Sabtu, 29 November 2014

Tradisi Jawa Tengah

Acara Bende Becak Ing Desa Bonang
Bende becak menika kalebu salah satunggalipun acara taunan ing desa Bonang, kecamatan Lasem, kabupaten Rembang. Ingkang dipun ngengeti saben tanggal 10 Dzulhijjah utawi Besar. Bende becak menika uga kalebu tradisi taunan kagem nglestantukaken budaya jawa ing Indonesia.
Tradisi menika ndandosaken pangengetan marang lamapahipun Sunan Bonang ing dalem wahanipun nyebar agama Islam ing tanah jawa menika. Nalika lelabuhan wonten ing desa Kemuning utawi desa Bonang. Rikala menika, nalika penjenenganipun saweg ngasta marang murid-muridipun, wonten tiyang ingkang reng-rengan becak utawi gendingan ririh ing sakngandapipun podok menika. Rumaos kekanggu, Sunan Bonang sanalika uga banjur nyabda becak menika dados “Bende” (gong, ingkang ukuranipun luwih alit). Lajeng para warga sami mersani, banjur Sunan Bonang dawuh marang warga yen kedah nyucekaken utawi nyiram bende menika saben taun, uga tansah dipun jaga lan rawat bende menika. Ngantos sakmenika taksih dipun leksanakaken dening para warga khususipun desa Bonang.
Ing dalem ngleksanakaken tradisi menika kedah kanthi reruntutan acara, inggih menika :
  1. Kawiwitan kanthi pengajian. Para warga uga tiyang ingkang sami rawuh menika sesarengan ngaji utawi haul wonten ing papan panggenanipun bende menika. Ing inggilipun saking Pasujudanipun Sunan Bonang, tepatipun wonten ing pendopo Sunan Bonang.
  2. Dipun lajengaken kanthi acara  siraman. Bende menika dipun siram supados resik banjur dipun buntel kaliyan mori, ingkang jumlahipun pitung lembar. “Bende menika uga ndadosaken tetenger. Nalika ing desa Bonang badhe wonten musibah, Bende menika bakal muni (nyuwara) piyamabak tanpa wonten tiyang ingkang nabuh. Menika pancen tebih saking nalar, nanging menika kasunyatan. Maringi pratanda dumatengpara warga, supados siyap-siyaga marang kahananipun”. Menika tuturipun saking Mas’udah, salah satunggalipun warga desa Bonang. Rt.03, Rw.02.
  3. Lajeng acara dipun pungkasi, kaliyan bancakan utawa andum-rerebutan.
Para warga ingkang sampun rawuh, sedaya sami rerebutan. Toya ingkang dipun ginakaken nyiram Bende menika banjur dipun tadhongi, amarga piyambakipun mercados yen toya menika saged dipun ginakaken tombo, uga morinipun. Lajeng rerebutan ajang (wadah kagem dhahar), sundhuk sate, uga ketan kuning. Saderekipun percados yen sedaya menika bakal pikanthuk berkah. Nanging satemipun sedaya menika namung ndadosaken wasilah (perantara) kemawon. Lajeng panyuwunipun mboten kaliyan liyan, namung  marang Guti Kang Welas Asih inggih menika Allah SWT.



https://cbfmrembang.wordpress.com/2011/11/08/penjamasan-bende-becak-ritual-kebudayaan-masyarakat-bonang/