Widdhi. Kanti sabar Dewi Kunthi ngenteni Karna rampung anggone semedi. Pancen khusyuk banget olehe semedi, nganti ora ngrasa yen clorote srengenge wis munggah tekan nduwur gegere.
Sakwise rampung anggone semedi, Karna ngadeg jegreg. Banjur weruh, jebul Dewi Kunthi wis ngenteni ana mburine, pas ana sak ngisore sorote surya. Dheweke enggal nyopot klambine kanggo nutupi sirahe Dewi Kunthi marang panase surya. Karna ngira kanjeng ratu Pandu iku wis suwe ngenteni. Dheweke rada bingung, apa tujuane marang tekane ibu Pandawa kuwi?
Banjur dheweke takon, “Putra Adirata, sais kereta, sembah padhuka, duh Ratu Kunthi. Menapa ingkang pikanthuk abdi kula maring panjenengan?
“Ngertenana, Karna. Sabenere Adirata kuwi dudu bapamu”, tuture Dewi Kunthi. Eluh san saya mrebes mili saka socane dewi Kunthi, ngempet rasa sedih marang pangucape. Dewi Kunthi banjur nerusake, “Aja nganti duweni pikiran yen awakmu keturunane sais kreta. Pancen, sliramu iku putra Bathara Surya, Dewa Srengenge. Awakmu lair teka kandungan Pritha, putri bangsawan sing dikepang asma Kunthi. Mugia awakmu pikantuk berkah keslametan lan kesejahteraan”.
Saking kagete keprungu omongane Dewi Kunthi, Karna banjur mendel, ora saguh ngomong apa-apa. 
Dewi Kunthi banjur nutukna omongane, “Sliramu dilairake jangkep karo senjata suci lan anting-anting emas. Amarga sliramu ora ngerti yen Pandawa iku sadulur sabiyungmu, sliramu dadi tangan tengene Duryodana lan nisthani Pandawa. Urip nggantungna awak marang welas asihe peputra Drastarasta iku ora patut kanggo awakmu.
Becik meluwa ana sajroning barisane Arjuna, ora liya ya sadulurmu dhewe. Mangka awakmu bakal bisa mrentah kerajaan ing jagad iki. Restune biyung kanggo awakmu lan Arjuna, mugiya bisa mbrantas kadurjanan, kaluputan lan tumindhake Drastarasta sing ora adil. Sajroning donya iki mesthi bakal ngormati awakmu lan Arjuna. Awakmu bakal disegani wong akeh, kayata Kresna lan Balarama”.
“Ing kahanan sing semrawut kaya saiki, wong kudu manut marang nasihate wong tuwa kang nrisnani. Amarga kuwi kewajiban utamane anak”. Dewi Kunthi negesna.
Nalika biyunge ngendika babagan kelairane, anehe pangrasa tukul ing njroning atine Karna. Dheweke ngrasa Bathara Surya mbenerake ucapane Dewi Kuthi. Nanging dheweke ngempet awak lan nganggep warta kuwi minangka pacobane Bathara Surya marang kesetiyaan lan keteguhan atine. Tekade ora ngetokna kelemahane, iku kanthi nguwatake atine sing atos, kanyata Karna bisa ngentas kekarepane yaiku ngutamakna kepetingane dhewe marang Pandawa. Kanggo males tresnane marang biyunge, dheweke banjur ngraketna  Pandawa.
Mangka kanthi karantane ati kelawan kateguhane, dheweke banjur matur,
“Biyung, biyung sampun mendhet sedaya hak kelairan kula dados ksatriya kanthi mbuwang kula, bayi ingkang taksih suci lan mboten nggadahi daya menapa-menapa wonten lepen. Kados pundhi tegelepun biyung? Lajeng menapa sakmenika panjenengan ngendika babagan tugas kula dados ksatriya? Minangka panjenengan piyambak mboten ngantos tresna kanthi tresnaning biyung marang kula, ngendhikanipun menika hakipun saben puta kang lair ing donya. Tiyang sepah kewan mawon mangertosi anggenipun mbucal anake, menapa panjenengan sampun nilar kula?”
“Menapa amargi panjenengan nguwatiraken sanget marang nasib putra-putranipun ingkang sanes, lajeng panjengan nyariyosaken sedayanipun dhumateng kula. Menapa sakmenika kula kedah nebihi marang kewajiban kula? artosipun kula badhe nglarani badan kula, langkung sara saking menapa ingkang dipuntindhakaken marang badan kula. Umpami sakmenika kula nggabung kalian Pandawa, menapa gesangipun kula ing donya mboten pikantuk ukuman minangka pengecut?”
“Laminipun kula dipun rawat dening putra-putranipun Drastarastra. Kula dipun percadosi minangka dados sekutu ingkang setya. Kula utang budhi marang tiyang sedaya,  bondo lan kehormatan ingkang kula gadahi menika kula angsal saking tiyang sedaya, nalika perang arep pecah, kula mbela Kurawa. Lajeng kekarepan panjenengan inggih menika supados kula ngelungke marang Kurawa, banjur nyebrang ing pihak pandawa. Biyung, menapa panjenengan nyuwun kula supados ngulungake uyah saking weteng kula?
“Putra-putranipun Drastrarastra nyawangake kula dados jaminan kemenangan ing ndalem peperangan ngenjang. Ginema, biyung. Menapa wonten ingkang langkung ina tiyang ingkang sampun nulung kita? Sumangga ngendhika, menapa wonten ingkang langkung ina tiyang ingkang mboten ngertos mbales budhi? Biyung ingkang kula tresnani, kula kedah mbayar utang kula, nadyan kalih nyawa kula. Yen ta mboten, kula menika umpaminipun namung garong ingkang gesang saking asil rampasan, ingkang laminipun ngantos kinten-kinten taun. Pancen kula badhe migunaaken sedaya kekuwatan kula kangem mbalelani putra-putranipun panjenengan ing ndalem perang sakmangke. Kula mboten badhe ngulungake panjenengan lan kula piyambak. Pangapunten kula, biyung”, kandhane Karna kanthi alus ananging tegas.
“Kados menika, kula mboten nate anyia-nyiaaken panyuwunan biyung. Amarga, antawis kula lan Arjuna. Piyambakipun utawi kula kedah pejah ing ndalem peperangan sakmangke. Biyung, kula janji mboten badhe mejahi putra-putranipun ingkang sanes, mboten amarga tumindhakipun marang awak kula. Duh biyungipun para ksatriya, putra panjenengan mboten bakal kalong, menika tetep jangkep gangsal. Salah satunggalipun saking kita, kula lan Arjuna, bakal tetep gesang ngantos rampungipun peperangan”.
Keprungu omongane Karna sing kaya mangkono neges atine Dewi Kunthi san saya nelangsa, atine lan pikirane polah ora bisa dilereni. Dheweke ora kwasa ngomong. Karna dirangkul dening biyunge kanthi tresna toja. Atine lelara mbayangake anak kekarone bakal tanding, paten-patenan. Atine karanta-ranta ndeleng keteguhane Karna ing ndalem nglakoni takdir uripe. Akhire dheweke lunga ninggalna anake Bathara Surya kuwi tanpa guneman maneh.
                                   *****